primbon


Web Site Hit Counters

Sejak:17 Agustus 2013
DAFTAR SAHABAT YG MASUK The truth seeker
Tidak harus menjadi yang pertama,yang penting itu menjadi orang yang melakukan sesuatu dengan sepenuh hati.


Disclaimer:Artikel,gambar ataupun video yang ada di blog ini terkadang berasal dari berbagai sumber media lain,
dan Hak Cipta sepenuhnya dipegang oleh sumber lain tersebut.Jika kami salah dalam menentukan sumber yang pertama,
mohon beritahu kami
e-mail primbondonit@gmail.com HOTLINE atau SMS 0271 9530328

GAMBAR-GAMBAR dibawah ini BUKAN HANYA IKLAN tapi merupakan LINK SUMBER




Bagi sebagian masyarakat yang mengklaim diri sebagai masyarakat peradaban modern,westernism bahkan sebagian yang mengesankan perilaku agamis yakni hanya bermain-main sebatas pada simbol-simbol agama saja tanpa mengerti hakekatnya,dan kesadarannya masih sangat terkotak oleh dogma agama-agama tertentu.Manakala mendengar istilah mistik,akan timbul konotasi negatif.Walau bermakna sama,namun perbedaan bahasa dan istilah yang digunakan,terkadang membuat orang dengan mudah terjerumus ke dalam pola pikir yang sempit dan hipokrit.Itulah piciknya manusia yang tanpa sadar masih dipelihara hingga akhir hayat.Selama puluhan tahun,kata-kata mistik mengalami intimidasi dari berbagai kalangan terutama kaum modernism,westernisme dan agamisme.Mistik dikonotasikan sebagai pemahaman yang sempit,irasional,dan primitive.Bahkan kaum mistisisme mendapat pencitraan secara negative dari kalangan kaum modern sebagai paham yang kuno,Pandangan itu salah besar.Tentu saja penilaian itu mengabaikan kaidah ilmiah.Penilaian bersifat tendensius lebih mengutamakan kepentingan kelompoknya sendiri,kepentingan rezim,dan kepentingan egoisme(keakuan).Penilaian juga rentan terkonaminasi oleh pola-pola pikir primordialisme dan fanatisme golongan,diikuti oleh pihak-pihak tertentu hanya berdasarkan sikap ikut-ikutan,dengan tanpa mau memahami arti dan makna istilah yang sesungguhnya.Apalagi dalam roda perputaran zaman sekarang,di mana orang salah akan berlagak selalu benar.Orang bodoh menuduh orang lain yang bodoh.Emas dianggap Loyang.Besi dikira emas.Yang asli dianggap palsu,yang palsu dibilang asli.Semua serba salah kaprah,dan hidup penuh dengan kepalsuan-kepalsuan.Untuk itulah Warisjati merangkum beragam artikel dari beberapa sumber tentang pengetahuan Budaya dan tradisi di Nusantara yang merupakan warisan para leluhur yang sarat akan makna dan berbagai artikel lainnya yang saling melengkapi.Dengan harapan membangun sikap arif dan bijaksana dan mengambil pelajaran serta pengetahuan dari budaya masa lalu sebagai warisan leluhur di Nusantara ini.

ORANG YANG DENGAN MUDAHNYA MENGATAKAN SESAT KEPADA SESEORANG
ADALAH ORANG YANG TIDAK atau BELUM PAHAM AKAN DIRINYA SENDIRI



Kamis, 27 Februari 2014

Babad MANGIR " ENENGENA NEGARI MENTAWIS "

Serat dan Babad

Babad MANGIR " ENENGENA NEGARI MENTAWIS "

