primbon


Web Site Hit Counters

Sejak:17 Agustus 2013
DAFTAR SAHABAT YG MASUK The truth seeker
Tidak harus menjadi yang pertama,yang penting itu menjadi orang yang melakukan sesuatu dengan sepenuh hati.


Disclaimer:Artikel,gambar ataupun video yang ada di blog ini terkadang berasal dari berbagai sumber media lain,
dan Hak Cipta sepenuhnya dipegang oleh sumber lain tersebut.Jika kami salah dalam menentukan sumber yang pertama,
mohon beritahu kami
e-mail primbondonit@gmail.com HOTLINE atau SMS 0271 9530328

GAMBAR-GAMBAR dibawah ini BUKAN HANYA IKLAN tapi merupakan LINK SUMBER




Bagi sebagian masyarakat yang mengklaim diri sebagai masyarakat peradaban modern,westernism bahkan sebagian yang mengesankan perilaku agamis yakni hanya bermain-main sebatas pada simbol-simbol agama saja tanpa mengerti hakekatnya,dan kesadarannya masih sangat terkotak oleh dogma agama-agama tertentu.Manakala mendengar istilah mistik,akan timbul konotasi negatif.Walau bermakna sama,namun perbedaan bahasa dan istilah yang digunakan,terkadang membuat orang dengan mudah terjerumus ke dalam pola pikir yang sempit dan hipokrit.Itulah piciknya manusia yang tanpa sadar masih dipelihara hingga akhir hayat.Selama puluhan tahun,kata-kata mistik mengalami intimidasi dari berbagai kalangan terutama kaum modernism,westernisme dan agamisme.Mistik dikonotasikan sebagai pemahaman yang sempit,irasional,dan primitive.Bahkan kaum mistisisme mendapat pencitraan secara negative dari kalangan kaum modern sebagai paham yang kuno,Pandangan itu salah besar.Tentu saja penilaian itu mengabaikan kaidah ilmiah.Penilaian bersifat tendensius lebih mengutamakan kepentingan kelompoknya sendiri,kepentingan rezim,dan kepentingan egoisme(keakuan).Penilaian juga rentan terkonaminasi oleh pola-pola pikir primordialisme dan fanatisme golongan,diikuti oleh pihak-pihak tertentu hanya berdasarkan sikap ikut-ikutan,dengan tanpa mau memahami arti dan makna istilah yang sesungguhnya.Apalagi dalam roda perputaran zaman sekarang,di mana orang salah akan berlagak selalu benar.Orang bodoh menuduh orang lain yang bodoh.Emas dianggap Loyang.Besi dikira emas.Yang asli dianggap palsu,yang palsu dibilang asli.Semua serba salah kaprah,dan hidup penuh dengan kepalsuan-kepalsuan.Untuk itulah Warisjati merangkum beragam artikel dari beberapa sumber tentang pengetahuan Budaya dan tradisi di Nusantara yang merupakan warisan para leluhur yang sarat akan makna dan berbagai artikel lainnya yang saling melengkapi.Dengan harapan membangun sikap arif dan bijaksana dan mengambil pelajaran serta pengetahuan dari budaya masa lalu sebagai warisan leluhur di Nusantara ini.

ORANG YANG DENGAN MUDAHNYA MENGATAKAN SESAT KEPADA SESEORANG
ADALAH ORANG YANG TIDAK atau BELUM PAHAM AKAN DIRINYA SENDIRI



Selasa, 21 Januari 2014

Babad Dêmak, De Bra (Dewabrata), 1914, #1295



Babad Dêmak,  De Bra (Dewabrata), 1914, #1295

Babad Dêmak, 
De Bra (Dewabrata), 1914, #1295
Babad Dêmak

Inggih punika pungkasaning agami Budha kagantos agami Mukhammad
Kawiwitan saking cariyosipun Jaka ing Tarub
--- [0] ---
[Iklan]
--- 195 ---
1. Sinom
1. taruna dama kiratha | nging mêgsa ambêg kumasis | kapencut yun wignya nurat | nurun pustaka puniki | mung pamintamba mugi | mring pra maos ywa ginuyu | myang paringa aksama | rèh amba agung kumaki | salugune dèrèng wrin anggêring sastra ||
2. nanging mêgsa ngeka-eka | mèngêti tatkala wiwit | tinulis sêrat punika | ri Saptu Wage marêngi | wulan Sapar tanggal ping | tiga wlas ing jroning taun | Ehe tinêngran ôngka | sèwu wolung atus tuwin | kawan dasa sakawan ingkang lumagsa ||
3. ingkang jinêjêr ing kôndha | wau Sèh Molana Mahgrib | duk tinilaran Kunthara | saklangkung kewraning galih | awit wiku tatèki | nèng madyaning wana agung | tanpa rowang sajuga | sang tapa osiking galih | arsa marang ing desa Tarub samana ||
4. tandya wisata gal-inggal | sarwi bopong jabang bayi | tan kèri sangkuh tulupnya | sinigêg ingkang lumaris | nênggih gênti winarni | pawèstri ing dhusun Tarub | nêmbe tinilar pêjah | mring laki tanapi siwi | nyi warôndha kalangkung susah ing driya ||
5. tambuh raosing wardaya | saking gunging kang prihatin | kapungkur bukti myang nendra | tan liyan kaciptèng galih |
--- 196 ---
mung lakinira tuwin | sutanya ingkang wus lampus | nuju turu kêkadhar | nyi rôndha sêmana ngimpi | pinanggihan mring lakine kang wus laya ||
6. pitutur kinèn narima | lawan pinaringan èsthi | alit kinèn nyurtènana | yèn wus gêng marakkên mukti | nyi rôndha nuli tangi | mriksa padhang kadya daru | tibèng pêrnah makaman | kuburing laki twin siwi | wus raina nyi rôndha marang makaman ||
7. sarawuhirèng kuburan | nyi rôndha tandya kapanggih | kalawan Sèh Maolana | nyi rôndha dèn pituturi | lan pinaringan bayi | kinèn ngaku putranipun | salire wus winartan | lan malih dipun paringi | sangkuh tulup sampun tinampèn nyi rôndha ||
8. wus têlas pangandikanya | wau ta Sang Maha Yêkti | tandya lon-alon wisata | apan arsa jajah bumi | nyi rôndha laju mulih | sapraptaning wismanipun | ngundang-undang brokohan | kulawangsane kèh prapti | ambrokohi putra mati mulih gêsang ||
9. tyang Tarub kathah kang prapta | tatuwi mring jabang bayi | sami lek-lekan samana | kathah parêpat kang prapti | môncalima tanapi | asung pasumbang sêdarum | bayi mahyakkên bagya | nyi rôndha sugih tumuli |
--- 197 ---
kang Kunthara sinusonan datan arsa ||
10. nusu swendanya[1] priyangga | ayêm datan mawi nangis | suprandene kuwat akas | pan wus karsaning Hyang Widhi | kunêng gênti winarni | Sri Narendra Majalangu | Sang Prabu Brawijaya | garwanira ingkang kalih | sami bobot babar praptaning sêmaya ||
