Laman

Rabu, 12 Februari 2014

Serat Wulang Dalem Wulang Dalêm P.B. IV, Angabèi IV digubah oleh Paku Buwono (PB) IV

WULANG DALÊM P.B. IV, ANGABÈI IV 

Serat Wulang Dalem Wulang Dalêm P.B. IV, Angabèi IV digubah oleh Paku Buwono (PB) IV

Serat Wulang Dalem Wulang Dalêm P.B. IV, Angabèi IV
digubah oleh Paku Buwono (PB) IV
Cerita tentang anjuran untuk berguru kepada orang yang benar-benar menguasai ilmu kesempurnaan, mengenai empat hal nafsu yang mendasar yakni amarah, aluamah, supiah, dan mutmainah yang digambarkan dengan warna: merah, hitam, kuning, dan putih.
Sri Susuhunan Pakubuwana IV (lahir di Surakarta, 2 September 1768 – meninggal di Surakarta, 2 Oktober 1820 pada umur 52 tahun) adalah raja ketiga Kasunanan Surakarta yang memerintah tahun 1788 – 1820. Ia dijuluki sebagai Sunan Bagus, karena naik takhta dalam usia muda dan berwajah tampan.

Serat Wulang Dalem merupakan serat yang digubah oleh Paku Buwono (PB) IV, Raja Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Serat ini menggunakan huruf Jawa, dan pernah diterbitkan oleh Penerbit Jonasportir di Surakarta pada tahun 1876.

Serat ini berisi ajaran PB IV kepada anak cucunya, tentang keselamatan, kesejahteraan dunia, dan akhirat. Nasihat tersebut antara lain: dalam bertindak harus ada tujuan, berbicara seperlunya, mempunyai tata karma, rukun dengan teman dan keluarga, harus beragama, tidak sombong, tidak lalai. Jangan lupa menjalankan perintah Tuhan, karena hidup di dunia ini adalah kehendak-Nya. Jika berbuat kesalahan, hendaknya cepat bertaubat. Waktu masih muda jangan lupa mengaji. Tuntutlah ilmu sejauh mungkin. Jika menjadi pemimpin jangan semena-mena terhadap bawahan.

Serat ini juga menekankan ajaran hidup yang utama, seperti mengaji, menjalankan perintah Tuhan, dan meninggalkan larangan-Nya. Mengaji adalah perbuatan terpuji. Jika mengaji tentu ada hal-hal baik yang dapat diperoleh. Memahami sifat orang lain, terutama sifat kedua orang tua kita, dan bersikap hormat kepada keduanya, seperti halnya rakyat menghormati raja. Jika berhutang maka wajib mengembalikan atau membayarnya. Dalam hidup harus selalu mempunyai pikiran yang baik. Karena dengan kebaikan kita akan disukai orang lain. Sebagai seorang laki-laki maka harus memiliki rasa tanggung jawab, apabila sudah menikah jangan bersikap sok berkuasa, karena benar tidaknya istri tergantung dari seorang suami. Begitu pun sebaliknya, seorang istri harus berbakti pada suami.

Setiap orang tentu mempunyai sifat dan perilaku yang berbeda, ada yang baik dan tidak baik. Oleh PB IV, sifat-sifat manusia disamakan dengan sifat hewan:
1.       Orang yang suka bertengkar mempunyai sifat yang sama dengan seekor anjing.
2.       Orang jahil mempunyai sifat yang sama dengan kancil.
3.       Orang yang berbuat zina mempunyai sifat yang sama dengan buaya.
4.       Orang pemberani mempunyai sifat seperti ular.
5.       Orang yang suka mencuri mempunyai sifat yang sama dengan kalajengking.
6.       Orang baik mempunyai sifat yang sama dengan ayam.
7.       Orang yang suka menipu mempunyai sifat yang sama dengan sifat nyamuk.
8.       Orang yang ringan tangan mempunyai sifat yang sama dengan macan.
9.       Orang yang suka lupa mempunyai sifat yang sama dengan lalat.

