primbon


Web Site Hit Counters

Sejak:17 Agustus 2013
DAFTAR SAHABAT YG MASUK The truth seeker
Tidak harus menjadi yang pertama,yang penting itu menjadi orang yang melakukan sesuatu dengan sepenuh hati.


Disclaimer:Artikel,gambar ataupun video yang ada di blog ini terkadang berasal dari berbagai sumber media lain,
dan Hak Cipta sepenuhnya dipegang oleh sumber lain tersebut.Jika kami salah dalam menentukan sumber yang pertama,
mohon beritahu kami
e-mail primbondonit@gmail.com HOTLINE atau SMS 0271 9530328

GAMBAR-GAMBAR dibawah ini BUKAN HANYA IKLAN tapi merupakan LINK SUMBER




Bagi sebagian masyarakat yang mengklaim diri sebagai masyarakat peradaban modern,westernism bahkan sebagian yang mengesankan perilaku agamis yakni hanya bermain-main sebatas pada simbol-simbol agama saja tanpa mengerti hakekatnya,dan kesadarannya masih sangat terkotak oleh dogma agama-agama tertentu.Manakala mendengar istilah mistik,akan timbul konotasi negatif.Walau bermakna sama,namun perbedaan bahasa dan istilah yang digunakan,terkadang membuat orang dengan mudah terjerumus ke dalam pola pikir yang sempit dan hipokrit.Itulah piciknya manusia yang tanpa sadar masih dipelihara hingga akhir hayat.Selama puluhan tahun,kata-kata mistik mengalami intimidasi dari berbagai kalangan terutama kaum modernism,westernisme dan agamisme.Mistik dikonotasikan sebagai pemahaman yang sempit,irasional,dan primitive.Bahkan kaum mistisisme mendapat pencitraan secara negative dari kalangan kaum modern sebagai paham yang kuno,Pandangan itu salah besar.Tentu saja penilaian itu mengabaikan kaidah ilmiah.Penilaian bersifat tendensius lebih mengutamakan kepentingan kelompoknya sendiri,kepentingan rezim,dan kepentingan egoisme(keakuan).Penilaian juga rentan terkonaminasi oleh pola-pola pikir primordialisme dan fanatisme golongan,diikuti oleh pihak-pihak tertentu hanya berdasarkan sikap ikut-ikutan,dengan tanpa mau memahami arti dan makna istilah yang sesungguhnya.Apalagi dalam roda perputaran zaman sekarang,di mana orang salah akan berlagak selalu benar.Orang bodoh menuduh orang lain yang bodoh.Emas dianggap Loyang.Besi dikira emas.Yang asli dianggap palsu,yang palsu dibilang asli.Semua serba salah kaprah,dan hidup penuh dengan kepalsuan-kepalsuan.Untuk itulah Warisjati merangkum beragam artikel dari beberapa sumber tentang pengetahuan Budaya dan tradisi di Nusantara yang merupakan warisan para leluhur yang sarat akan makna dan berbagai artikel lainnya yang saling melengkapi.Dengan harapan membangun sikap arif dan bijaksana dan mengambil pelajaran serta pengetahuan dari budaya masa lalu sebagai warisan leluhur di Nusantara ini.

ORANG YANG DENGAN MUDAHNYA MENGATAKAN SESAT KEPADA SESEORANG
ADALAH ORANG YANG TIDAK atau BELUM PAHAM AKAN DIRINYA SENDIRI



Minggu, 19 Januari 2014

Udheng utawi Dhestar (Pangertosanipun)


Udheng utawi Dhestar

PANGERTOSANIPUN DHESTAR UTAWI UDHENG

Udheng basa ngokonipun iket utawi blangkon,dene krama inggilipun Dhestar,punika arupi panganggen ingkang dipun agem nutupi Mustaka.

Udheng makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi,ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet,supados rerengganipun kiwa tengen sami,lajeng nembe dipun jahit miturut ukuran saha cangkrikipun.

Jaman kala rumiyin taksih kalimrah udheng hanggenipun mangangge dipun iras,tegesipun kain bathik pesagi kalawau lajeng kemawon dipun ubed ubedaken mustaka kanthi tatacara trep nembe pucukipun kain bathik dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka.Dene manawi sampun boten kangge lajeng dipun udhari malih.