11. amiyos kakung sadaya | kang mijil Dyah Dwarawati | kakung bagus warnanira | têngran Dyan Bondhan Surati | ginadhang madêg aji | gumanti mring rama prabu | kang miyos putri wandhan | Dyah Ratu Kumaya nênggih | inggih kakung nama Dyan Bondhan Kêjawan ||
12. kang ibu seda konduran | radyan binuwang wit bayi | pinaringkên juru sawah | kinèn ngaku putra yêkti | pacuh lan tiyang alit | tan kêna warta mring sunu | kunêng kang lagya babar | ya ta gênti kang winarni | Sunan Benang èngêt marang kang pêndhêman ||
13. sabat murite pinêpak | kinèn sikêp wadung kudhi | kangjêng sunan sigra budhal | sampun rawuh ing wanadri | waringin wus kêpanggih | sakèh wrêksa ron ngrêmbuyung | anuli binabatan | tinêgor ingkang waringin | gya kadhudhuk pêndhêman putra ing Tuban ||
14. pinêrnah ngambèn-ambenan | lir gana warnane putih | binêkta kondur mring Benang |
--- 198 ---
ing marga datan winarni | padhukuhan wus prapti | kinutugan sêkul baru | eling Ki Jaka Tuban | pungun-pungun gya ngabêkti | sru rinangkul Ki Jaka mring kangjêng sunan ||
15. langkung sih Jêng Sunan Benang | dhumatêng putra ing Tubin | ingaku kadang taruna | pinanggihkên lan kang rayi | pinaringan kêkasih | Sèh Malaya wus misuwur | panggihe tan winarna | sampun atut palakrami | Sèh Malaya dadi kadang Sunan Benang ||
16. kunêng ingkang pinêngantyan | nyi rôndha Tarub winarni | abrôngta momong kang putra | lamine datan winarni | wus agêng jabang bayi | misuwur Ki Jaka Tarub | warna bagus utama | balaba alus ing budi | Radèn Jaka sinuyutan lare kathah ||
17. Radèn Jaka ri sêmana | anêdhêng rumaja siwi | karêm asaba ing wana | pra lare lit-alit sami | kathah kang atut wuri | Ki Jaka arêmên nulup | wuluh ingkang kinarya | nulup kandhêla myang pêksi | sabên dina Ki Jaka marang ing wana ||
18. nyi rôndha susah kang manah | lamun kang putra tan kèksi | samana prapta kang putra | kang ibu ngrangkul sarya ngling | dhuh putraningsun kaki | sêka ngêndi sira kulup | sadina tan katingal | agawe sumlanging ati | ingkang putra umatur yèn saking
--- 199 ---
wana ||
19. kang ibu malih ngandika | lah ta nyawa putra mami | aja sira lunga-lunga | mêngko kulup sun tuturi | yèn ing wana puniki | angkêre kalangkung-langkung | tan kêna ngambah janma | janma sato mara mati | sira anggèr bokmênawa kênèng beka ||
20. aywa gung saba mring wana | ora ana sun tingali | angur sira jêjaluka | sapatute sun turuti | tilarane sudarmi | apa ingkang sira jaluk | wong dhasar sarwa ana | nanging aja lunga gusti | ingkang putra umatur sarwi karuna ||
21. dhuh ibu nyuwun kawula | tulup mawi sangkuh mandi | ingkang sae tiningalan | kula arsa nulup pêksi | kang ibu wus andugi | mêngko birai putrèngsun | apan rinangkul nulya | kang putra dipun tuturi | inggih sarwi pinaring sangkuh tulupnya ||
22. nyi rôndha sarwi ngandika | wus diwasa sira kaki | sêdhênge nambut akrama | miliha putri yu luwih | kang maksih prawan sunthi | putraning lêlurah dhusun | miwah putraning dêmang | gung prapta ngunggah-unggahi | sabên dina anggèr marang jênêngira ||
23. kaki sira amiliha | êndi ingkang dadi apti | mêngko sun lamare nyawa | mupung ingsun maksih urip | ingsun kapengin ugi | anggèr momong anak [a...]
--- 200 ---
[...nak] mantu | kang putra aturira | ing mangke dèrèng marêngi | lamun mulat pawèstri lir sami priya ||
24. nyi rôndha malih ngandika | anggèr apa sira apti | krama widadari swarga | dene manungsa tan arsi | Dyan Jaka matur malih | kadi botên lir puniku | ing mangke dèrèng arsa | taksih rêmên momong dhiri | ingkang ibu tan wignya malangi karsa ||
25. pan kongsi surup Ywang Arka | nyi rôndha dènnya nuturi | wau marang ingkang putra | kawarnaa sampun enjing | Ki Jaka kesah nuli | tulupanira tan kantun | wasiyating sang tapa | ingkang mawi sangkuh mandi | tanpa rowang Ki Jaka malêbèng wana ||
26. sarawuhing madyèng wana | myarsa pêksi anggung muni | apan nuli pinaranan | kang pêksi manggung ngendrani | angalih datan têbih | radyan nut saparanipun | kunêng gênti winarna | kawarna pra widadari | sami siram nèng tlaga madyaning wana ||
27. anuju dina Anggara | Kasih têngange kang wanci | ing sabên-sabên mangkana | yèn dina Anggara Kasih | têngange ingkang wanci | widadari sami adus | ana ing tlaga ika | catur kèhe widadari | tumrun anjog nèng têpining kang talaga ||
28. samya ngadêg pinggir tlaga | lukar samir lan kulambi |
--- 201 ---
tanapi ingkang kasmêkan | sinèlèh gêgilang sami | sadaya kirap wèni | amung kari tapih pinjung | samya ngagêm patlêsan | sira Sang Dyah Nawangsasi | têlêsane sangkêlat ijo prasaja ||
29. Rêtna Mayangsêkar nyandhak | têlêsane sutra kuning | Sang Dyah Gagarmayang sigra | angagêm têlêsannèki | sutra brit nèm rêspati | Dèwi Surendra agupuh | angagêm têlêsannya | sutra biru nom mantêsi | tandya sarêng sami anggêbyur ing tirta ||
30. timbalan sami siratan | asuka-suka mawanti | datan mawi taha-taha | tan ana janma udani | tan nyana ora ngimpi | lamun ana wran kang wêruh | wêntis kengis katingal | prêmbayun tan dèn rawati | sang dyah catur samya tandhing payudara ||
31. Ki Jaka Tarub winarna | kang nulup pêksi ngendrani | sangsaya kalunta-lunta | kang pêksi amôncawarni | nênggih kelangan lari | Ki Jaka anuli ngrungu | swaraning widadarywa | Ki Jaka sigra marpêki | osiking tyas apa kang anèng têlaga ||
32. punapa jin pri prayangan | apa ta setan puniki | yèn manungsa yêkti mokal | sing kiraku widadari | sajêg durung udani | rêrupan èdi lir iku | Ki Jaka duk samana | mitênggêngên [mi...]