Selain itu, PB IV juga memberik larangan atau pantangan kepada anak cucunya. Larangan tersebut berjumlah 106 buah, antara lain adalah sebagai berikut:
1.       Menikah dengan janda teman.
2.       Menikah lebih dari empat.
3.       Menikah dengan wanita di bawah umur.
4.       Lengah dalam berumah tangga.
5.       Lupa terhadap anak saudara.
6.       Masuk rumah tanpa permisi.
7.       Membiarkan anak kecil bermain pisau.
8.       Suka mengumbar janji.
9.       Berbicara bohong.
10.   Mempunyai sifat tamak.
11.   Turut mencampuri urusan orang lain.
12.   Melupakan.
13.   Mencuri.
14.   Mempunyai sifat malas.
15.   Menjual tombak, dan keris.
16.   Meninggalkan tata karma.
17.   Memperlihatkan aurat bukan pada muhrimnya.
18.   Mempunyai sifat angkuh.
19.   Membuat kesalahan dengan sengaja.
20.   Meninggalkan kewajiban atau tanggung jawab.
21.   Menyia-nyiakan orang jompo.
22.   Mengusir tamu.
23.   Berbuat serong.
24.   Mempunyai sifat iri hati.
25.   Meminum-minuman keras.
26.   Menyanyi atau bercerita di kala maghrib.
27.   Melihat ronggeng siang malam.
28.   Terlalu hanyut dalam pekerjaan.

Sumber:
Henny L.R. Mochtar dan Paul Permadi, 1986, Sari Literatur Jawa: Abstract of Javanese Literature II, Jakarta: Perpustakaan Nasional.

Petikan Karya Asli Gubahan Beliau
Sêrat Wulang Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan

1. Dhandhanggula

1. sakamantyan kumabangkit-bangkit | lir sarkara wasitaning sastra | sasmita karaharjane | mring sagung anak putu | ingkang karsa mangrancang kapti | sira puruhitaa | saniskarèng kawruh | mring jana kang wus nimpuna | ing sarasa sarahsèng kamuksan kaki | kanggo ing kene kana ||

2. lamun sira puruhita kaki | kang sumôndha mamrih wahyèng gita | sadarganên turidane | ywa kongsi kênèng sirung | marang ingkang sira guroni | mandar anora raga | ywa sira kalimput | sanggya surasèng kang nyata | dimèn sira antuk wilasa kang sidhi | wasitaning pandhita ||

3. dêdalane kawruhana dhingin | patang prakara sira wikana | aywa kasusu kalape | gagasên rahsanipun | yèn tumpangso asalah dalih | nglimput kaliru tômpa | têmah salah surup | kang kaliru surupêna | supayane wruh unggyaning ala bêcik | ywa kongsi katlanjukan ||

4. lan dununge kang kawan prakawis | abang irêng kuning lawan pêthak | pangwasane dhewe-dhewe | kang têlu ngurung laku | kang sawiji luwih prayogi | yèn têlu binuwanga | jagad [jaga...]

--- 172 ---

[...d] yêkti suwung | kang siji kalawan apa | jumênênge yèn tan ana kang ngrusuhi | marmane kawruhana ||

5. wong nèng donya kang lumrah tan mikir | Allah iku dêdalaning mulya | lamun bênêr pangêtrape | bôngsa tri prakarèku | agung niksa marang sawiji | lamun wus kinawruhan | anggêpe angratu | nanging kang durung nyurasa | ala iku liwat luwih nora sudi | tuna ing uripira ||

6. nanging ta dèn awas sira kaki | rèhning mêngko akèh wong kang bisa | bêbasan bêbangus bae | angungasake catur | tutur liyan nora pinikir | mung cature pribadya | lumaku rinungu | carita patang prakara | êdat sipat asma apngal lawan malih | irêng bang kuning pêthak ||

7. lan dununge ing sawiji-wiji | nora môntra-môntra yèn gênaha | gunêm ngèlmu ngalih rame | balik rahsaning ngèlmu | nora kêna sira kukuhi | êndi ingkang andadra | iya iku suwung | yèn wong anom mêngko nora | rêbut unggul gunême angalah isin | ngukuhi kawruhira ||

8. layak bae kang mangkono kaki | sabab gurune [guru...]