UDHENG/DHESTAR

Udheng utawi dhestar kaprah ing Keraton Surakarta wonten kalih,inggih punika:
  • DHESTAR JEBEHAN

Dhestar punika agemanipun para luhur,dhestar punika ugi boten mawi kuncung,sanadyan sampun kaprah ugi kaangge wonten sanjawinipun keraton. 









  • DHESTAR CEKOK MONDHOL MAWI KUNCUNG
 Panganggenipun para abdi dalem Bupati Sepuh sapangandhap wiwit saking:
  1. Pangkat BUPATI RIYA NGINGGIL     Sesebatan KRHT/KRAT
  2. Pangkat BUPATI SEPUH           Sesebatan KRMT/KRT
  3. Pangkat BUPATI ANOM            Sesebatan RMT/RT
  4. Pangkat PANEWU                Sesebatan BEI/Mng
  5. Pangkat MANTRI                 Sesebatan Mng
  6. Pangkat Lurah                   Sesebatan ML/RL
  7. Jajar                           Dereng gadah pangkat
  8. Punakawan                      Dereng gadah pangkat
   


WANGUNIPUN UDHENG UTAWI DHESTAR

Miturut wangunipun,ingkang kaprah wonten kalih warni,inggih punika:
  • UDHENG JEBEHAN
Titikanipun udheng jebehan punika sisih ngajeng boten wonten kuncungipun.Kajawi punika ing sisih wingking mondholipun terusan mlered saking nginggil mangandhap mujudaken irung irungan lonjong nanging trepes.Dene sakiwa tengenipun mondholan wonten"Jebehanipun"awujud Elar elaran mangiwa manengen.
  • UDHENG CEKOK MONDHOL 
Titikanipun udheng cekok mondhol inggih punika ing ngajeng wonten kuncungipun,dene ing wingking wonten mondholan awujud lonjong kados tumempel ing wingking udheng.Sisih nginggilipun mondholan wonten rerengganpun awujud dhasi kupu alit. 
  
PERANGANIPUN UDHENG UTAWI DHESTAR

Nama peranganing udheng,cakrik sarta tegesipun ingkang kalimrah inggih punika:
  • KUNCUNG
Inggih punika awujud pucuking kain bathik ingkang mapanipun wonten ngajeng ing tengah tengah pas tengahing bathuk.Kuncung punika namung wonten ing udheng cekok mondhol.
  • WIRON
Inggih punika awujud peranganing kain bathik ingkang mapanipun wonten ngajeng lan kain punika kawiru ing ering kiwa lan tengen sak nginggiling alis.
  • SUNGLON
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang dipun papanaken sak nginggiling wiron. 

  • KEMADHA
Inggih punika pinggiraning bathik ingkang kaprenahaken wonten ing kiwa tengening udheng.Ingkang lancip-lancip punika winastan cakrik pangkur.
  • TALINGAN 
Inggih punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap radi melengkung supadhos trep mapan sak nginggiling talingan. 
  • MODHANGAN
Inggih punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang mapanipun wonten ing sisih nginggil.(Nginggil Rikma,wiwit saking nginggil ngajengan tumuju tengah,nginggil embun embun)
  • MONDHOLAN
Inggih punika peranganing udheng ingkang awujud bundher semu lonjong radi gepeng ingkang kapapanaken wonten sak wingkingipun udheng ing tengah tengah,trep nginggil githok.
  • PUCUKING UDHENG
 Ing sisih nginggil manawi wangupipun lancip dipun sebat"cakrik perbawan"(ingkang ngagem hanggadahi raos prabawa).Dene manawi radi papak dipun wastani"cakrik kasatriyan"(ingkang ngagem hanggadahi raos kadi dene satriya).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SEMANGAT PAGI....SUKSES Untuk SEMUA
JIKA ANDA PIKIR BISA PASTI BISA..!
Maaf apabila dalam pengambilan GAMBAR dirasa VULGAR
(Gambaran ini Hanyalah FAKTA sesuai dengan ASLINYA)
dan TIDAK Mutlak untuk diperdebatkan......................!!!
AKU CINTA NUSANTARAKU

KEBERLANGSUNGAN

Sedekah(Bisa Menunda Kematian)
KLCK aja ICON dibawah untuk Baca berita
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...