--- 202 ---
[...tênggêngên] tan bisa ngling | ingkang siram dahat tan ana uninga ||
33. adangu kungkum ing toya | têlêsane krakêt wêntis | kadi datanpa têlêsan | wela-wela dèn tingali | anut lembaking warih | kapriksa sadayanipun | Ki Jaka jêngêr mulat | kadi pêjah jroning urip | ingkang siram nutug dènnya sêsiratan ||
34. Ki Jaka anuksmèng driya | kayaparan solah mami | adangu datan ngandika | mangkana osiking galih | arsa nyêlêr kulambi | sangkuh kang kinarya sampun | inguthik kang rasukan | kêna kang tumumpang nginggil | kalêrêsan rasukane Nawangwulan ||
35. Ki Jaka ririh undurnya | kang siram datan udani | Ki Jaka anuli mentar | pan sarwi nyangking kulambi | lampahnya praptèng panti | nanging tan ana kang wêruh | jujug lumbung sêmana | nyingitakên kang kulambi | sinèlèhkên tumpukan pari ngandhapnya ||
36. Ki Jaka malêbèng wisma | angambil sinjang kulambi | tanapi lawan kêmbênnya | bêlah bantên sora sari | kinancing kancana di | apan sutra samiripun | nênggih cindhe puspita | Ki Jaka anuli bali | sinjangira binêntingkên tan kêtara ||
37. gya rawuh pinggir têlaga | alon gènira lumaris | rahadyan brangkang lampahnya |
--- 203 ---
ngarah-arah ywa kongsi wrin | marang kang siram sami | amping-ampingan wrêgsa wus | jêngking pangintipira | wau ta kang widadari | dangu-dangu mambêt gandaning sujanma ||
38. nyandhak rasukan wus mêsat | mring kayangan widadari | kantun Sang Dyah Nawangwulan | tan bisa mibêr nututi | mring kancanira sami | wit nir kasêntikanipun | marga ilang klambinya | sang dyah putêg jroning galih | sabab pama pêksi ilang kang pênjawat ||
39. saklangkung susah ing driya | risang Rêtna Nawangsasi | maksih kungkum anèng toya | karuna sajroning galih | sang dyah osiking galih | kayaparan raganingsun | sapa ingkang tulunga | dhuh kapriye awak mami | ora wurung sun mati sajroning toya ||
40. dadya sang rêtna pratiknya | samangkana dènira ngling | sapa baya têtulunga | anutupi wirang mami | lamun janma pawèstri | yêkti sun aku sadulur | ngarcapada dêlahan | manjinga sudarawèdi | lamun priya sun aku sadulur tuwa ||
41. ing donya praptèng ngakerat | dadia kadang sayêkti | sok bisaa asung luwar | marang kawirangan mami | Ki Jaka duk miyarsi | pratignyanira sang ayu | kumênyut manahira | wusana dhèhèm aririh | sang rêtnayu [rêtna...]
--- 204 ---
[...yu] kagyat kumêpyur tyasira ||
42. angrasa yèn kamanungsan | arsa kesah dèn aruhi | Rahadèn Jaka ngandika | lah dika putri ing pundi | dene kungkum ing warih | nèng tlaga têngah wana gung | sang rêtna saurira | kawula dede sujanmi | widadari tinilar mring kancaningwang ||
43. têtiga sami ngumbara | mantuk mring kayangannèki | Ki Jaka aris ngandika | de paduka widadari | tan wignya mring wiyati | sang rêtna malih umatur | mila kula tan bisa | pan ical rasukan mami | gih rinakut binêkta mring kancaningwang ||
44. tan ana kang nusulêna | sayêktine widadari | yèn ical rasukanira | tan sagêd mibêr wiyati | paduka janma pundi | tuwin sintên kang rum-arum | mangke paran sinêdya | Ki Jaka mangsuli aris | gih kawula atêngran Kidang Têlangkas ||
45. ing Tarub wisma kawula | kang darbe têlaga niki | lah balik ingsun têtanya | sapa aranira yayi | sang rêtna amangsuli | Nawangsasi nama ulun | dyan malih angandika | paran karsanira yayi | dene anèng têlaga têngahing wana ||
46. matur Rêtna Nawangwulan | têmbunge lir madugêndhis | yèn sambada lawan karsa | sampun atanggung sang pêkik | tulung wong kawlasasih |
--- 205 ---
prajangji kêpanggih pungkur | Ki Jaka angandika | gampil wicara puniki | lamun wontên jangjine kula kaduga ||
47. sang rêtna aris aturnya | yèn dika tulung mring mami | manjinga dadi sudara | ing donya tumêkèng akir | Ki Jaka anauri | mung sêpele bae iku | sang dyah malih turira | lah inggih kadi punapi | Radyan Jaka arum wijiling wacana ||
48. lah yayi tutur kewala | ingsun iya andarbèni | sandhangan amung sapala | ingsun gawe beya rabi | sang rêtna matur malih | ngamungna manjing sadulur | Ki Jaka angandika | lamun tan marêngi yayi | ingsun mulih yayi sira akèria ||
49. kumêpyur tyasira sang dyah | dupyarsa tinilar mulih | matur inggih sinabarna | sae pinikir rumiyin | kang sami mrih basuki | pan sami mundhak lumungsur | dyan aris angandika | pathok bangkrung ingsun yayi | wau sang dyah manuksmèng sajroning driya ||
50. yèn ingsun tan nurutana | kayangapa wêkasaning | tan wurung mati nèng tlaga | tan ana ingkang ngulati | baya uwis pinasthi | mring bathara kang linuhung | ingsun krama manungsa | apêkik têmbunge manis | kang darbèni têlaga padusan ingwang ||
51. kewran ature sang rêtna | ing sêmu condhong [co...]