ENENGENA NEGARI MENTAWIS
DHANDHANGGULA
  1. Enengena negari mentawis / Wonten kecap gempaling carita / Tur sami tedhaking maos  / Pan ingkang rumuwun / Duk bedhahe ingkang negari / Majapahit semana / Kathah kang tan anut / Para putra myang sentana / Samya kesah ing wana / Tuwin ing ardi / Kathah sami mertapa //
  2. Mana Raden Alembu Amisani / Sakesahe saking Majalengka / Datan karuwan sedyane / Mangilen purugipun / Manjing jurang aminggah ardi / Anepi guwa sonya / Wus lami cinatur / Amung kalih garwa putra / Pan kalunta lampahira siyang ratri / Acegah dhahar nendra //
  3. Prapteng nagri Panaraga nenggih / Sampun panggih kaliyan sang raka / Anenggih Bathara Katong / Wus manjing gama Rosul / Raden Lembuamisani nenggih / Tan arsa gama Islam / Tan lami neng riku / Lajeng kesah manjing wana / Lan kang garwa putra setunggil tan keri / Jalu bagus kang warna //
  4. Pinaraban Dyan Wanabayaki / Nenggih wanter kasutapanira / Tan pisah lawan ramane / Siyang dalu lumaku / Datan dhahar miwah lan guling / Kalunta saya tebah / Prapta Ardi Kidul / Dhusun ing Dhandher wastanya / Apan kendel neng riku amangun teki / Nenedha mring dewanya //
  5. Datan pegat amuja semedi / Anenedha mring Bathata Mulya / Sanget pamintaning batos / Sageda nggenti pulung / Mengku ing rat tanah Jawi / Jumenenga narendra / Ing sapungkuripun / Sanget mbanting sarira / Duk semana Dyan Lembu Amisani nenggih / Lami sampun muksa.
  6. Lan kang garwa kantun ingkang siwi / Raden Wanabaya kawlas arsa / Tinilar rama ibune / Dadya arsa nglangut / Sigra kentar saking ardi / Dhandher sampun kawuntat / Nurut samodra gung / Rahaden kalunta-lunta / Amesisir ing Guwa Langse nenepi / Lami amati raga //
  7. Amerengi ing dina sawiji / Duk semana wanci bedhug tiga / Ana swara dumelinge / Kulup Wanabayaku / Lah kentara sangking ing riki / Ngalor ngulon deninggal / Njujuga sireku desa ing Mangir wastanya / Martapa mangsuka agama suci / Kasab anenandura //
  8. Pinggir Progo sira monga tani / Dedanaa besuk masthi sira / Katurunan nugrahane / Nging atmajengireku / Darbe gaman ampuh nglangkungi / Tan ana wong kuwasa / Myang wong teguh timbul / Yen katiban mesthi pejah / Anulya Dyan Wanabaya nglilir / Pupungun ing Wardaya //
  9. Byar rahina Raden Jaka mijil / Sangking guwa ningali samodra / Kelangkung ageng alune / Nempuh parang gumebyar / Pan gurnita kagiri-giri / Raden Jaka umesat / Tumameng ing ranu / Tan teles kambah ing toya / Raden Jaka lir lumampah aneng siti / Prapta ing Parang Tigan //
  10. Ing gegisik lampahira ririh / Acengkrama ing samarga-marga / Kapirangu ing galihe / Ningali samodra gung / Alun ageng kagiri-giri / Gurnita swaranira / Jumegur gumuruh / Dadya panglipuring beranta / Raden Jaka ing Parang Tritis / Neng riku amemuja //
  11. Pringgabaya rahaden tan keksi / Amung meleng nenedha ing sukma / Wus natas bangun rinane / Byar kesah sang binagus / Lampahnya lon cengkrameng margi / Kathah kang tiningalan / Isining sagra gung / Wus prapta in Parang Wedang / Raden mampir sakedhap nulya lumaris / Parangsuma kamargan //
  12. Sira lajeng lampahe lestari / Prapta gisik Mancingan semana / Kendel sakedhap gya lengser / Mangilen lampahipun / Wirandhungan samargi-margi / Prapta sowangan opak neng riku manengku /  Apan gantya pituning dina / Enjing kentar nabrang mangilen lumaris / Tan kawarna ing marga //
  13. Sampun prapta ing sowangan Pragi / Dadya kendel Dyan Jaka neng kana / Nenedha marang Sukmanon / Catut ari dasantuk / Raden Jaka dennya manepi / Saking sowangan kesah mengaler lumaku / Urut Peraga lampahnya / Tan kawarna ing marga Mangir wus prapti / Dyan kendel mangun tapa //
  14. Adhedhukuh neng riku wus lami / Akesosra marang tangga desa / Ing prapat panca limane / Wong urut Praga suyud / Keh kemilik dhateng ing Mangir / Semana sampun ajar /  Ing Mangir jalma gung / Wetara wong sewu ono / Ingkang sami tumut dhukuh ing Mangir / Tuwin sami sawita //
  15. Raden Jaka semana wus krami / Angksal nake tiyang alelana / Sangking Juwana wijile / Tumut truka neng riku / Sakler kilen dhukuh ing Mangir / Mila araning desa / Juwana kang dhukuh / Panggihira tan ginusta / Dadya karan Ki Ageng Mangir mangkin / Mangir Ki Wonoboyo //
  16. Tan cinatur lamane semangkin / Kyai Wonoboyo wus peputra / Jalu pekik warnane / Apan dewasa sampun /Kinramakaken nenggih kang siwi / Pan angsal putranira Ki Paker punika / Kelangkung binuja krama / Enengana ingkang lagya nambut kardi / Warnanen Jeng Susunan //
  17. Adilangu sampun udanening / Yen Ki Ageng Wonoboyo / Badhe uliya kinaot / Nging dereng angsal guru / Jeng Susunan arsa nindaki / Nanging mindha kawula dennya amertamu / Kuneng ingkang namur lampah / Ki Ageng Mangir punika wuwusen malih / Kang lagya nambut karya //
  18. Abusekan ingkang nambut kardi / Tata tratag miwah tetuwuhan / Pepajangan rampung kabeh / Langse kumendhung kendhung / Saka sami dipun ulesi / Samya rinengga rengga / Lir swargan dinulu / Gangsa ngantya gangsal rancak / Aneng regol njawi pan ingkang satunggil / Regol njero ngrong rancak //
  19. Ri sedhenge tamu ageng prapti / Demang Rangga tampang bekel desa / Gamelan amyang swarane / Kawarnaa sang wiku / Sunan Adi sakedhap prapti / Mangir anamur lampah / Desthar wulung kluwuk / Rasukan gadhung amangkak / Apaningset songer wangkingane / Kusi nyampinge tuwuh sela //
  20. Kawarnaa sang wiku / Sunan Adi sakedhap prapti / Mangir anamur lampah / Desthar wulung kluwuk / Rasukan gadhung amangkak / Apaningset songer wangkingane / Kusi nyampinge tuwuh sela //
  21. Tanpa rencang Jeng Sunan duk prapti / Sareng lenggah pan ora sinapa / Alenggah karsane dhewe / Neng pojok pernahipun / Risedhengnya sanggata mijil / Gangsa munya angraras / Sinden swara rum / Sampun samya ingacara / Lajeng dhahar sagunge kang tamu singgih / Mung sang wiku tan dhahar //
  22. Kyai Ageng Mangir aningali / Yen tamune setunggal tan nedha / Nulya ngacarani alon / Lah nedhaa Ki Bagus / Jeng Susunan nuwun turneki / Rineksana adhahar / Tumungkul abikut tumpeng satunggil meh telas/ Pangrasane dhayoh kang sami ningali / Satuhne tan dhahar //
  23. Risampune adhaharan sami / Ingkang pindha kawula tur sumbang / Tigang buntel ing kathahe / Majeng alon amatur / Nggih Ki Ageng kula ngaturi / Panjuring tumbas sedhah / Paringing Ywang Agung / Ki Ageng nampeni inggal / Kagyat ing tyas / Ki Ageng aniti warti / Kisanak pakenira //
  24. Inggih pundi wisma dika yekti / Lawan sinten sinambating nama / Manira tambet wiyose / Kang pindha alit matur / Ki Dulrajak namamba yekti / Desa ing Somatingal / Ing wismaning ulun / Manira nuwun wangsula / Sigra kesah tan mawi dipunwangsuli / Medal sangking mendhapa //
  25. Pan kawur jalma kang ngladeni / Wus tan katon prapteng dhadhah sigra / Jeng Sunan busana kaot /  Lawan ingkang ndherek agung / Upacara lir demang desi /  Desthare bangun tulak /  Tinepi mas murup /  Paningsete cindhe tumpak /  Arasukan beludru wilis respati / Ngagem epek kencana //
  26. Lawan ingkang ndherek agung / Upacara lir demang desi / Desthare bangun tulak / Tinepi mas murup / Paningsete cindhe tumpak / Arasukan beludru wilis respati / Ngagem epek kencana //
  27. Janur renda bangkole mas adi / Mawi anggar emas tinatratapan / Wangkingan dinar pendhoke / Nyuriga cara wangsul / Ukirane prasu mas adi / Topengan mas rinengga / Kandelan mas murup / Nyampinge tambalan noman / Alancingan panji-panji amanesti / Nitih kuda apelag //
  28. Sigra wangsul grumundug kang ngiring / Pangrasane jalma tumingal / Kagyat angaturi weruh / Ki Ageng gya tumurun / Satamune methuk kori / Gamelan munya omyang / Barung kalaganjur / Horeg sawong dalem pisan / Samya medal ningali kang tamu prapti / Wis ingaturan lenggah //
  29. Wus tumanduk mandhapa gya linggih / Ler piyambuk apan munggeng tengah / Nganan ngering tamu akeh / Ki Ageng munggeng ngayun / Tur perbage mring lagya prapti / Tamu matur anedha / Pasiyan kang dhawuh / Ki Ageng matur tetanya / Inggih Kyai paduka priyagung pundi / Sinten kekasih tuwan //
A S M A R A D A N A
  1. Akarya brangta ing galih / Sumaur keng lagya prapta / Ing Kembanglampir sun Angger / Raningsun Demang Melaya / Tuwi ing pakenira / Ki Ageng matur anuwun / Sigra dhedhaharan medal //