--- 173 ---

[...ne] kaya mangkana | wirang yèn kalah ngèlmune | lan gaibing Hyang Agung | iku nora nganggo pinikir | mung ngèlmu garêjêgan | kadya nglurug padu | iku kang padha ginulang | watarèku yèn padha rêrasan ngèlmi | wêkasan pan sulaya ||

9. salin gunêm ing ngèlmu wus lali | ngatokake wicaksananira | anuruti kuwanène | angingêr kêris cancut | sarirabang lir mêtu agni | bisa warna sakawan | bungah yèn ginunggung | kadya Radèn Jayajatra | yèn ginunggung praptèng pêjah dèn andhêmi | iku guru samangkya ||

10. lamun sira durung anglakoni | ing pratingkah kang kaya mangkana | nanging sirèku ywa kagèt | gagasên rahsanipun | aja dumèh iku tan bêcik | sayêkti bêcik uga | yèn sira wus surup | mangkas-mangkas iku sapa | lawan sapa kang bisa amalih warni | nyatakna kang waspada ||

11. ingkang bisa bawana bawani | owah gingsir ing sariranira | siya yèn tan wruh êmpane | môngka kang wêruh iku | tunggal dhapur kang dèn kawruhi | kang bisa malih warna | sayêkti mung iku |

--- 174 ---

aranana loro nyata | aranana sawiji têmên sawiji | mung limput-linimputan ||

12. kang akarya iku kang nglimputi | ênggonira anèng kalimputan | sulap padhanging srêngenge | upamane sirèku | anon sorotira hyang rawi | kang môngka iku sulap | dadya lamuk-lamuk | mangkono upamanira | wong nyurasa rêrasan kang dèn rasani | ingkang mèlu rêrasan ||

13. pasabane sok anggung nasabi | roh ilapi kang wanuh wus lawas | datan wruh lamun uripe | malah Ki Alip Tamsur | yèn lumaku anggung anjawil | ananging tan uninga | yèn iku Hyang Agung | marma padha binudia | ing wong urip aywa katungkul sirèki | dèn wruh ing uripira ||

14. urip iku sapa kang nguripi | lamun sira nora ngawruhana | siya-siya ing uripe | sayêktine Hyang Agung | nora pisah ing sari ratri | lumaku lênggah nendra | tan bênggang sarambut | aja maning kaya sira | nadyan kutu-kutu walang taga sami | rinêksa ing Hyang Suksma ||

15. rèhning ananira kang nganani | ananira saking [sa...]

--- 175 ---

[...king] nora nana | nanging ana kahanane | anane tanpa wujud | wujudira ingkang mujudi | duk sira durung ana | anane ngandhanu | yèn sira ayun uninga | pasêmone wujuding Hyang Maha Sukci | tingkahe wong sêmbahyang ||

16. utamane wong urip puniki | nglakonana srengat nabi kita | salat jakat wruh Islame | lan saraking jêng rasul | sira wajib padha nglakoni | lamun tan ngawruhana | dadi nora manut | wirayate sri narendra | lawan sapa kang arsa agawe napi | prayoga sêmbahyanga ||

17. kaping lima sadina sawêngi | lan pantêse sira ngelingana | marang uripira dhewe | tagbir miwah yèn sujud | wruha ingkang sira sujudi | yèn sira wisuh toya | aja pijêr wisuh | wêruha kang jênêng toya | aja sira katungkul amuji dhikir | puji katur mring sapa ||

18. lawan sira aja gawe napi | unine kitab sira rasakna | aja pijêr ngunèkake | yèn tan wruh rahsanipun | tanpa gawe sira angaji | angur sira macaa | prênesan wong ayu | balik sira maca kitab | bêcik bisa lapal [lapa...]

--- 176 ---

[...l] makna amuradi | kaping pat rasanira ||

19. nadyan lapalira sundhul langit | yèn tan bisa maknane punika | sanadyan bisa maknane | kapriye muradipun | nadyan sira bisa muradi | yèn tan wruh rahsanira | yêkti nanjuk-nanjuk | lapal makna murad rasa | papat iku kasêbut ing dalêm dalil | pantoge anèng rasa ||

20. rasa iku kang luhur pribadi | nanging aja katungkul mring rasa | dèn pundhuh angrasakake | dèn bisa karya ukum | kukum iku kawan prakawis | sapisan ukum wênang | pindho wajib iku | kaping têlu ukum ngadat | kaping pate ukum mokal iku kaki | tan kêna piniliha ||

21. siya-siya lamun sira pilih | ukum papat pan wus darbèkira | sira tan wruh pangukume | mangkene lire kukum | kukum wênang puniku kaki | iya jêng nabi kita | wakiling Hyang Agung | winênang ngaku Hyang Suksma | lan winênang murba misesa sakalir | gêmah rusaking badan ||

22. kaping pindho ingkang ukum wajib | nabi kita wajib ngawruhana | marang ingkang mênangake | utawane awêruh | iya ingkang nêbut Hyang Widi | dene [de...]