--- 206 ---
[...ndhong] kang galih | andhêku aris turira | kawula lumiring kapti | Radèn Jaka nguculi | sinjang klambi kang kinandhut | sarta aris dêlingnya | lah ênya dandana yayi | pinaringkên sinjang klambi mring sang rêtna ||
52. tandya nampèni kang sinjang | sang dèwi sarwi angliring | lir pasopati gumêjras | asarêng paguting liring | suh rêmpu tyas sang pêkik | sang dyah tyasira kumênyut | gya ngagêm kang rasukan | asêlendhang rangkêp samir | kadya Ratih duk mukti anèng kaswargan ||
53. sigra kondur sakalihan | wirandhungan lampahnèki | ing marga datan winarna | samana wus praptèng panti | nyi rôndha sukèng galih | têka mangke putranipun | akrama widadarywa | anulya binojakrami | radyan lawan sang rêtna binayangkarywa ||
54. sawusing surup Ywang Arka | gumanti padhanging sasi | Ki Jaka ngimur ing garwa | têmbunge lir madugêndhis | Sang Rêtna Nawangsasi | kèndêl anèng jinêmsantun | karasa manahira | dene pisah yayah bibi | Radyan Jaka mangkana arum dêlingnya ||
55. ywang dewataning kusuma | kang sawang pêputran gadhing | pathining jumêrut mirah | pinuja dadya maskwari | ratuning pra apsari | jimate pun kakang sèstu | yayi tolèhên [tolèhê...]
--- 207 ---
[...n] ingwang | sampun gagas yayah bibi | mung ketanga dasihe Kidang Têlangkas ||
56. sang dyah mèsêm èsmu duka | kadya thathit garit ati | ingaras atangkis asta | mengo apan sarwi jiwit | radyan wus praptèng rêsmi | datan winarna kang lulut | tangèh lamun rinêngga | mrih gancanging ingkang kawi | ing alama-lama garbini sang rêtna ||
57. yèn garbini widadarywa | sayêkti beda lan janmi | unggyannya garbini sang dyah | milang kêdhèp ingkang sasi | sakêdhepan sêsasi | samangkana sampun sêpuh | sêdhêng praptèng samaya | antarane sangang sasi | nuli babar kang putra miyos wanodya ||
58. cahyane mancur gumilang | lir wulan purnamasidhi | langkung sihira kang rama | putra pinaringan nami | Dyah Rêtna Anawangsih | ibu rama sih kêlangkung | lamine tan kawarna | Ki Jaka amomong siwi | ingkang putra tansah wahanèng êmbanan ||
59. yuswane Rara Kasihan | nênggih lagya têlung sasi | dipun êmban ingkang rama | marêngi nangis kapati | sinusulakên nuli | mring kang ibu sang rêtna yu | sang rêtna lagya adang | tan wontên rowangnya malih | kêtanggungan kang putra nuju bobotan ||
60. sang sukèksi aturira | marang kang raka sang pêkik |
--- 208 ---
andika têngga dangdangan | nanging sampun salah kardi | sun nyêluk para nyai | mring kali dangu tan mantuk | sang rêtna tindakira | mring narmada ngêmban siwi | ngumbah popok sarwi ngundang kang pawongan ||
61. dilalah karsanirèng Ywang | kang raka dènnya nunggoni | dangdanganira punika | dumadakan dèn ungkabi | liningkap kêkêpnèki | dangdangan kapriksa suwung | tan ana isinira | mung wontên pari sawuli | radyan kagyat winangsulkên kêkêpira ||
62. kunêng kang têngga dangdangan | kawarnaa sang lir Ratih | sira Sang Dyah Nawangwulan | botên sakeca ing galih | sadangune nèng kali | ing sajroning tyas kumêpyur | sang rêtna osiking tyas | iki ngomah salah kardi | Nawangwulan sampun kondur praptèng wisma ||
63. sampun kèndêl ingkang putra | gya sinungkên marang laki | ki agêng nampi kang putra | ingêmban dèn arih-arih | binêkta mring pêndhapi | kawarnaa sang rêtna yu | dangu gènira adang | wus têlas dènnya ngratêngi | gya tinumplak dangdangane maksih wêtah ||
64. gènnya adang kamanungsan | kang pari sawuli maksih | sang dyah jêntung[2] sajroning tyas | nuli têtanya mring laki | dhuh kangmas salah kapti | ki agêng mangsuli wuwus | lah
--- 209 ---
yayi ingsun ora | sang rêtna ngling èsmu runtik | wus dilalah tan gugu ujar wanodya ||
65. lah mangke dika karyaa | lêsung kangge nutu pari | jêr punika karsa dika | nglirwakkên ujaring èstri | nglampahi nutu pari | sang dèwi langkung kaswayun | wus lami pari têlas | sangsaya susah kang galih | mung kang raka tinutuh jroning wardaya ||
66. lamine datan winarna | gènnya adang cara janmi | sakalangkung borosira | labête susah kang galih | ênting kang bêras pari | dumugi pusêring lumbung | tumpukan pari têlas | rasukan nuli kapanggih | gya ingagêm rasukan ôntrakusuma ||
67. langkung ngungun sang kusuma | lir winungu ingkang runtik | tan èngêt marang kang putra | kang ketang cidraning laki | tan gugu ujar èstri | katitik ing dhusthanipun | mukir nyêlêr rasukan | mila sang dyah langkung runtik | mit ing laki sarwi ngaras ingkang putra ||
68. ramakne bèng akaria | kang bisa amomong siwi | mangke kula lilanana | jêr dika sampun pinasthi | kramantuk widadari | ora cara mulanipun | arêmên karya wirang | sagung basa dipun tampik | wus pinasthi andika pisah lan kula ||
69. kang raka alon ngandika | apuranên ingsun [ing...]