  2. Ingkang adi-adi prapti / Wus aglar munggeng ngayunan / Ki Ageng umatur alon / Suwawi paduka dhahar / Sawotening adhekah / Kang mindha tamu sumaur / Manira luwih tarima //
  3. Rineksana sigra ngambil / Jenang pinaringken desthar / Juwadah munggeng klambine / Rengginang munggeng wangkingan / Sedaya kang busana / Pinaring panganan sampun / Datan ana kaliwatan //
  4. Ki Mangir micoreng ngati / Kaya priye karsanira / Tan dhahar mung busanane / Ingkang pinaring dhaharan / Dadya matur mangerpa / Kandospundi ta pukulan / Tan dhahar mung kang busana //
  5. Sedaya dipunleleti / Sawarnanipun dhaharan / Kang mindhawarna saure / Jer iku kang sira segah / Jeng Sunan nulya lukar / Busana sampun timumpuk / Jeng Sunan sampun akesah //
  6. Kinendhepaken tan kaeksi / Dupi tebah gya katingal / Ki Mangir branta ing tyase / Kapencut ing ngelmu rasa / Jrih tumingal busana / Sigra anututi gupuh / Umatur sarwi ngrerepa //
  7. Duh Gusti Sang Maha Yekti / Kawula atur prasetya / Nuwun kawejanga mangke / Jeng Sunan nolih angandika / Dene Ki Jebeng sira / Anututi marang ingsun / Apa paran kersanira //
  8. Ki Wonoboyo tur bekti / Amba ayun andhedhepok / Andherek ing karsa Tuwan / Nadyan pejah gesanga / Jeng Sunan ngandika arum / Yen Sira temen ing manah //
  9. Ingsun gelem asuning margi / Nging mengko sira balia / Nutugna karyamu age / Yen temu anakira / Iya sira nusula / Mring Kembanglampir den gupuh / Sun wejang ing ngelmu rasa //
  10. Jeng Sunan wus tan kaeksi / Tan keno tinututana / Ki Gedhe wangsul sir age / Andugekken karyanira / Nggancangaken kang carita / Was panggih pangantenipun / Tan ginustha karesmennya //
  11. Wus atut palakrami / Ki Wonoboyo ngandika / Mring putra raden panganten / Lah Kulup sira karia / Den becik apalakrama / Gumantia marang ingsun / Ki Ageng Mangir namaa //
  12. Ingsun angulati Gusti / Mring Kembanglampir kang dhekah / Tan mulih-mulih katengong / Yen tan panggih guruningwang / Sun madhep mring kamuksan / Kang putra matur rawat luh / Kawula dherek ing Tuwan //
  13. Ki Wonoboyo ngling aris / Aja sira milu ngringwang / Lah tunggunen dhukuh kene / Ki Wonoboyo gya kesah / Apan datanpa rewang / Katiwang ing lampahipun / Tan ana kacipteng driya //
  14. Amung welinge sang Yogi / Ing Sekarlampir sinedya / Datan kawarna lampahe / Ing marga pan sampun prapta / Kembanglampir semana / Pan inggih kapanggen suwung / Dhukuh asuwung kewala //
  15. Mung ana masjid sawiji / Padasan enceh satunggal / Balumbange asri tinom / Nging tan ana ingkang tengga / Ya ta Ki Wonoboyo / Akendel wonten ing riku / Tanpa dhahar tanpa nendra //
  16. Ngantya kawan dasa ari / Dennya nekung aneng langgar / Tan dhahar miwah tan sare / Warnanen Kangjeng Susunan / Ngabdilangu semana / Kemutan sajroning kalbu / Deniro darbe tembaya //
  17. Sakedhap parapta Banglampir / Tidakira anglir kilat / Awanci tengah dalune / Marengi tanggal purnama / Jumungan Kaliwonnya / Jeng Sunan duk rawuhipun / Wonoboyo kagyat mulat //
  18. Sigra majeng angebekti / Dlamakan sarwi karuna / Sumungkem ngusap lebune / Jeng Sunan alon angandika / Lah wis Jebeng lungguha / Suntarima prasetyamu / Mengko sun mbabar wirayat //
  19. Den mantep marang agami / Den sukurena ing sukma / Hyawa pegat nestapane / Rineksana wus wijenang / Sejatining agama / Wus tamat suraosipun / Sarengat manjing terekat //
  20. Khakekate haywa silib / Pinanjingena makrifat / Tatas suraosing batos / Ing agama sampun tatas / Winejang ngelmu rasa / Ing panjing sumuruping lampus / Sangkan paran wustan kewran //
  21. Lan sira maguna teki / Anaeng ing Guwa Plawangan / Den manteb bekti Yang Manon / Lan den eling Jebeng sira / Aja kaya ing kuna / Tata likur kawlas ayun / Agunggung-gunggung kerajan //
  22. Iku sesiriking ngelmi / Nanging wus pasthi ing wuntat / Jalma busana kajene / Ki Wonoboyo tur sembah / Langkung kaduwungira / Polahe kang wus kelanjur / Asru nelangsa ing sukma //
  23. Jeng Sunan ngandika malih / Besuk sira pinaringan / Keramat dening Ywang Manon / Gegaman ampuh kalintang / Amarga tekeng sira / Tan na jalma teguh timbul / Yen katiban mesthi pejah //
  24. Matur sandika nglampahi / Jeng Sunan wus tan katingal / Ki Wonoboyo sirage / Raina wengi lumampah / Tan kawarna ing marga / Pelawangan sampun rawuh / Neng riku amangun tapa //
  25. Barang tapa den lampahi / Ngalong ngluwak udan-udan / Angeli yen banjir gedhe / Yen rina angon reditya / Nggenteni wong kang gegawa / Sinung pangan kawlas ayun / Aweh payung wong kudanan //
  26. Wus katarima ing Yang Widi / Agal alit tan kewuhan / Dadi barang ing ciptane / Sunana sang Apandhita / Akorud ingkang kama / Sampun takdiring Yang Agung / Cinipta seking dadya //
  27. Kuneng ingkang wus angsal sih / Ing Mangir ingkang kocapa / Kang gumanti ing ramane / Ki Ageng Mangir taruna / Wus lawas antaranya / Kang garwa nggarbini sampun / Antara wus pitung wulan //
  28. Semanarsa den tingkebi / Ndhatengaken kawula wangsa / Samya kinen nyambut gawe / Lanang wadon sami prapta/ Tanapi tangga desa / Prapat manca lima rawuh / Rerewang anambut karya //
  29. Ya ta kawarnaa malih / Ki Ageng Wonoboyo / Kang tapa Plawangane / Wus tan samar tingalira / Kang putra gadhah karya / Anulya tetuwi sampun / Prapta ing Mangir wus lenggah //
  30. Garwa putra matur aris / Sangking ing pundi Paduka / Ki Wonoboyo delinge / Ingsun tekeng puruita / Kembanglampir ing Dhekah / Jeng Susunan Kadilangu / Kang sun pitedah maring wang //
  31. Ingsun kinen mangunteki / Aneng guwa Plawangan / Ngabekti marang Ywang Manon / Kuneng gantya kang lagi wirayat / Dhayoh saya geng prapta / Lanang wadon pun gumuruh / Nambut gawe bak piyambak //
  32. Kacatur tamu pawestri / Ing Jlegong warnane endah / Anake Demang Jalegong / Estri sampun diwasa / Nanging dereng akrama / Angrencangi nakir wau / Kekirangan gegaman //
  33. Mirsa Ki Wanabekti / Ngasta lading seking pelag / Ni Rara umatur alon / Anuwun nyambut sekingnya / Karya nakir punika / Seking sinungaken sampun / Sarwi angling pawekas //
  34. Lah Rara lading puniki / Yen wis nggennya nambut karya / Aja kongsi glethak glethek / Neng ngandhap iku tan kena / Yen kungkulan wanodya /.Seking tinampenan sampun / Kinarya nakir agentya //
  35. Sampun rampung dennya nakir / Dilalah pasthi tan kena / Kang nggarap sami kesupen / Seking sineleh kelasa / Kalinggihan semana / Mring Ni Rara ingkang nyambut / Seking musna manjing garba //
  36. Dadya wawrat sang lir suji / Ki Wonoboyo tetanya / Amundhut sekingira ge / Sang Rara matur anembah / Kagungan Tuwan ical / Neng ngandhap kelasa wau / Kalenggahan sirnanira //
  37. Kiyai Ageng miyarsi / Langkung merang ing wardaya / Lajeng kesahira age / Tan poyan ing garwa putra / Lajeng manjing ing guwa / Asru tobat ing Hyang Agung / Dene tan kena ing coba //
  38. Langkung bantere mangun teki / Genti ingkang winurcita / Nenggih Ni Rara Jalegong / Bubar sing Mangir semana / Tan kawarna ing marga / Wus prapta ing wismanipun / Pan sampun antara lama //
  39. Kesah marang ing wanadri / Merang umiyat ing kathah /  Dening dereng karma mbobot / Langkung dennya kawlas arsa / Sampun prapteng semaya / Anyakiti neng wana gung  / Langkung dennya ngayang-ngayang //
  40. Tan saged lair tumuli / Mila kadelah ing mangkya / Wana kyangan namane / Nulya sang Rara akesah / Saking bantering raga / Akungkum aneng ing ranu / Kang aran Rawa Jembangan //
  41. Wus dangu dennya nyakiti / Neng rawa nulya ambabar / Medal taksaka putrane / Sang Rara sanget kantaka / Kasupen purwa duksina / Tan saged ningali sunu / Dene tan rupa manungsa //
  42. Taksaka ageng nglangkungi / Apanjang ngleker ing rawa / Pirsa ibune meh layon / Sarpa saged tata jalma / Welas marang ibunya / Nangisi sarwi amuwus / Sih anom aja palastra //
S  I   N   O  M
  1. Lah biyung sira tangia / Aja sira angemasi / Ni Rara aparipurna / Aningali mring kang siwi / Ajrihira nglangkungi / Nanging tan saged lumayu / Ula ngucap tetanya / Balik ingsun wartanana ingkang yoga //