--- 177 ---

[...ne] kang ukum ngadat | mangkene liripun | nabi kita ngawruhana | mring adate Abubakar Ngumar Ngali | kapat Bagendha Ngusman ||

23. iku lamun nora dèn kawruhi | sayêktine ambubrah sarengat | yèn wus kinawruhan kabèh | yaiku kang sinêbut | ing jênênge wêruh jêng nabi | dene kang ukum mokal | puniku liripun | mokal têtêlu yèn owah | upamane ilanga salah sawiji | jumênêng lawan apa ||

24. marma ana mêrtabat prêmati | têlung prakara kèhing martabat | kukum têlu kono gone | kukum mokal puniku | mung kinarya amratandhani | patraping tri prakara | ywa kongsi kalimput | mangkono upamanira | nadyan silih jumênênge sri bupati | kukum patang prakara ||

25. dununging kukum kawan prakawis | nora mêtu kang patang prakara | kukum kang wênang tablège | ngalam arwah puniku | wênang nganggo ala lan bêcik | ukum wajib ing alam | ijêsam dumunung | kawajiban tur uninga | pan sabarang Pangeran gone miyarsi | ing kono marganira ||

26. ukum ngadat ingkang andarbèni | mapan [mapa...]

--- 178 ---

[...n] iya anèng alam mingsal | amêruhana adate | sabarang kang dinulu | warna rupa rèh kang dumadi | lamun nora wêruha | tuna ing pandulu | kaping pate ukum mokal | dumununge anèng alam insan kamil | kamil cahyaning Suksma ||

27. lawan mokal lamun dèn uripi | lawan mokal yèn tan nguripana | mapan ta ana nyatane | mungguh tininggal iku | badanira tan bisa mosik | mokal yèn nguripana | Ki Agêng Lip Tamsur | nyatane ana kang karya | sayêktine kamil iku ana kasih | mokal yèn sinêrtua ||

28. marang ukum sira aja pangling | sabab ana unine kang kitab | patang prakara cacahe | batal karam puniku | ingkang aran najis lan sukci | sukur yèn wus uninga | lamun durung wêruh | takona para ngulama | aja sira kalayu mèlu ngarani | dèn gambuh kawruhira ||

2. Gambuh

1. têgêse karam iku | dudu wong kang mangan cèlèng bulus | nadyan kurma pitik iwèn kêbo sapi | yèn tan sah pamanganipun | iku karam ingkang manggon ||

2. têgêse batal iku | dudu wong kang sêmbahyang kapentut |

--- 179 ---

sêmbahyanga yèn durung wruh jroning batin | iku batal têgêsipun | wus mupusa bêcik turon ||

3. maknane najis iku | dudu wong kang kagêpok ing asu | nadyan sira kaki kawutahan warih | iku luwih najis agung | apa kang ginawe wisoh ||

4. iya wisuha banyu | aja banyu kang mêtu ing watu | nênuwuna mring malekat Jabarail | iku siranggo wawisuh | sampurnane têka kono ||

5. lamun sirarsa pangguh | lan malekat Jabrail tumurun | saratana busana kang sarwa langking | paringe toya lir êbun | iku banjur gonên wisoh ||

6. lamun sira wus wisuh | poma den ngati-ati dèn emut | aja kongsi kapêcak ing banyu malih | manawa sira kacêgur | kali banjir pasthi layon ||

7. pitutur kang satuhu | poma sira aywana katungkul | pakumpulan gêguyon raina wêngi | jroning guyu dipun emut | dèn sukur maring Hyang Manon ||

8. guyu kang

--- 180 ---

tan tuwajuh | iku ngêdohake marang wahyu | basa wahyu nugraha Kang Maha Sukci | marang ing raga kang wujud | poma sira dèn waspaos ||

9. wruha kang tunggal wujud | lan nêdyaa widagda ing kalbu | aja bungah ginunggung marang sasami | watêke wong karêm gunggung | malêndhung saengga dheyot ||