--- 210 ---
[...sun] yayi | elinga mring putranira | sira tilar priye mami | tan bisa momong siwi | kang garwa cinandhak luput | sang dyah mêsat ngambara | ingkang raka kari nangis | kawlasarsa sêsambat kadi wanodya ||
70. dhuh-dhuh anggèr mirah ingwang | kaya apa polah mami | wong lanang arowang bocah | ora bisa dèn tangisi | sapa ingkang nusoni | bayi lagya pitung santun | gawanên putranira | dimèn dawa ingkang urip | yèn wus agêng ingsun gênti kang momonga ||
71. mojar Dèwi Nawangwulan | lamun nangis ingkang siwi | gawèkêna pêpagungan[3] | dipun unggahêna nuli | ngobonga mênyan putih | lawan mêrang kêtan wulung | kutugêna nèng ngandhap | amasthi ingsun dhatêngi | sang rêtnayu sampun botên katingalan ||
72. kondur marang ing kayangan | kapanggih gung widadari | sang rêtna nuli tinulak | tan kêna wor widadari | dene sampun sêsiwi | lawan janma wadhakipun | dadya ananggung aras | merang yèn wangsula malih | mandhêg têngah sang rêtna mijil kang waspa ||
2. Mijil
1. tan winarna wau kang tilar sih | nênggih sang lir sinom | Nawangsasi kang tilar putrane | dipun êmong kang rama pribadi | langkung kawlasasih | Ki
--- 211 ---
Agêng ing Tarub ||
2. sangêt dènnya sungkawa kang galih | dene putra wadon | maksih rare tinilar ibune | mring kayanganira widadari | mila gung prihatin | datan wignya nusul ||
3. nanging ana ecane sathithik | ki agêng ing batos | duk murcane kang garwa wêlinge | lamun nangis kang putra puniki | dèn unggahna nuli | nèng panggunganipun ||
4. kyai agêng sêmana wus kardi | pêpanggungan agrong | sabên-sabên anangis putrane | ingunggahkên mring panggungannèki | kutug mênyan amrik | kumêlun mring luhur ||
5. trus ngawiyat kang gônda dupa mrik | sêmana sang sinom | lamun mambêt inggih ing gandane | gya tumurun mring panggungannèki | nusoni kang siwi | yèn wus tuwuk wangsul ||
6. yèn wus mênêng putra dènnya nangis | ki agêng agupoh | ingkang putra ingambil ge-age | ingudhunkên sing panggungannèki | langkung sukèng galih | Ki Agêng ing Tarub ||
7. duk samana wau ta sang putri | wus tan winiraos | sampun agêng ing Tarub putrane | ingkang rama saklangkung dènnya sih | dene putra putri | tinilar mring ibu ||
8. warnanira lan ibu tan kalih | tuhu ayu kaot | lindri-lindri
--- 212 ---
liyêp pasêmone | cahya sawang purnamaning sasi | langkung yu linuwih | dadi panjang kidung ||
9. yèn cinôndra warna sang sukèksi | kalanturing criyos | yayah golèk kancana rarase | sajagad rat tan ana kang sami | ngupaya sawarsi | tangèh lamun pangguh ||
10. dêdêg sêdhêng pidêgsa mantêsi | pamulu yèn tinon | lir kancana sinangling isthane | maya-maya sumunar blêrêngi | têmpur lan mancuring | ujwala ngênguwung ||
11. rema mêmak ngendrawila wilis | kang sinom angrompyo | ngudhup turi dyah athi-athine | larapannya anyela cêndhani | imba jait kadi | sapisan kang tèngsu ||
12. netra liyêp balut èsmu lindri | tuhu yèn kinaot | idêpira manêngèng wiyate | grana rungih lungit milangêni | tanpa gantèn nanging | wus brit lathinipun ||
13. yèn ngandika grathul èsmu manis | duk kengis kang waos | karya tratap pra mulat gêbyare | pangarasan andurèn sajiring | alus mêmêt ramping | uwang nyangkal putung ||
14. lunging gadhung èstu lamun mirip | lungaya sang sinom | naraju mas karo midhangane | lir gandhewa pinênthang astèki | driji mucuking ri | akarya wulangun ||
--- 213 ---
15. jaja wijang linut bayu wilis | maya-maya tinon | wonga-wonga gumêbyar sorote | kang prêmbayun mungale watawis | yayah cêngkir gadhing | babar awor santun ||
16. madyanira mêngkik amantêsi | yèn tindak sang sinom | gadrug-gadrug gêndrèh kaduk sarèh | gêtêr goyang prêmbayunnya kalih | wêntisnya duk kengis | tumlorong wèh gandrung ||
17. sang dyah rara sinigêg kang kawi | tan têlas kacriyos | yèn pinanjang tan cêkap papane | anêlaskên karêtas lan mangsi | theyol ingkang nulis | candrane tan rampung ||
18. kurang côndra apan langkung warni | wau ta sang sinom | gya pinunggêl sinigêg kandhane | kunêng gênti wau kang winarni | kyai juru sabin | larase lir madu ||
3. Dhandhanggula
1. kawarnaa kyai juru sabin | ingkang gadhuh sang raja pinutra | kêlangkung asih mulane | marang sang rajasunu | kadi putra dènnya yayogi | tuwin ingkang wanodya | sihira kalangkung | dhumatêng sang rajaputra | juru sawah ngandika marang kang rabi | mangkana dêlingira ||
2. ingsun arsa ngaturake pari | yèn uninga putranira radyan | sira wus wêruh adate | iya asring kêlayu | kêdah milu marang nêgari | pan [pa...]
