primbon


Web Site Hit Counters

Sejak:17 Agustus 2013
DAFTAR SAHABAT YG MASUK The truth seeker
Tidak harus menjadi yang pertama,yang penting itu menjadi orang yang melakukan sesuatu dengan sepenuh hati.


Disclaimer:Artikel,gambar ataupun video yang ada di blog ini terkadang berasal dari berbagai sumber media lain,
dan Hak Cipta sepenuhnya dipegang oleh sumber lain tersebut.Jika kami salah dalam menentukan sumber yang pertama,
mohon beritahu kami
e-mail primbondonit@gmail.com HOTLINE atau SMS 0271 9530328

GAMBAR-GAMBAR dibawah ini BUKAN HANYA IKLAN tapi merupakan LINK SUMBER




Bagi sebagian masyarakat yang mengklaim diri sebagai masyarakat peradaban modern,westernism bahkan sebagian yang mengesankan perilaku agamis yakni hanya bermain-main sebatas pada simbol-simbol agama saja tanpa mengerti hakekatnya,dan kesadarannya masih sangat terkotak oleh dogma agama-agama tertentu.Manakala mendengar istilah mistik,akan timbul konotasi negatif.Walau bermakna sama,namun perbedaan bahasa dan istilah yang digunakan,terkadang membuat orang dengan mudah terjerumus ke dalam pola pikir yang sempit dan hipokrit.Itulah piciknya manusia yang tanpa sadar masih dipelihara hingga akhir hayat.Selama puluhan tahun,kata-kata mistik mengalami intimidasi dari berbagai kalangan terutama kaum modernism,westernisme dan agamisme.Mistik dikonotasikan sebagai pemahaman yang sempit,irasional,dan primitive.Bahkan kaum mistisisme mendapat pencitraan secara negative dari kalangan kaum modern sebagai paham yang kuno,Pandangan itu salah besar.Tentu saja penilaian itu mengabaikan kaidah ilmiah.Penilaian bersifat tendensius lebih mengutamakan kepentingan kelompoknya sendiri,kepentingan rezim,dan kepentingan egoisme(keakuan).Penilaian juga rentan terkonaminasi oleh pola-pola pikir primordialisme dan fanatisme golongan,diikuti oleh pihak-pihak tertentu hanya berdasarkan sikap ikut-ikutan,dengan tanpa mau memahami arti dan makna istilah yang sesungguhnya.Apalagi dalam roda perputaran zaman sekarang,di mana orang salah akan berlagak selalu benar.Orang bodoh menuduh orang lain yang bodoh.Emas dianggap Loyang.Besi dikira emas.Yang asli dianggap palsu,yang palsu dibilang asli.Semua serba salah kaprah,dan hidup penuh dengan kepalsuan-kepalsuan.Untuk itulah Warisjati merangkum beragam artikel dari beberapa sumber tentang pengetahuan Budaya dan tradisi di Nusantara yang merupakan warisan para leluhur yang sarat akan makna dan berbagai artikel lainnya yang saling melengkapi.Dengan harapan membangun sikap arif dan bijaksana dan mengambil pelajaran serta pengetahuan dari budaya masa lalu sebagai warisan leluhur di Nusantara ini.

ORANG YANG DENGAN MUDAHNYA MENGATAKAN SESAT KEPADA SESEORANG
ADALAH ORANG YANG TIDAK atau BELUM PAHAM AKAN DIRINYA SENDIRI



Senin, 20 Januari 2014

Contoh contoh / Tulodho PRANATACARA dan Pambagyoharjo

PRANATACARA dan Pambagyoharjo

Contoh contoh / Tulodho PRANATACARA dan Pambagyoharjo

Contoh contoh / Tulodho PRANATACARA dan Pambagyoharjo
matur nuwun kagem http://emint.wordpress.com/2010/09/30/tuladha-pranatacara/
dipun pambyoworoaken dening : donyt.blogspot.com

TEMANTEN ADAT JAWA
Tuladha Pranatacara
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.

Mradapa awit saking keparengipun Bp ___________  sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun
Bp ___________  netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.

Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancaslia sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung – langkung para pinisepuh ingkang sampun handungkaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala.

Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara;
  • Tinarbuka sowaning putra temanten saking sasana busana kepareng humarak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga dening para ingkang piniji.
  • Pasrah panampining putra temanten kakung dening para tetuwangga ingkang piniji.
  • Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem.
  • Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa.
  • Ingkang salajengipun sowaning putra temanten sekalihan inggih winastan upacara kirab angka I winastan Kirab Kanarendran.
  • Kirabing putra temanten ingkang angka II winastan kirab kasatriyan.
  • Wondene pratandha cetha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangkehambok bilih sampun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.


Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila hawit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang sarta karana sampun paripurna sri atmaja temanten putri anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe humarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga, wondene jengkaring sri atmaja temanten putri saking sasana busana kakanthi panjenenganipun
Ibu ___________  saha Ibu ___________  hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji, jengkaring temanten putri binarung ungeling Ketawang Puspawarna kanthi laras slendro pathet manyura, sumangga, nun nuwun.

Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Jengkaring
Temanten Kakung Saking Wisma Palereman

Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga kinanthenan Ibu ___________  saha
Ibu ___________
Sri temanten putri hangagem busanaa ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspito rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________  tumurun.
Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh – lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.

Para rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya – kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara.
Nun inggih para rawuh saha para lenggah, laksitaning tata upacara salajengipun sowaning putra temanten kakung saking wisma palereman ingkang kakanthi panjenenganipun Bp ___________  saha
Bp ___________  wondene ingkang hamboyong sekar cepaka mulya inggih kembar mayang panjenenganipun Ibu ___________  ,
Ibu ___________  ingkang sarta Ibu ___________  minangka panyongsongipun, jengkaring caraka pamethuking temanten kakung kabiwaldha ungeling ladrang kapang – kapang laras pelog pathet 6 sumangga nun, nuwun.

Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Jengkaring
Temanten Kakung Saking Wisma Palereman

Nun inggih panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, caraka pamethuking putra temanten kakung inggih panjenenganipun
Bp ___________  saha Bp ___________  sampun dumugi sasana ingkang tinuju nulya hanjengkaraken Sri atmaja temanten kakung, jengkaring putra temanten kakung ginarubyug para kadang wandawa binarung ungeling ladrang wilujeng laras pelog pathetbarang,
nuwun.

Tuladha Panyandra Sowaning Putra Temanten Kakung
Saking Wisma Palereman

Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis hing sambekala, gumebyar busananing putra temanten kakung hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hangemba busananing nata.
Dhampyak – dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayab tindakipun putra temanten kakung, temanten kakung hanggenya lumaksana lengkeh – lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging wiwara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.

Tuladha Aturipun Panatacara
Badhe Upacara Pasrah Temanten

Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun
Bp ___________  minangka sulih salira panjenenganipun
Bp ___________  (ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman) Bp ___________  (Besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak).
Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp ___________  jumenengipun Bp ___________  ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bp ___________  ingkang sarta
Bp ___________  hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji, sumangga nun nuwun.

Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung

Assalamu alaikum Wr. Wb.Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________  (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________  mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________   (ingkang mengku gati).
Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula pendhet saking dalem ___________  (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Pramila ngemban dhawuh ___________  wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun Bp ___________  (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun
Pasrah Temanten Kakung Ngancik Panampi

Nun inggih, paripurna atur pasrah temanten kakung panjenenganipun (ingkang pasrah) gya tinampi panjenenganipun Bp ___________  (ingkang nampi) minangka talanging basa panjenenganipun
Bp ___________  (mengku gati) ing wasana wekdal kasumanggakaken.Nuwun.

Tuladha Atur Panampi Pasrah Temanten Kakung

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.Dhumateng panjenenganipun Bp ___________   (ingkang pasrah) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.
Nun inggih saderengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadang panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh.
Panjenengartipun Bp ___________   (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenengariipun Bp ___________   (ingkang mengku gati) karana badhe kapanggihaken miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp ___________   (mengku gati) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan.
Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi purnaning pawiwahan ing wekdal punika.
Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu ‘alaikum Wr

Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun
Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung

Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________    minangka panganthining putra temanten putni Ibu ___________    ingkang sarta Ibu ___________   wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________   dhumateng panjenenganipun Ibu ___________   minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun, nuwun.

Tuladha Panyandra Panggihing Temanten

Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetebi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten talatah ________________ nun inggih upacara panggih, adat mengku werdi tata cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana mengku werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih, mila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila – ila ujaring kina ingkang cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, sarta mulat edi endahing budaya tulus.
Budaya ateges laku pangolahing budi, wondene titikanipun tiyang ingkang budaya punika
1. landhep panggraitane,
2. tanggap ing sasmita,
3. susila hanuraga,
punika ingkang saget hambabar pakarti budi luhur, ingkang nyata mengku werdi tansah hangesthi Hayu – Hayom – Hayem – Hangayomi gesanging bebrayan agung.
Saya caket tindakira temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari, nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, punapa ta wujud miwah werdinipun gantal, gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose, ingkang mengku werdi : Suruh lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal rasane, mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah karsane suruh asung pitedah sumurupa nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing rasa inggih rasa sejati.
Sanadyan ingkang sajuga jejer priya kang sawiji putri, lamun bisa manunggalake tekat lan rasane, pinesthi dadi jatu kramane.
Werdinipun priya saking tembung pari ingkang linangkung, hoya ateges kuwat utawi santosa, wondene tembung putri mengku werdi haywa supe ing pametrinira marang badanira priyangga.
Tinangsulan lawe wenang werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.
Paripurna titilaksitaning upacara panggih, putra temanten sekalihan gya siningeban sindur dening ingkang rama, asung pralampita putra temanten tansah tinuntun ing reh kautaman anggenipun ngancik ing alam madya tansah pinaringan karaharjan miwah kabagaswarasan, hanjayeng bawana salaminya.
Para rawuh saha para lenggah, wus handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sung sasmita panganthining temanten, gya kalenggahaken ing sasana wisudha tama hangrantu laksitaning tata upacara ingkang sampun tinata, nuwun.

2 komentar:

  1. Saya sangat berbahagia dapat menemukan Pranatacara Penganten ini, seterusnya saya mohon ijin untuk menggunakannya sebagai bahan sumber dan rujukan. Terimakasih yang tiada terhingga.

    Salam Hormat,
    Dwiono Hermantoro

    BalasHapus
  2. NUSANTARAKU THE BEST
    Matur gunging panuwun dumateng ingkang kagungan blog dene sampun kerso paring atur pitedah titi caraning panguri-uri adat ingkang agung puniko, mugio saged handadosaken tuntunan luhur kagem kawulo sakulowargo.....

    BalasHapus

SEMANGAT PAGI....SUKSES Untuk SEMUA
JIKA ANDA PIKIR BISA PASTI BISA..!
Maaf apabila dalam pengambilan GAMBAR dirasa VULGAR
(Gambaran ini Hanyalah FAKTA sesuai dengan ASLINYA)
dan TIDAK Mutlak untuk diperdebatkan......................!!!
AKU CINTA NUSANTARAKU

KEBERLANGSUNGAN

Sedekah(Bisa Menunda Kematian)
KLCK aja ICON dibawah untuk Baca berita
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...