10. apa lire malêndhung | kayadene wong kang adol gêndhung | nêdhêng padha jagongan sami alinggih | tan wigih wus ngrasa unggul | tan wruh jugule angradon ||

11. dene kang padha gunggung | saking wêgah mulat polahipun | tan rinasa panggunggunge nganggo wadi | wadine wong akèh lumuh | pangrasane iku kawon ||

12. nuli agawe umuk | sila tumpang kandhane agupruk | wong mangkono tan pantês dipun cêdhaki | bêcik singkirana iku | jêr maido mring Hyang Manon ||

13. sanadyan iku wêruh | kêna uga ingaranan durung | titikane anèng solah muna-muni | angakua bisa mabur | sayêkti nèng ngisor palon ||

--- 181 ---

14. lêlabuhan ingkang wus | kanggo ing jaman kuna rumuhun | nora nana wong mangkono antuk gaib | nanging ana pantêsipun | wong mangkono jaga obrol ||

15. marma wong urip iku | dèn padha wêruh marang panuju | têgêse panuju ingkang wruhing liring | yèn tan enak rasanipun | ywa age-age linakon ||

16. manawa kênèng siku | marang pawong sanak liyanipun | luwih abot tan nganggo sasami-sami | wong mangkono lamun lampus | pantês tinabêla ing ron ||

17. puniku nyatanipun | wong kang kêna dukane Hyang Agung | cinêmplungkên sajroning naraka agni | aja naraka ing besuk | iku naraka kang katon ||

18. polah kang nora patut | nora pantês lamun sira turut | nora wurung rusak awake pribadi | marmane wong urip puniku |[2] sabarang dipun pitados ||

19. polah kang nora jujur | iku wajib lamun sira singkur | ungkurêna ywa kongsi bisa kawijil | ujubêna kang tuwajuh | kang wajib [wa...]

--- 182 ---

[...jib] wêruh Hyang Manon ||

20. mula wong urip iku | dèn padha karêp marang ing ngèlmu | ala bêcik ngèlmu iku dèn kawruhi | karana atunggal wujud | mung kacèk êmèl lan batos ||

21. dene ingkang wis wêruh | datan arsa panggawe kang luput | sabab urip siji kanggo wong sabumi | tarlèn andhap sarta luhur | kacèk uga kang wus wêroh ||

22. maknane kang wus wêruh | kang andulu iya kang dinulu | upamane ron suruh amung sawiji | nadyan seje warnènipun | ginigit tunggal saraos ||

23. iku pralambangipun | kalamun sira arsa satuhu | tumamèng anèng madyanirèng jaladri | apa kang katon sirèku | wawasên ingkang sayêktos ||

24. yèn sira dulu alun | dudu iku ingkang sira dulu | bêcik uga ombaking alun pinikir | wong iku dèn kaya alun | gumulung tan pisah ênggon ||

25. jêmbaring samodra | tanpa têpi anglangut kadulu | suprandene maksih gung manungsa iki | alas jurang kali gunung | nèng raganira wus kaot ||

--- 183 ---

26. tan prabeda puniku | jagad katon lan jagadirèku | wus tinimbang jagad gêdhe jagad cilik | suprandene wong puniku | sok sêsak sasamining wong ||

27. apa margane iku | luwih abot tan bisa lumêbu | sabab kêbak kabêbêg kaleban agni | singa mara pan katunu | luwih nistha wong mangkono ||

28. yèn sira durung sumurup |[3] têgêse jagad cilik lan agung | jagad cilik jênênging manungsa iki | jêng nabi panutan iku | yèn jagad gêdhe Hyang Manon ||

29. manungsa kang wus putus | jagad gêdhe lan cilik kawêngku | jaba jêro ngisor dhuwur andarbèni | yèn maksih miliha iku | sêmang-sêmang mring Hyang Manon ||

30. mangkana kang wus putus | patrape wong anggilut mring ngèlmu | iya patang prakara kang dèn rasani | winanuhkên alanipun | kang bêcik kinira awon ||

31. yèn sira apanuju | padon lan wong môndra sudibyanung | lan sanggyaning atapa [a...]