  2. Ni Rara alon angucap / Saking jrih sarwi gumigil / Sun tan wruh sudarmanira / Sebab sun durung alaki / Dene sun anggerbini / Saking Mangir purwanipun / Ingsun mentas rewang / Tan ngrasa lawanan mami / Lan sun Tanya marang Ki Geng Mangir kana //
  3. Pan arsa suka uninga / Teksaka suka nglangkungi / Ningali mring biyangira / Ngore rekma aniba tangi / Wisa gumuywa mbelik / Nulya lampahira laju / Marang Mangir semana / Datan kawarna ing margi /  Ula sigra nututi biyangira //
  4. Ni Rara ing Mangir prapta  /  Ki Ageng kagyat suryaengling / Lah ta sira ana apa / Lumayu aniba tangi / Megap-megap dennya angling / Tan dangu teksaka rawuh / Jonggol neng wurenira / Ni Rara tiba tan eling / Ki Geng Mangir kagyat ajrih arsa kesah //
  5. Pujangga gumuyu suka / Nggih Kiyai sampun ajrih / Suwawi sami alenggah / Kawula nuwun upeksi / Ki Geng Mangir langkung jrih / Gumeter nggenira lungguh / Ngucap gugup nggeragap / Teksaka apa sireki / Tanpa sangkan umatur ponang pujangga //
  6. Aturipun tata jalma / Kawula inggih Kiyai / Nuwun pirsa jengandika / Sinten sudarma lun yekti / Ki Ageng Mangir mantub ajrih / Wus sareh ing manahipun / Dene bisa angucap / Kelawan emut ing galih / Duk kesahe kang rama sarwi wawarta //
  7. Iya sun tuturi sira / Sudarmanira sayekti / Ran Kiyai Wonoboyo / Mertapa ing Merbabu wukir / Lah jujugen sayekti / Pasthi sira yen denaku / Ula amit umesat / Datan kawarna ing margi / Lampahira prapta Merbabu semana //
  8. Ki Wonoboyo ngandika / Lah ula apa sireki / Dene bisa tata jalma / Anjujug pertapan mami / Pujangga matur aris / Mila kawula pukulun / Sowan sang maha tapa / Kepingin ingaken siwi / Arsa nglebur tapak suku sang Pandhita //
  9. Kiyai Ageng ngandika / Ingsun karya pasang giri / Kelamun sira abisa / Nglengkeri gunung puniki / Tepung sirah dumugi / Lawan buntutira gathuk / Lamun sira tan wignya / Sun tata arsa ngaku siwi / Mrebes mili pujangga nangis lir jalma //
  10. Teksaka matur ngrerepa / Sandika dhateng nglampahi / Angsala pangestu Tuwan / Mugi segeda kiyai / Rineksana tumuli /  Awakira gya pinusus / Sadariji geng ira / Panjang arga den lekeri / Pan maneh kemput among ta kirang saasta //
  11. Apa meled ilatira / Tepunge kelawan pethit / Ki Wonoboyo trengginas / Ilat pinancas ing cundrik / Tugel runtuh ing siti / Cinipta dhateng sang wiku / Dadya waos utama / Apan dhapur Barukuping / Baruklinthing pejah nyawa rupa jalma //
  12. Raga pejah rah nyemburat / Gandanya arum wangi / Binucal dhawah ing arga / Kidul kilen pernahneki / Wetan Lowanu nenggih / Gugraking bathang ngganda rum / Sirnaning bathang ula / Tuwuh wraksa waru sak wit / Mawi simbar karan Gunung Wangi mangkya //
  13. Kuneng raga kang ginustha / Muse Ki Baruklinthing / Sinabda marang kang rama / Lah kulup sira sun tuding / Awora bangsa ejim / Aneng ing Pening ngedhaton / Tunggal sukma nglembara / Dyan Baruklinthing wotsari / Tan lenggana sapituduhe kang rama //
  14. Gya lengser sangking ngekengan / Sakedhap prapta ing Pening / Tunggal Sukma nglambara / Akayangan aneng Pening / Nengna kang sampun mukti / Ki Wonoboyo winuwus / Lajeng kesah tirakat / Waos Ki Baru cinangking / Ngidul ngilen ing Gunung Wangi wus prapta //
  15. Amanggih waru asimbar / Anulya wau pinusthi / Sinabda dadya landheyan / Tabapi sarunganeki / Waru sawit kang dadi / Ki Wonoboyo gya wangsul / Lajeng tapa anangsang / Neng kajeng gurdha wus lami / Sampun gentur Ki Wonoboyo sampurna //
  16. Kantun waos kang sumladhang / Nenggih neng kayu waringin / Nanging katingalan sarpa / Ageng panjang ngrajihi / Ngakak rina wengi / Kathah jalma kang karungu / Tuwin ingkang uninga / Yen ula ageng wringin / Samya ajrih langkung singiding kang wana //
  17. Jalma mara jalma pejah / Sato mara, mara mati / Kuneng ingkang wis sampurna / Warnanen Ki Ageng Mangir / Sampun lama ing mangkin / Apan kathah putranipun / Jalu estri datan ginupit / Among putra kang sepuh ginupita //
  18. alu abagus warnanya / Winastan Ki Jaka Mangir / Semana sampun diwasa / Tinimbalan mring sudarmi / Sampun munggeng ing ngarsi / Ki Ageng Mangir nabda rum / Kulup sira karia / Sun arsa mangun teki / Andhedherek marang eyangira ngarga //
  19. Tapa neng Gunung Arbabwa / Wus lawas ingsun tan tuwi / Kang putra matur sumangga / Ki Ageng sigra lumaris / Tan kawarna ing margi / Wus prapta Arbabu Gunung / Panggih suwung kewala / Tanya mring sabate nenggih / Marang ngendi Kiyai dennya akesah //
  20. Kang tinanya matur seca / Sampun lami ta Kiai / Kesahe ambekta tumbak / Dhapuring Barukuping / Purwanipun ginupit / Sedyanira wus katur / Ki Mangir duk miyarsa / Legeg wigugen ing galih / Dadya neknung Ki Ageng aneng jro guwa //
  21. Wus lama antaranira / Marengi dina sawiji / Ya ta wanci labuh tiga / Wonten suara kapiarsi / Ujaring swara dumling / Aja sungkawa sireku / Lah kidul ika ana / Kayu gurdha gung sawiji / Ya neng kono sudarmanu tapa nangsang //
  22. Lan nggawa tumbak utama / Dhapuripun Barukuping / Ampuhe kagila-gila / Besuk sira kang ndarbeni / Tumrun anakireki / Dadi pusakaning ratu / Kang mengku ing rat Jawa / Wus nir swara Kyageng nglilir / Apungun sarta alon pamitan //
  23. Lah sabat sira karia / Ingsun arsa angulati / Ingsun tan arsa muliha / Yen tan ketemu kiyai / Nadyan prapta ing pati / Apan wus kasedyeng kalbu / Sabat matur sumangga / Gya lengser Ki Ageng Mangir /  Ngidul bener ningali wraksa satunggal //
  24. Ageng asinguh pernahnya / Neng pinggir jurang tumawung / Ki Ageng wus lumeksana / Tan ana baya kaeksi / Mung ujaring kang wangsit / Ingkang pineleng kalbu / Lajeng lumebet enggal / Neng ngandhape kajeng wringin / Aningali an ula geng sumladhang //
  25. Angakak ratri lan siyang / Hatnya melet lira pi / Ki Ageng tapa ing ngandhap / Antuk kawan dasa ari / Tan dhahar tan aguling / Sanget denira manekung / Manah tan kaya-kaya / Umadhep pasrah dhumatheng ing Ywang Kang Murba //
  26. Marengi Dina Jumungah / Kaliwon bangun kang awanci / Wuryan kang rama katingal / Ki Ageng Wonoboyo ngling / Lah kulup dipun aglis / Sira ambila den gupuh / Ingkang katingal naga / Pan iku tumbak sayekti / Langkung ampuh iku pusakaning nata //
  27. Kang mengku ing Tanah Jawa /  Iya ingkang wuri-wuri / Pan ingkang uwis sampurna / Ja sira kaliru kapti / Lan ambilen den aglis / Ki Wonoboyo nir sampun / Ki Ageng Mangir trengginas / Pethite naga pinusthi / Gya sinendhal wus dadya waos apelag //
  28. Abungah narwata suta / Sira Ki Ageng ing Mangir / Pinandi kang waos sigra / Arsa mantuk dhateng Mangir / Pun lampahira aglis / Datan kawarna ing enu / Prapta Mangir semana / Ya ta wanci sirep jalmi / Manjing dalem garwa putra tan uninga //
  29. Kang maos sampun pinoncalan / Rinengga kelangkung wingit / Rina wenig kinuntungan / Ing dupa gandanira mrik / Putra wus sinung warti / Wangsite eyangipun / Langkung denira bingah / Pan sampun antara lami / Wus kasusra Ki Ageng Mangir prabawa //
  30. Marga sangking waosira / Jalma kanan karing ajrih / Kathah sami kumawula / Dhumateng Ki Ageng Mangir / Langkung mandhireng galih / Tan arsa seba ing Prabu / Duk lagya Nagri Pajang / Ngantya mangke panjenengan ing Mentaram //
  31. Nanging wus sepuh kalintang / Ki Ageng nulya ngemasi / Putra Ki Jaka gumantya / Nunggak semi ing sudarmi / Nama Ki Ageng Mangir / Tan purun seba Mentarum / Gunge wong tuwa-tuwa / Ing Mangir sami ngaturi / Kacundhuka dhateng sang Prabu Mentaram //
  32. Dene ta sampun kasusra / Mentaram ratu sineki / Rat Jawa tumiyung samya / Pasisir manca negari / Kedhu miwah Bagelen / Banyumas Tegal wus teluk / Ing Banten Pajajaran / Jakarta sami sumiwi / Kantun ngriki bawah alit dereng seba //
  33. Ki Ageng Mangir angucap / Ingsun wani aprang tandhing / Lawan sang Prabu Mentaram / Ing ngendi nggone kepanggih / Lan ingsun tan ngregoni / Marang jenenge ing ratu / Mung iki dhukuh ingwang / Yasane eyang pribadhi / Tekeng rama sedheng ingsun ngakahana //
  34. Ingsun benjang gelem seba / Mring Senopati Mentawis / Yen kelar anadhahana / Tumbak sun Ki Baru iki / Yekti gelem sun bekti / Marang sang Rajeng Mentarum / Kuneng kang asung rembag / Sagung wong tuwa ing Mangir / Kawarnaa Mentarum tan pegat gustha //
MADYANING PALUGON
M E G A T R U H