--- 214 ---
[...n] ora kêna pisah | Ki Jaka lan ingsun | mupung lagi lunga dolan | tungkulêna anuli ki juru sabin | dandan arsa umangkat ||
3. putra wayah sadaya kinêrig | sami kinèn mikul pantunira | sakèhe tiyang têtanèn | sêmana mangkat sampun | sarowange ki juru sabin | warnanên rajaputra | sêmana duk rawuh | sangking dolan tanya bapa | anauri nyai juru sêmu ajrih | anggèr sudarmanira ||
4. mring nêgara ngaturake pari | ora lawas mêngko nuli prapta | rajaputra sru sabdane | biyung sun arsa nusul | mring si bapa marang nêgari | angling nyi juru sawah | anglèr[4] aja nusul | tan ana rowangmu nyawa | yêkti adoh nêgara ing Jamapait[5] | samar ana ing marga ||
5. rajaputra lumajar pribadi | datan ana wau rowangira | sinêru nênggih lampahe | ing marga tan winuwus | rajaputra praptèng nêgari | anjujug pagêlaran | tan ana kang wêruh | dyan putra lendhotan pundhak | sami kagèt sarowange juru sabin | yèn ingkang putra prapta ||
6. atêtanya kyai juru sabin | adhuh nyawa sapa rowangira | cang[6] rajaputra saure | mlaku pribadi ingsun | ingsun [ing...]
--- 215 ---
[...sun] arsa marang sitinggil | anabuh gangsaningwang | Sêkar Dlima iku | lawan Kyai Kêboganggang | iya iku kagungan ingsun pribadi | kagèt ki juru sawah ||
7. têbah jaja ki juru sarya ngling | adhuh kaki dadi apa sira | pêsthi kêna wasesane | mring kangjêng sang aprabu | sarayatku tan ana kari | Ki Jaka ginendholan | andhupak anyikut | ki juru tiba kalumah | rajaputra alajêng marang sitinggil | cinêgat ingkang jaga ||
8. kathah wadya lawan para mantri | ingkang jaga pêpakan sadaya | ananging mêksa rahadèn | anulya dènnya lungguh | rajaputra nèng bangsal apit | panggenaning gamêlan | anuli tinabuh | kang gôngsa Sêkar Dêlima | lawan malih Ki Kêboganggang tinitir | swara karêngèng wiyat ||
9. kapiyarsa mring sagung kang kêmit | sami kagèt sigra pinariksa | sang rajaputra tinakèn | lah apa sababipun | dene têka akumawani | mathengkrang lungguh bangsal | kang sarta anabuh | ing gôngsa Sêkar Dalima | mêngko sira sun unjukke sri bupati | ora wurung tinigas ||
10. lungayanta dyan mangsuli sarwi | gumyalatah payo unjukêna | yèn sira durung wruh mring ngong | sun lare saking dhusun | putranira [pu...]
--- 216 ---
[...tranira] ki juru sabin | Bondhan Kajawan ingwang | samana wus konjuk | sri narendra ngungun myarsa | mring ature pra mantri kang sami kêmit | wasana lon ngandika ||
11. lah undangên naking juru sabin | kang sinabdan sandika wus mentar | sampun panggih lan rahadèn | dhawuhkên sabdèng prabu | rajaputra tan swalèng kapti | wus kerit lampahira | malbèng jro kadhatun | miwah kyai juru sawah | sampun prapta ing ngabyantarèng narpati | muka konjêm ing kisma ||
12. lênggah jajar lawan juru sabin | kang ningali samya kagawokan | kêdhèp tismak pandulune | pangunadikèng kalbu | bocah iki pangira mami | maksih trahing kusuma | pratôndha umancur | sumunu wênês kang cahya | nora wiwang dadi putraning narpati | tan môntra rare desa ||
13. sri narendra dupi amriksani | mring Ki Jaka alon angandika | dhumatêng juru sawahe | hèh juru sawah iku | apa baya putranta yêkti | ki juru matur nêmbah | dhuh dewaning mulku | yêkti punika sutamba | sri narendra sigra dènnya mundhuny[7] carmin | kapriksa warnanira ||
14. nèng jro kaca pan sampun sinami | lawan Radyan Jaka datan siwah | wawijanganing citrane |
--- 217 ---
mangkana ngandika rum | juru sawah sun paring uning | ing mêngko karsaniwang[8] | putranira iku | titipna mring Tarub mangkya | karsaningsun nêtêpi jangkaning bumi | sira dhewe mlakua ||
15. wit ing Tarub waspada ing gaip | wus tan kilap ubênging bawana | benjang putranira radèn | saturun-turunipun | wignya nêrahakên narpati | Tarub kang dadi marga | ing samêngko pan wus | pêputra juga wanodya | kang supadya dadia kang jatukrami | lan putranta Ki Jaka ||
16. lah ta uwis mangkata tumuli | sri narendra aparing pusaka | curiga dhatêng rahadèn | tuwin wrastra[9] brana gung | radèn lawan ki juru sabin | tur sêmbah amit mentar | wus budhal sêdarum | sarowange juru sawah | amung radyan kêlawan ki juru sabin | têrus mring Tarub sigra ||
17. pan ingiring prêpatira kalih | sampun lêpas gènira wisata | duk prapta wana pringgane | na janma ngadhang dlanggung | janma catur pakaryannèki | ambegal wong lumampah | samana duk dulu | marang radyan sarowangnya | kang durjana sigra dènira marpêki | sarwi asru manabda ||
18. lah mandhêga kang sami lumaris | yèn aparêng sun jaluk sangunta | payo ulungna dèn age | yèn tan antuk [antu...]