--- 184 ---

[...tapa] tuwin maharsi | myang pawong sanak sadulur | kang pratistha tuwa anom ||

32. kang wus pratamèng kawruh | pituture rum manis rinungu | lir mangrêmih arume rêrasan ngèlmi | pami pradôngga munyarum | kandhih dening ngêsing kang wong ||

33. dene kang padha ngrungu | kang wus karêm rosing siji iku | kêkês tyase rumôngsa luhira mijil | kemutan pratingkahipun | nèng donya sok gawe awon ||

34. panggawe ala iku | donyakerat yèn nganti kapatuh | tangèh lamun nêmua pitutur bêcik | mring Pangerane tan wanuh | tangèh wêruha Hyang Manon ||

35. lali yèn tunggal dhapur | pan kalingan mring ki tukang padu | lan katarik mring dêmang tukang manasi | rara melikan kang nuntun | nuduhkên panggawe awon ||

36. jalma mangkono iku | uga padha karsane Hyang Agung | nanging dudu dêdununge dèn lakoni | Hyang Suksma paring pituduh | nanging taksih salah dudon ||

37. ana dumukanipun | donyakerat iki têgêsipun | wêwalêsan bae babo dipun eling |

--- 185 ---

rèhning wong urip puniku | tan wêruh nêmahi layon ||

38. ala bêcik puniku | pan iya mêtu saking sirèku | anambaka alaning liyan sirèki | balik alaning wong ngèlmu | tan mêtu saka ing kono ||

39. kapriye pratingkahmu | yèn sira tinggal lakuning ngèlmu | nora wurung kalurung gonira urip | sanadyan sira wus ngèlmu | yèn tan laku dadi awon ||

40. basa kang aran laku | dudu wong kang cêgah mangan turu | pan wong cêgah turu watêke yèn lami | kancilên salin pandulu | tan durung asalah tonton ||

41. kang cêgah mangan iku | lir pandhita kang dhahar kayu gapuk |[4] apa sira melik dadi ulêr turi | swargane mung dadi kupu | tan wurung binadhog bidho ||

42. dene kang cêgah turu | dudu mêlèking netra satuhu | iya netra kang anèng têlênging batin | iku mêlèk sajêgipun | prapta sujalma yèn layon ||

43. kang cêgah dhahar iku | datan arsa panggawe kang rusuh | bab kang patang prakara dipun nastiti | tutupana kang barukut | ywa kongsi bisa [bi...]

--- 186 ---

[...sa] kawiyos ||

3. Mijil

1. kawêdhara iku bilaèni | mêmurung lêlakon | angrêrusak sabarang panggawe | lir rêksasa krura angajrihi | sabarang kaèksi | têmahan rinêngu ||

2. poma kêkêrên dipun arêmit | dunungna kang manggon | ywa sulaya prihên kawêdhare | ujubêna sariranirèki | wayang anèng kêlir | gyanira lumaku ||

3. lamun ana osikirèng galih | kaki dèn waspaos | obah osik ana kang agawe | iku sira ulatana kaki | dununge kang osik | dèn bisa kapangguh ||

4. pralambange osikirèng batin | yêktine tan adoh | lah badhenên têtulisan kiye | ingkang aran sah iku kang êndi | ingkang irêng mangsi | kêrtas ingkang pingul ||

5. dene iya ingkang amêngkoni | jro tulis kang katon | ulatana sapucuking êpèn | kang durung wruh narka lamun mangsi | kang uningèng gaib | gumawang andulu ||

6. nanging tanpa gatra tanpa warni | tan kenging ginêpok | mung satêngu binubut gêdhene | suprandene bisa angêbaki | warata sabumi | iya tanpa dunung ||

7. sayêktine barang kang

--- 187 ---

kaèksi | kono gone manggon | ngalih ênggon tan ana ênggone | sakêdhepan ngalih ping sakêthi | têgêse mung siji | apan iya iku ||

8. lan sing prapta kang sira tingali | tan kakung tan wadon | aranana wadi ta yêktine | iya wanita endah kang warni | yèn sira arani | lanang yêkti kakung ||

9. lawan luwih guna luwih sêkti | kamantyan waspaos | samubarang têrang paningale | nora kêna kumlêsêk wus uning | nadyan jroning batin | Hyang Suksma wus wêruh ||

10. tanpa cipta dènnya wruh ing batin | tan netra yèn anon | tanpa karna ing pamiyarsane | tanpa grana mambu gônda sidik | lawan bisa angling | iya tanpa tutuk ||

11. kang dèn angge wus anèng sirèki | sira tan rumaos | pangrasamu darbèkira dhewe | nora wêruh kang sira ulati | siyang lawan ratri | jumênêng nèng ngriku ||

12. yèn tan lawan karsaning Hyang Widhi | obah osiking wong | kaya priye gone matrapake | yêkti kaya rêca nèng wadari | pralambanging urip | lir angganing prau ||

13. ingkang anèng [a...]