  1. Kawarnaa risang Prabu ing Mentarum / Langkung pangunguning galih / Sasedanira kang sunu / Senopati ing Kadhiri / Aneng madyaning palugon //
  2. Lagya mangkin sang nata siniweng wadu / Kang paman sang Adipati / Mandaraka aneng ngayun / Lan Pangeran Mangkubumi / Lan Singasari tan adoh //
  3. Ki Dipati Martalaya munggeng ngayun / Tuwin para putra nangkil / Alon ngandika sang Prabu / Lah ta Paman Adipati / Mandaraka ulun taros //
  4. Aprakawis dhusun ing Mangir puniku / Pan sampun tita ing mangkin / Mandhireng tan arsa nungkul / Mandayeng keratin mami / Yen suwawi dipun bunoh //
  5. Gya ginecak tinumpes nakputunipun / Sipat lanang haywa kari / Dipati Mandaraka matur / Kawula datan suwawi / Den sareh karsa sang Katong //
  6. Nadyan alit tan kenging ginampil Prabu / Yen sisip ambebayani / Karya risaking wadya gung / Lan nistha jeneng nerpati / Amungsuh bekel bebaon //
  7. Kalih wonten sayektine kang pakewuh / Adarbe pusaka adi / Waos dhapuring Baru / Ampuhe kepati-pati / Nadyan jalma teguh layon //
  8. Dhingin ulun winisik dhateng sang wiku / Sunan Adilangu uni / Ki Mangir gamane luhung / Tan kenging tinulak jalmi / Sing ketiban pasthi layon //
  9. Tur cinetha dados pusakaning ratu / Dadya kembaraning Kyai / Palered sapungkur ulun / Pramila Angger denrempit / Binunjuk alus kemawon //
  10. Lamun sampun kenging waose pun Baru / Tan wonten malangateni / Sakarsa Panduka Prabu / Manira dhateng umiring / Sang Nata ngandika alon //
  11. Yen mekaten Paman nggih andika rembug / Apan keng amrih prayogi / Slamete gunging wadu / Ywa nganti nistha nerpati / Tur sandika Dipati //
  12. Mandaraka muwus / Lah ta kulup Mangkubumi / Lan Singasari sireku / Dipati Martalayeki / Paran rembug sun taros //
  13. Jeng Pangeran Mangkubumi lon umatur / Ing putra Rajeng Mentawis / Yen suwawi karsa Prabu / Putranta rahaden Dewi / Ingkang linurug ing kewuh //
  14. Lun panekkan mendhet mina jroning kedhung / Kang toya meksih abening / Mina kenging satuhu / Mesem Risang Senopati / Ngartika sajroning batos //
  15. Sigra jengkar kondur ngedhaton sang Prabu / Ingiring ing para sari / Kang bedhaya kalih lajur / Ngampil pacara nerpati / Supraptanira ing regol //
  16. Para garwa sedaya sami amethuk / Kinanthi asta Nerpati / Kanan kering tuwin pungkur / Papingitan para selir / Wus prapteng dalem sang Katong //
  17. Sampun lenggah angadep sagung pra arum / Warnanen pasowan jawi / Wus bubar sedaya mantuk / Mring wismanirapribadi / Sami prayitna ing batos //
  18. Warnanen Ywang Bagaspati / Ywang Candra ingkang gumanti / Ri sedheng purnama tuhu / Sumilak padhang ing langit / Sang Nata ngandika alon //
  19. Mring Bupati pawestri Disara luhung / Lah Adisara den aglis / Aturana Paman Juru / Malebua jro puri / Dyan Adisara wot //
  20. Sigra lengser Disara ing ngarsa Prabu / Wus mijil sangking jro puri / Prapta Mandaraka pangguh / Kalih Jeng Kyai Dipati / Ni Adisara turnya alon //
  21. Jeng Kiyai lun dinuta putra Prabu / Panduka dipun aturi / Malebet dhateng kedhatun / Cundhuk putranta Nerpati / Dipati Mandaraka gupoh //
  22. Sampun kered tumameng jroning kedhatun / Prapta byantara Nerpati / Kang paman ngatura gupuh / Wus tata lenggah sang Aji / Lan kang paman ngandika lon //
  23. Mila Paman kula aturi lumebu / Ndugekken rembag kang rempid / Sinten kang yogi tinuduh / Nginggahi dhateng ing Mangir / Kang samun santoseng batos //
  24. Sang Dipati Mandaraka alon matur / Yen suwawi ing karsa Ji / Putra Panduka Dyah Ayu / Den Ajeng Pembayun nenggih / Katindakeno ing kewoh //
  25. Pangarsane Martalaya ingkang patut / Dhadosa dhalang abangkit / Kekalih sumekseng siwi / Jayasupanta milwandon //
  26. Lan pun Suradipa dados panjakipun / Adisara sampun kari / Amomonga ing sang Ayu / Dadosa penggender benjing / Denakena suta yektos //
  27. Sri Narendra miyarsa pareng ing kalbu / Inggih Paman pun prayogi / Lan Adisara den gupuh / Timbalana si Adipati / Martalaya mring kedhaton //
  28. Lan si Jayasupanta Saradipeku / Katelu iriden sami / Adisara awotsantun / Wus medal sangking jro puri / Dhinerekaken ponang wong //
  29. Tan kawarna ing Martalaya wus rawuh / Panggih lawan Ki Adipati / Tuwin kalih kadangipun / Katri sampun den dhawuhi / Ngandikan manjing kedhaton //
  30. Tur sandika sampun kerid lampahipun / Lajeng tumameng jro puri / Prapta ing byantara Prabu / Tur bekti sumungkem siti / Abukuh denira lungguh //
  31. Sri Narendra Mentaram ngandika arum / Lah Martalaya sun tuding / Sira lumeksaneng kewuh / Lan arinira kekalih / Sun kantheni putraningong //
  32. Lan si Adipati milua sireku / Padha alakua sandi / Pepara mring Mangir nyamun / Awasena kang sayekti / Solahe si Mangir magok //
  33. Putra nata kasih Den Ajeng Pembayun / Ngandikan ngarsa rama Ji / Sumungkem mangaras suku / Sang Nata ngandika aris/ Lah lungguha putraningong //
  34. Sri Narendra angandika manis arum / Lah nyawa sira sun tuding / Ngulati tumbal nagri gung / Slamete sagunging dasih / Neng Mangir kalma kinaot //
  35. Lakonana sang Retna tan saget matur / Sumungkem suku anangis / Anukmeng sajroning kalbu / Paran nggoningsun gumingsir / Yen wus karsaning sang Katong //
  36. Lara pati ingsun pun darma lumaku / Sudarma lantaran widi /  Lamun ta lenggana ingsun / Duraka ing lair batin / Lara wirang sangking pakon //
  37. Dadya matur sandika sarwi amuwun / Kang putra sampun winangsit / Benjang yen sampun katemu / Amrih sebabe Ki Mangir / Sang Nata ngendika alon //
  38. Lah ta Paman Mandaraka dipun gupuh / Si Dhalang dika paring / Ringgit sakothak puniku / Gangsa gender wus paring / Suling rebabe kinaot //
  39. Wus rumanti praboting dhalang sedarum / Niyaga kang mbekta sami / Sang Nata ngandika arum / Lah uwis mangkata mangkin / Ing wuri aja pakewuh //
SANG RAJA PUTRI
P A N G K U R