--- 218 ---
[...k] sun rêbut | radèn sugal dènnya nauri | lah sira sumingkira | ingsun arsa langkung | ywa sira gêndhak sikara | kang durjana datan amangsuli nanging | majêng ngangkat pênthungnya ||
19. tinêrajang sira radyan mantri | ingêbut pat sarwi pinênthungan | radèn panggah tanpa tamèng | ki juru sawah dulu | mitênggêngên sarowangnèki | radyan narik curiga | kaprajaya sampun | kang durjana kapat pisan | samya lalis cinuriga mring dyan mantri | nanging radèn dhuwungnya ||
20. pugut pucuk dyan ngungun ing galih | kang wusana angli[10] ipat-ipat | ing satêrah turun ingong | ywa ana nganggo dhuwung | ingkang kaya agêm sun iki | kêris wak-awak waja | dyan panggih ki juru | sawah gya laju lampahnya | gêgancangan samana pan sampun prapti | dhukuh ing Tarub mangkya ||
21. sampun tundhuk lawan sang maharsi | kyai juru sawah sêsalaman | sampun atata lungguhe | Dyan Jaka ngraup suku | angabêkti mring sang maharsi | wusnya bagya-binagya | kang sugata mêtu | unjukan tanapi gantyan | sawusira nginum wedang mucang sami | matur ki juru sawah ||
22. mring sang tapa dhawuhkên sabda ji | kyagêng manggut wus tampi sadaya | dhatêng karsaning sang rajèng |
--- 219 ---
gya nimbali kang sunu | sira Sang Dyah Rêtna Nawangsih | kinèn asaos dhahar | pan lumadi sampun | sêgsana wus samya dhahar | dyan linorod wusnya ngaso sawatawis | amit ki juru sawah ||
23. wus rinilan ki juru lumaris | tan winarna wau lampahira | kawarnaa sira radèn | kang kèri anèng Tarub | maksih lênggah ngarsa sang yogi | wau sang rajaputra | alênggah tumungkul | sang pandhita angandika | kaki Jaka dipun kêrasan nèng ngriki | dhêdhukuh madyèng wana ||
24. rèhning mêngko dadya putra mami | iku kaki kadangmu wanodya | juga tinilar ibune | langkung kawêlasayun | sun namani Rêtna Nawangsih | sira kadange priya | kang putra inguwuh | rara sira marenea | lah ta iki kakangira lagi prapti | têka saking ngumbara ||
25. amituhu Ni Rara Nawangsih | sawêlinge nênggih ingkang rama | sang rêtna nurut kemawon | bawane maksih timur | dèrèng darbe dugi prayogi | durung wruh subasita | sang kusuma ayu | ngajêngkên diwasa sandhang | bangun turut Ni Rara Rêtna Nawangsih | sawulanging kang raka ||
26. sang kusuma kêlangkung dènnya sih | mring kang raka sang raja pinutra | anênggih kakang basane | lir tunggil yayah ibu |
--- 220 ---
panyanane kadang sayêkti | milane datan taha | kusumaning ayu | tan darbe rasa-rumôngsa | dhasar maksih timur pinaring wawêling | yèn iku kadangira ||
27. kyai agêng angandika malih | sira anggèr sun êlih aranta | ing samêngko karsaningong | lamun sira sarujuk | kang supaya amrih basuki | ywa nganggo ranta lama | lamun sira rêmbug | ing mêngko sun paring nama | Lêmbu Pêtêng ngèmpêr têdhak Majapait | radèn datan lênggana ||
28. tan kawarna ing alami-lami | sira radyan pan sampun kêrasan | ki agêng kêlangkung sihe | marang sang rajasunu | kadi putra dènnya yayogi | datan ataha-taha | Ki Agêng ing Tarub | dènira angaku putra | Radèn Jaka sakalangkung wêdi asih | tansah dinama-dama ||
29. dhasar tapa tingalira sidik | sampun wikan ingêring bawana | yèn radèn nurunkên rajèng | asmanira lêstantun | saosike wus angsal gaip | luwih kotamanira | ya ta sang awiku | ri sêmana rajaputra | datan pêgat winulang marang sang yogi | ing wêkasaning gêsang ||
30. rajaputra sêmana winarni | dina-dina anèng ing pagagan | anênandur pakaryane | akathah warninipun | ing pagagan dinulu
--- 221 ---
asri | kinirim lamun dhahar | yèn mulih wus surup | ri sêdhêng rêmên têtêgal | sapakone ing guru dipun lakoni | sabên ari mangkana ||
31. kawarnaa Ni Rêtna Nawangsih | wayahira wus nêdhêng diwasa | patut saparipolahe | sangsaya wimbuh ayu | lan kang ibu datan kêkalih | lir satu lan rimbagan | cahyane umancur | sawêg turun ping sapisan | Dyah Nawangsih ingkang ibu widadari | ingkang rama manungsa ||
32. Dyah Nawangsih tuhu ayu luwih | warnanira lir gambar wangunan | pilih tumandhing warnane | yèn cinôndra sang ayu | luwih warna kurang kêkawi | tan ana winaonan | ratuning wong ayu | mila radèn gung kasmaran | rina wêngi tan liya kaciptèng galih | mung ari sang lir rêtna ||
33. panuwunnya pinanggihna nuli | lawan rayi Dyah Rêtna Kasihan | tan kêlar nandhang brangtane | lamine tan winuwus | Lêmbu Pêtêng anahên brangti | manggung anèng pagagan | kang manah mangun kung | sontên mantuk enjing kesah | linalipur brangtane pinurih mari | malah saya kasmaran ||
4. Asmaradana
1. sangking sangêting gêng brangti | kalimput dhahar myang nendra | malah sipêng ing pagagèn | ing dalu praptèng raina | aminggu datan ngucap | kalangkung [kalang...]
--- 222 ---
[...kung] susahing kalbu | mung kang rayi katingalan ||
2. punakawane sawiji | busuk tan bêtah ngêlapa | nuli pamit mring gustine | arsa mulih marang wisma | panggih kusuma rara | gusti kula nyuwun sêkul | sêdalu tan sagêd nendra ||
3. myang gusti tan sagêd guling | sêdalu têngga pagagan | kang padharan sangêt luwe | ya ta ki agêng duk myarsa | ature kang parêpat | angandika marang sunu | nini sira angirima ||
4. kakangira ora mulih | sawêngi tunggu pêgagan | sayêkti pêrih atine | sira dhewe angirima | marang ing kakangira | kang wêruh mring kadang sêpuh | iku gêntining sudarma ||
5. sang rêtna gya gagorèngi | ginêlak gènira adang | wus sumêkta kesah age | arsa ngirim mring pêgagan | ingiring kang pawongan | sêkawan wau kang tumut | gawa sumbul lawan dhulang ||
6. kang sawiji gawa kêndhi | malih dhulang dhêdhaharan | datan winarna lampahe | sampun prapta ing pagagan | kêpanggih ingkang raka | pinanggihan anèng gubug | sang dyah aris aturira ||
7. kakang alungguha dhihin | yèn luwe sira dhahara | mêngko tumandanga manèh | Ki Jaka anuli lênggah | sumandhing Ni Kasihan | sarwi nyêpêng astanipun | kinipatkên mring sang
--- 223 ---
rêtna ||
8. sang dyah angling esma[11] runtik | la dene agurayahan | nora prasaja lungguhe | Ki Jaka aris ngandika | apuranên riningwang | ingsun arsa nyandhak kêlut | kaliru mring aastanira ||[12]
9. yayi aja sira runtik | nadyan ingsun anyêkêla | mring tanganing kadang anèm | kadang tuwa wus winênang | sun gêntining sudarma | wênang gendhong ngindhit ingsun | mênawa sira amular ||
10. aja duka sira yayi | tulusa asih mring kadang | bênêr sira ngirim mring ngong | aluwe wêtêng manira | sêdalu akaripan | anèng gubug tantuk turu | asrêp akèh lêmut môngsa ||
11. sang rêtna wêlas ing galih | nuli mêdalkên kiriman | dhahar gya linadèkake | lêlawuhira tinata | tandya wijik Ki Jaka | angandika sang abagus | payo yayi barêng dhahar ||
12. nuruti Rêtna Nawangsih | nuli wijik milu dhahar | anglêgani mring kadange | nanging radèn tansah ngangkah | nuruti brangtanira | dènnya dhahar dèn dêdangu | ngêpêl sêga palêrêtan ||
13. api kasêrêtên bukti | kêpêl tinutulkên sang dyah | kêna kang kiwa pipine | sang dyah kagèt wisan dhahar | radyan dhahar kêpêlan | sarwi asuka gumuyu | mari sêrêt gon sun dhahar ||
14. sang dyah sangêt [sa...]