--- 188 ---

[...nèng] têngahing jaladri | lêlakon ing kono | prau iku sapa nglakokake | yêkti saking karsaning Hyang Widi | nadyan si kamudhi | pan manut ing banyu ||

14. pasthi kaya mangkono wong urip | yèn sira maido | nyatakêna iya prau kuwe | êntasêna saking jroning warih | yêkti nora mosik | pan kari galundhung ||

15. lamun sira anggêguru kaki | mawanga ponang wong | kang wus ana sairib-iribe | piwulange kang ngampat mring gaib | solah muna-muni | panêngêran agung ||

16. mapan akèh ngèlmuning Hyang Widi | tan kêna dèn uwor | warna-warna manungsa kawruhe | upamane sang nata tinangkil | duk prapta ing kori | angungak andulu ||

17. mantri ingkang jaga anèng kori | tinarka sang katong | ajrih mulat sangêt sumungkême | wênèh ana mulat mring bupati | tinarka sang aji | sêmbahe sumrikut ||

18. wênèh ana mulat mring ki patih | ingayap ponang wong | ginarêbêg sagung punggawane | panyanane sang sri narapati | kang mangkono kaki | mèdêm marang kawruh ||

--- 189 ---

19. kang ngulati marang sri bupati | wong jroning kadhaton | dadak mêtu ngulati ratune | nora wêruh yèn sri narapati | tunggal jroning puri | dhèwèke wus wanuh ||

20. pan mangkono yèn wong ulah ngèlmi | kèh salah padudon | dudu padon dadakan dinalèh | nora wêruh kang sira ulati | siyang lawan ratri | wus anèng sirèku ||

21. satuhune kawruh kang sayêkti | tan tinggal Hyang Manon | datan ana tilase luwange | anglimputi ing rèh kang dumadi | tan kêna pinilih | ika iki iku ||

22. sabab lamun sira milih kaki | nora bisa dados | bali marang asalira dhewe | talitinên dèn bisa kapanggih | poma sira kaki | ywa mutung ing kalbu ||

23. lan dununge kang kawan prakawis | takokna kang manggon | aja kongsi kaliru surupe | kèh arane kang kawan prakawis | karana yèn sisip | pamurunging laku ||

24. ingkang abang upamane gêni | murup ngobong-obong | yèn tan bisa kaki panyirêpe |

--- 190 ---

jagad iki sayêkti kabêsmi | malekat Ngijrail | nunggil karsanipun ||

25. ingkang sidik iya ati kuning | kasêngsêm mring wadon | mêmelikan ing kono dalane | ambêbawur mring cipta kang bêcik | malekat Mingkail | nunggil karsanipun ||

26. dene iya ati ingkang langking | santosa kinaot | mung ngrêrusak sabarang panggawe | datan arsa panggawe kang bêcik | malekat Jabrail | nunggil karsanipun ||

27. dene iya ati ingkang putih | sayêkti kinaot | ati jinêm têrang saciptane | kalêstarèn panggawe kang bêcik | malekat Israpil | kang nunggil jumurung ||

28. poma sagung anak putu mami | dèn samya rumaos | rubedèng tyas kawruhana kabèh | datan liyan mung catur prakawis | poma dèn nastiti | ywana salah surup ||

--- 191 ---

////Sumber////

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SEMANGAT PAGI....SUKSES Untuk SEMUA
JIKA ANDA PIKIR BISA PASTI BISA..!
Maaf apabila dalam pengambilan GAMBAR dirasa VULGAR
(Gambaran ini Hanyalah FAKTA sesuai dengan ASLINYA)
dan TIDAK Mutlak untuk diperdebatkan......................!!!
AKU CINTA NUSANTARAKU