  1. Matur sandika gya mangkat / Wanci bangun raina nggennya mijil / Lampahira rangu-rangu / Dipati Mandaraka / Sampun medal sangking sajroning kedhatu n / Ndhawuhi wong kapetangan / Njampangi sang Raja Putri //
  2. Kuneng kang kantun nagara / Kawarnaa kang lumampah mring Mangir / Datan kewarna ing enu / Prapta Mangir semana / Amarengi ungsume wong-wing merti dhusun / Alaris kathah kang nanggap / Kasusra dhalang negari //
  3. Lawan malih wus kawarta / Lamun dhalang darbe atmaja estri / Warnane ayu kelangkung /  Desa tan ana madha / Dadya katur mring Ki Ageng Mangir sampun / Duk semana tinimbalan / Dhalang mring Ki Ageng Mangir //
  4. Wus prapta tata alenggah / Neng mendhapa Ki Ageng amanggihi / Namadunya sebdanya rum / Ki Dhalang nuwun turnya / Tanya malih sinten wewangenireku / Lan sangking pundi pinangka / Ki Dhalang amatur aris //
  5. Kawula pun Sandiguna / Angsal ulun Negari ing Kedhiri / Andherek mring Gusti ulun / Senopati ing Pamenang / Mbalik dhateng gusti sang Prabu Mentarum / Nging seda madyaning rana / Keng sampyuh lan pun Pesagi //
  6. Mila wonten Mentaram / Ki Geng Mangir mangkya ngandika ris / Kula nedha damelipun / Kisanak ndika mayang / Wonten ngriki Ki Sandiguna turipun / Sumangga yen wonten karsa / Semana sampun alatri //
  7. Tata wayang neng pringgitan / Ingkang nggender Adisara respati / Sang Retna lenggah neng pungkur /  Ira Ki Sandiguna / Saradipa punika nabuh kempul / Sandisasmita angendhang / Wus lajeng lekas aringgit //
  8. Lampahane Pikukuhan / Ki Ageng Mangir ningali neng mendhapi / Mulat ingkang atmajanipun / Dhalang ayu utama / Nora linyok sagung wong ingkang anggunggung / Ki Ageng branta ing nala / Sakbandanira aringgit //
  9. Tinimbalan mering mendhapa / Ki Geng Mangir Tanya wecana manis / Rarestri lenggah ing pungkur / Dika kapernah napa / Kiyai Dhalang Sandiguna lon umatur /Punika anak kawula / Lairan saking Kedhiri //
  10. Ki Ageng malih tanya / Nggih punapa teksih legan puniki / Sandiguna aturipun / Mila teksih alegan / Dereng wonten kang dados parenging kalbu / Ki Ageng Mangir wecana / Yen paring dika Kiyai //
  11. Anak dika kula tedha / Karya krama, Sandiguna turnya ris / Yen Tuwan sudi jumurung / Mupu tiyang ngumbara / Tanpa wisma, Ki Ageng wecana arum / Lah dika Kyai tetepa / Awisma wonten ing riki //
  12. Tan ginustha rembagira / Sang Retnayu ingaturaken aglis / Ing dalu ingkang winuwus / Dyah arsa cinengkraman / Sang Retnayu akekah sarwi anuwun / Ki Ageng nglimur ngrerepa / Paran Nimas dadi galih //
  13. Wong ayu ngur memundhuta /  Ingkang adi-adi dasih ngladosi / Sang Retna nembah umatur / Alon sarwi karuna / Kyai Ageng kawula matur satuhu / Dede atmajaning dhalang / Kula putra ing Mentawis //
  14. Margine kawula kesah / Pan tinari krama kula tan apti / Sanget duka Rama Prabu / Kula pilalah pejah / Milanipun kalampahan kula tinundhung / Sing pura mila ngembara //
  15. Kawula pinundhut anak / Dhateng dhalang mila tumut mariki / Temahan Panduka pundhut / Kangjeng Rama tan wikan / Lamun yektos Panduka sudi amupu / Dhateng dama kawlas arsa / Nging wonten panuwun mami //
  16. Panduka sowan Mentaram / Ing Jeng Rama kawula nggih umiring / Tamtu bingah Rama Prabu / Darbe mantu Panduka / Mung punika kang dados panuwun ulun / Yen Panduka datan arsa / Sowan dhateng Mentawis //
  17. Sayektos sun plaur pejah / Boten purun kawula angladosi / Ajrih durakeng Ywang Agung / Durakeng ing sudarma / Ki Ageng Mangir miyarsa ngartikeng kalbu / Yen mangkono raganingwang / Tan kaliru nggosun mipil //
  18. Nemu putraning Narendra / Dadi dudu anaking dhalang sayekti / Iya sokur mring Ywang Agung / Sun katiban jimat / Ki Ageng Mangir angandikan manis arum / Dhuh Gusti sun turut sira / Sun seba Rajeng Mentawis //
  19. Dilalah kersaning Sukma / Ki Ageng Mangir manahira agampil / Sangking sanget nandhang wuyung / Marang kusumaning dyah / Kyageng Mangir ngrerepa “Dhuhmirah ingsun” / Nanging Gusti jampenana / Kang abdi kandhon kingkin //
  20. Sayekti tumekeng pejah / Ingkang abdi yen tan pinaring jampi / Wurung mati turut lurung / Pinunggel kang asmara / Sang Dyah Ayu sampun anglanggati sampun / Kawarnaa sampun enjang / Sandiguna den timbali //
  21. Wus prapta lenggah mendhapa / Ki Ageng Mangir tetanya arum manis / Paman manira satuhu / Tanya dhateng andika / Rare niki napa anak dika tuhu / Ki Dhalang umatur seca / Yektose nggen kula manggih //
  22. Rare wonten pangumbaran / Kula tanya bibit kawiting nguni / Tan seca kang darbe sunu / Ngaken rare ngumbara / Sampun lola tan ndarbeni bapa biyung / Sedaya sampun pejah / Milane kulambil siwi //
  23. Ki Ageng marwata suta / Jroning galih bungahira tan sepi / Ngemu nyata tur ing dalu / Dadya Ki Ageng warah / Mring Ki Sandiguna / Sang Retna turipun / Ngaken putir ing Mentaram / Putrane Sang Senopati //
  24. Lah nedha sami aseba / Mring Mentaram ngaturaken sang Putri / Ki Sandiguna andheku / Inggih dhateng sumangga / Ki Geng Mangir ngundhangi mring nak putu / Tuwin ingkang kulawangsa / Ing Mangir sami kinerig //
  25. Dandan tandhu lan jajaran / Tuwin gawan tur atur mring Mentawis / Busekan wong Mangir sampun / Sumekta upacara / Lan bebetan asrah bulu bektenipun / Kuneng ing Mangir kang dandan / Ucapen ki Gunasandi //
  26. Ing ndalu apirembagan / Saradipa ingutus tur upeksi / Ing Gusti Rajeng Mentarum / Dalu denira mangkat / Tan kawarna ing marga ing lampahipun / Enjing prapta ing Mentarum / Lajeng tumameng jro puri //
  27. Cundhuk ing sang Senopatya / Saradipa sumungkem ing pada Ji / Sarwi alon aturipun / Ulun ngunjuki pirsa / Sampun katur saniskareng ngutus / Tuwin solahe neng kana / Sampun katur sedyaning //
  28. Trustha sang Rajeng Mentaram / Animbali Dipati Mandaraka glis / Tan dangu prapteng kedhatun / Cundhuk putra Narendra / Panembahan Senapati ngandika rum/ Lah ta Paman Mandaraka / Pun Mangir arsa suwiwi //
  29. Inggih Paman undhangana / Tyang Mataram sami prayitneng wisthi / Ananging ta dipun samun / Mandaraka tur sandika / Ingundhangan sagung wadya ing Mentaram / Wus sami prayitneng baya / Kuneng nagri ing Mentawis //
  30. Ing Mangir kang kawarna / Kyai Ageng arsa utusan dingin / Tur uninga ing sang Prabu / Mentarum kang dinuta / Dhalang Sandiguna kinanthen wau / Awasta Ki Singajaya / Pinituwane wong Mangir //
  31. Ingiring wong kalih dasa / Kakapalan lampahira pun aglis / Kuneng ta ingkang lumaku / Kawarnaa Mentaram / Sri Narendra miyos sineba wadya gung / Lenggah ing dampar kencana / Munggeng ing Bangsal Pangrawit //
  32. Pepak gung putra sentana / Kyai Depati Mandaraka munggeng ngarsi / Tan dangu na jalma rawuh / Njujug waringin kembar / Tyang kekalih lenggah apepe tumungkul / Kawistareng ing Narendra / Gandhek kinen marika glis //
  33. Wong gandhek lampahnya gancang / Sampun panggih lawan jalma kang prapti / Tinaken sampun matur / Lamun Mangir caraka / Sigra wangsul gandhek lampahe tan santun / Prapteng byantara tur sembah / Pukulun atur upeksi //
  34. Gusti jalma ingkang prapta / Dutanipun didalem Ki Ageng Mangir /  Sang Nata ngadika arum  /  Lah age timbalana /  Wadya gandhek tur sembah sigra awangsul /  Lampahira sampun prapta /  Ndawuhaken timbalan aji //
  35. Nedha andika ngandika / Tur sandika duta kalih kairid / Prapta byantara wotsantun / Muka sumungkem kisma / Sri Narendra pangandikanira arum / Lah sira kinongkon apa / Marang Ki Ageng ing Mangir //
  36. Duta umatur wotsekar / Lun dinuta gusti atur upeksi / Ki Ageng Mangir pukulun / Ngaturaken pejah gesang / Tur uninga konjuk ing Gusti sang Prabu / Ing mangke manggih wanodya / Angaken putra Nerpati //
  37. Den Ajeng Pembayun nama / Lamun yektos putra dalem Nerpati / Didalem Mangir cumundhuk / Ndherekken putra Nata / Sri Narendra angandika manis arum / Iya nyata putraning wang / Kang murca kalaning wengi //
  38. Lir jinumput Sukmamanangsa / Sun ulati wus lawas tan kepanggih / Mengko jebeng Mangir nemu / Ingsun sokur ing sukma / Besuk apa nggone seba putraningsun / Pan ingsun utusan mapag / Mring putrengeng Nini Putri //
  39. Ing benjang respati sowan / Sri Narendra ngandika Lah ya uwis / Sun tarima bektenipun / Age sira balia / Tur sandika duta nembah sigra mundur / Sapengkere ponang duta / Sang Nata ngandika aris //
  40. Inggih Paman Mandaraka / Benjang Kemis den sudhiya ing jurit / Ingkang methuk putraningsun / Aneng jaban negara / Tur sandika sang Nata kondur ngedhatun / Kang sewaka sampun bubar / Sedaya mangati-ati //
  41. Duta tan kawarneng marga / Lampahira ing Mangir sampun prapti / Katur saatur ingutus / Miwah wewelingira / Sri Narendra Mentaram sedaya katur / Ki Ageng suka ing nala / Sigra angundangi dasih //
  42. Sumekta enjinge budhal / Wong ing Mangir kerig samya umiring / Gegaman wetara sewu / Tuwin ingkang bebektan / Raja putri tinitihaken tandu / Tanapi Ni Adisara / Tan pisah kalih sang Putri //
  43. Upacarane bra sinang / Jajare merapit kanan kering / Ki Ageng busana murup / Ki Baru datan tabah / Munggeng kanan Ki Geng nitih mungguh / Ginarebeg sentanannya / Kinubeng gegaman asri //
  44. Lir pindah binayang karya / Dhasar bagus wau Ki Ageng Mangir / Abusana adiluhung / Lir pendah Partaajmaja / Raja putri lumampah munggeng ing ngayun / Upacara munggeng ngarsa / Ing wuri wongmager sari //
  45. Gotongan lampah ngarsa / Ingkang badhe katur Raden Mentawis / Apan kathah waranipun / Gotongan myang rembatan / Lampah ndulur asri munggeng ing marga gung / Rembeg lampahireng wadya / Akathah tiyang ningali //
  46. Ing Mangir sampun kawuntat / Lampahira Karasan sampun prapti / Arerep wonten ing ngriku / Ngasoen wadyabala / Kawarnaa Sri Narendra ing Mentarum /  Njing miyos siniwaka / Pepak kang para dipati //
  47. Sang Dipati Mandaraka / Munggeng ngarsa lan Pangran Mangkubumi / Tuwin Pangran Singasantun / Pangran Dipati Kanan / Pangran Puger punika ingkang sumambung  / Jeng PangranJagaraga / Pangran Purbaya nambungi //
  48. Sang Dipati Mandaraka / Neng Sitinggil wau dennya miranti / Bupati maglaran sampun / Miwah mantri Mentaram / Enengana kang lumampah / Sira Ki Ageng ing Mangir //
  49. Gancanging carita prapta / Sudimara wau Ki Ageng Mangir / Pangeran Mangkubumi menthuk / Dhumateng ingkang putra / Nulya rerep sira Den Ajeng Pembayun / Umatur dhateng kang raka / Nenggih Ki Ageng ing Mangir //
  50. Lah punika Kangjeng Paman / Pangeran Mangkubumi ingkang satunggil / Paman Pangran Singasantun / Amethuk ing kawula / Ki Geng Mangir sangking turangga tumurun  / Aris denira lumampah / Panggih Jeng Pangeran kalih //
  51. Ki Baru tan kena tebah / Raden Ayu Pembayun medhak aglis / Lumajeng angraup suku / Ngabekti mring kang Paman / Sekaliyan kang paman sami ngemu luh / Sang Dyah sumungkem karuna / Wus kinen tata alinggih //
  52. Ki Ageng Mangir salaman / Lan Jeng Pangeran Mangkubumi gumanti / Jeng Pangeran Singasantun / Wus sami tata lenggah / Namudana Pangran kalih mring kang rawuh / Nuwun Ki Geng Mangir turnya / Pangeran ngandika malih //
  53. Dhuh angger lampah manira / Pan ingutus ramanta sang Nerpati / Methuk arinta sang Ayu / Ping kalih jengandika / Kaping tiga manira kinen sung pemut / Yen panduka arsa sowan / Dhateng ramanta sang Aji //
  54. Sampun sagelar sapapan / Langkung ewet sang Nata tan manggihi / Tan taningal seca tuhu / Ngabekti wong atuwa / Yen sembada Angger luwung kinen mundur / Sagunge ingkang gegaman / Rumeksaa dalem Mangir //
  55. Menawi andika lama / Neng Mataram ing wuri langkung watir / Dene ingkang atut pungkur / Amungna upacara / Nadyan gaman mungna sawetara tumut / Pantese sowan ing Nata / Sampun angaget-ageti //
  56. Bupati andher aseba / Para mantri Majegan sampun nangkil / Prajurit barisnya tepung / Munggeng alun-alun aglar / Ingkang saos badhe methuk sang Dyah Ayu / Ingkang sangking pangambaran / Saha prayitna ing westhi //
  57. Sang Nata alon ngandika / Paman Mandaraka sumangga kardi / Manira wonten kedhatun / Ing jawi jengandika / Sang Dipati sandika ing aturipun / Dipati Mandaraka nabda / Lah ta Kulup Mangkubumi //
  58. Lawan kulup Singasekar / Lah methuka aneng jaban negari / Mantri Majegan kang milu / Den prayitna ing baya / Yen si Mangir deniring gegaman agung / Den andhega Sudimara / Aja akeh ingkang ngiring //
  59. Sira Puger Purbaya / Lah methuka Danalaya den aglis / Wong Kajoran ingkang milu / Yen Mangir prapteng kana / Gegamane andhega aja leh milu / Mung karia upacara / Kang ngiringi mlebu negari //
  60. Dene sagung pra nayaka / Aseba aneng ing Pancaniti / Wiroguna ingsun tuduh / Sebaa Panguraken / Yen si Jebeng Mangir prapta aneng riku / Andhege upacaranya / Muga kekasih kang ngiring //
  61. Tuwin para sentananya / Ingkang ngodhe jalu miwah pawestri / Ngiringa marang kedhatun / Sun aneng Brajanala / Gung prajurit barisa pendhem sedarum / Densamun den ngati-ati //
  62. Sedaya matur sandika / Sigra budhal Pangeran Mangkubumi / Lan Pangeran Singasantun / Lan Mantri Pamajengan / Sampun prapta Sudimara nggennya methuk / Pangeran Puger Parubaya / Ing Danalaya miranti //
  63. Tanapi wadya Kajoran / Wiroguna Pangraken miranti / Prajurit ngubeng kedhatun / Nanging samun barisnya / Sri Narendra sampun kondur angedhatun / Dene sagung para putra / Sedaya neng Srimanganti //
  64. Ki Ageng Mangir nuwun turnya / Pinaringan prayogi anglampahi / Wadya ingundhangan mantuk / Rumeksa ing wuntat / Mung karia nderek wong patang puluh / Lawan wadya upacara lan gegawan mbacut sami //
KI AGENG MANGIR LENA
P A N G K U R

  1. Wus bubar sagung gegaman / Mantuk dateng Mangir rumekseng wengi / Ing enu datan winuwus / Ki Geng Mangir wus mangkat / Pangeran Mangkubumi kang ngirid ing ayun / Ing Danalaya kapapag / Pangeran Puger Dipati //
  2. Kawetareng gya tedhak / Sang Retna Pembayun aningali / Yen kang rayi kalih metuk / Matur dhateng kang raka / Jeng Kiyai punika Adhimas methuk / Pangeran Puger Purbaya / Ki Ageng Mangir nuruni //
  3. Sakedhap tata alenggah / Pangeran Puger namudana amanis / Ki Geng Mangir matur nuwun / Pangeran malih nebda / Kula ngutus ing Nata kinen amethuk / Kakangmbok lan jengandika / Lajenga manjing negari //
  4. Nging sampun mbekta gegaman / Sri Narendra tyas langkung sangga runggi / Sami kantuna ing enu / Namungnya upacara / Lan bebektan lajengan tumut laju / Ki Geng Mangir tur sandika / Wong kawan dasa ken kari //
  5. Amung kari upacara / Sigra lajeng lampahira lestari / Prapta Pangurakan methuk / Tumenggung Wiroguna / Lan umatur mring Ki Ageng Mangir wau / Angger gunging upacara / Panduka antun neng riki //
  6. Pangeran catur lajeng sigra / Tur uninga ing Jeng Sri Narapati / Prapteng byantara umatur / Putranta sampun prapta / Lan pun Mangir kendel Pangurakan dangu / Ngantosi karsa paduka / Sang Nata ngandika aris //
  7. Lah wong gandhek timbalana / Putraningsun lan si Jebeng Mangir / Lajua marang kedhatun / Hangywa suwe neng jaba / Nembah lengser wong gandhuk lampahnya gupuh / Sampun prapta Pangurakan / Ki Ageng dipun dhawuhi //
  8. Nedha Ki Ageng ngandikan / Lan arinta tumameng jroning puri / Raja Ji angayun-ayun / Ki Ageng tur sandika / Retnaning dyah pinethuk jempana sampun / Lajeng Ki Ageng andharat / Ki Baru tan keri tebih //
  9. Ginerbeg sentananira / Prapteng Pancaniti tedhak sang putri / Lajeng minggah Sitiluhur / Ki Ageng datan tebah / Lan Ki Baru prapteng Brajanala sampun / Dipati Mandaraka mapag / Mring wayah angemu tangis //
  10. Apan sarwi kapang-kapang / Pangandikanira arum amanis / Adhuh Nyawa putraningsun / Tan nyana meksih gesang / Sun ulati alami datan kepanggah / Sun sebar keh wong Mentawis / Njajah desa milang kori //
  11. Ing wana arga sinasak / Ingulatan ameksa tan kepanggih / Ingsun nyana sampun lampus / Mangke sira pinanggya / Mring Mas Putu ing Mangir langkung jumurung / Wus sami tata alenggah / Kemandhungan amiranti //
  12. Sang Retna ngaturi priksa / Mring Ki Ageng Mangir wecana manis / Punika Jeng Eyang tuhu / Dipati Mandaraka / Keng nguyunu sedaya tiyang Mentarum / Jeng Rama inggih tan wikan / Sampun dening Yang Dipati //
  13. Sang Retna lajeng ngabektya / Mring kang kinen alungguh / Dipati Mandaraka / Namudana Ki Ageng Mangir tur nuwun / Sang Dipati malih nabda / Putu sun asung prayogi //
  14. Sira ngabekti sudarma / Lan Narendra nganggo tataning nagri / Tan kena tumbak malebu / Marang sajroning pura / Lah kantuna ampilanira sun tunggu / Ki Ageng ewe ting driya / Adangu tan kena angling //
  15. Kumejot sarjoning manah / Dadya matur sang Retna ngasih-asih / Sampun walang driya tuhu / Punika Kanjeng Eyang / Dipitados sampun lampahing praja gung / Lumebet sajroning pura / Tan kenging gegaman ngiring //
  16. Ki Ageng nuruti garwa / Atur sembah Sumangga Jeng Kiyai / Tan dangu Ni Lurah rawuh / Ndhawuhaken timbalan / Nedha Gusti Panduka ngandikan Prabu / Lumebeng dhatulaya / Panduka Gusti rumiyin //
  17. Sang Retna lajeng mring pura / Sri Narendra lenggah gegilang adi / Kang rayi kalih neng ngayun / Pangeran Mangkubumnya / Lan Pangeran Singasari keringipun / Pangeran dipati ngarsa / Pangran Puger Purbayekti //
  18. Sang Retna sareng katingal / Lan Dirasa ingawe sang Nerpati / Aklih majeng awotsantun / Prapteng byantara Nata / Dyan sumungkem ing suku ngusapi lebu / Sang Retna sarwi karuna /Sang Nata ngandika aris //
  19. Adhuh Nyawa sun tarima / Wis menenga aja sira anangis / Mundura mring dalem pungkur / Lan sira Adisara / Dinuk ngliring Disara dugeng ing kalbu / Sang Retna tur sembah medhak / Kondur dhateng dalem wingking //
  20. Pangran Mangkubumi medal / Lan kang rayi Pangran Singasari / Prapta Kemandhungan sampun / Ndhawuhaken timbalan / Lah Ki Ageng Mangir ngandikan sang Prabu / Malebeng sajroning pura / Sandika Ki Ageng Mangir //
  21. Kerid marang Jeng Pangeran / Kang ampilan sentana kantun jawi / Ki Ageng prapteng kedhatun / Munggeng byantara nembah / Dyan ingawe Ki Ageng aseleh dhuwung / Majeng ndhadhap prapteng ngarsa / Sumungkem pada Nerpati //
  22. Sang Nata emut ing driya / Dukanira ing kuna andhatengi / Ki Mangir sirah dhinengku / Ketanggor sela gilang / Kapisanan Ki Mangir sirahnya remuk / Sang Nata anulya jengkar / Sinamun dennya ngemasi //
  23. Layon sampun sinaenan / Winedalaken mring pabutulan kering / Sang Ywang Radiktya meh surup / Pangran catur wus medal / Sampun panggih lan sang Adipati gupuh / Wau ta Ki Mandaraka / Sampun anempeni wangsit //


*Sumber : Kiriman dari Mas Sidiq Firmanto di http://alangalangkumitir.wordpress.com/category/babad-mangir/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SEMANGAT PAGI....SUKSES Untuk SEMUA
JIKA ANDA PIKIR BISA PASTI BISA..!
Maaf apabila dalam pengambilan GAMBAR dirasa VULGAR
(Gambaran ini Hanyalah FAKTA sesuai dengan ASLINYA)
dan TIDAK Mutlak untuk diperdebatkan......................!!!
AKU CINTA NUSANTARAKU

KEBERLANGSUNGAN

Sedekah(Bisa Menunda Kematian)
KLCK aja ICON dibawah untuk Baca berita
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...