--- 224 ---
[...ngêt] dènnya runtik | merang mriksani mring radyan | saya bènèh graitane | basane sira kakang mas | jarene kadang tuwa | dene nutul pipiningsun | kaya wong mêndêm polahnya ||
15. pantês dudu kadang yêkti | dene nutul pipiningwang | lir nutul pipi bojone | ujare angaku kadang | têka solah nyalunthang | sun tuturkên ramaningsun | yêkti cabut gulunira ||
16. sang dyah kawêntar kang runtik | Ki Jaka awas duk mirsa | yèn rayi runtik galihe | arsa rinangkul sang rêtna | sang dyah ngendrani mêdal | saking gubug gya lumayu | laju mulih tilar rowang ||
17. pawongan kalih nututi | milu mulih gustinira | Ki Jaka gêtun manahe | kuwanguran ing sang rêtna | kaduwung solahira | tan wurung sang rêtna wadul | iya marang ingkang rama ||
18. Ki Jaka tan arsa mulih | merang marang sang kusuma | pawongan gya kinèn mulèh | kang dhahar sami katilar | kunêng gênti kawarna | wau ta sang rêtnaning rum | prapta ngarsaning kang rama ||
19. umatur wadul anangis | aturira pêgat-pêgat | mêksa ginugu ramane | kang purwa praptèng wusana | ature sang kusuma | ki agêng ngandika arum | nini aja rudah ing tyas ||
--- [0] ---
[Grafik]
Widadari sami siram ing sêndhang, kadhatêngan Jaka Tarub lajêng sami mabur, Dèwi Nawangwulan kantun.
--- [0] ---
...
--- 225 ---
20. anuruta ujar bêcik | wruhanira nini sira | Ki Jaka ika yêktine | dudu kadangira lanang | iku putraning nata | Sri Narendra Majalangu | angèngèri marang sira ||
21. patut bae lamun wani | anggêgonjak marang sira | jêr wus lawas anèng kene | ngêntèni biraènira | ing mêngko nini sira | wus diwasa putraningsun | sêdhênge sira kramaa ||
22. wus pinasthi sira nini | kramantuk pacanganira | Lêmbu Pêtêng putra rajèng | pira-pira nini sira | anaking dhudha papa | kinarsan putraning ratu | sasat sira krama dewa ||
23. sang rêtna minggu tan angling | osiking manah mangkana | kadimèkne si wong kae | sêmbrana angarah prana | wong uwis olih prentah | katujune cangkêm ingsun | ora clathu nyanyah-nyunyah ||
24. kang rama waskithèng galih | duk umyat marang kang putra | kaduga parêng sêmune | tumungkul anggarit kisma | ing jro tyas anggraita | sarwi nguthik jêmpol suku | pratôndha purun akrama ||
25. kunêng kang tinari krami | kawarnaa rajaputra | tinimbalan mring ramane | sampun prapta munggèng ngarsa | kyagêng aris ngandika | Lêmbu Pêtêng putraningsun | ingsun titip arinira ||
26. aja kapara
--- 226 ---
ing têbih | arinira Ni Kasihan | prayoga karyanên bojo | ananging dèn sabar sira | akrama maksih bocah | acêguk bodho balilu | Ki Jaka nuwun turira ||
27. kalangkung kawula pundhi | amba pinaringan jimat | musthika rêtna kinaot | dadosa jimating gêsang | donya praptèng akerat | sang tapa suka ing kalbu | myarsa aturing Dyan Jaka ||
28. ki agêng nuli nimbali | marang kulawangsanira | sami kinèn asêsaos | pasang tratag têtuwuhan | lawan kinèn mêmajang | sampun tumandang sêdarum | sumêkta kang pêpajangan ||
29. saksana midadarèni | kumêndhung kang pêpajangan | kadya kaswargan yèn tinon | kumutug kukusing dupa | winor kukusing mêrang | ngambar gandanira arum | kinarya ngundang kang garwa ||
30. Sang Kusuma Nawangsasi | datan dangu nuli prapta | manggihi marang putrane | Kusuma Rara Kasihan | pan sampun pinaesan | pinênganggyan adiluhung | busana saking kahyangan ||
31. gandanira amrik minging | sang dyah wuwuh ayunira | yayah murca sapandulon | eram kang sami tumingal | marang Rara Kasihan | dene tan ana kang wêruh | unggyannya salin busana ||
32. sawusnya dipun salini |
--- 227 ---
Kusuma Rara Kasihan | pinasrahkên mring ramane | matur Dèwi Nawangwulan | ramakne bèng mrenea | lah punika sumbang ingsun | kang wus kangge putranira ||
33. andika panggihna nuli | ingsun yun wruh mantuningwang | yèn wus panggih ingsun mulèh | kyai agêng angandika | sun andhêg sira mirah | padha momong anak mantu | sun anti-anti sihira ||
34. matur Sang Dyah Nawangsasi | inggih kawula tan kêna | atunggal lan manungsane | luhung kalamun manungsa | kêna tunggal lan ingwang | ki agêng mangsuli wuwus | ingsun mirah milu sira ||
35. kang rayi mangsuli malih | inggih benjang kula bêkta | yèn sampun momong wayahe | buh-êmbuh ingkang rinasan | lah pundi mantuningwang | kawarnaa sang abagus | sêmana wus binusanan ||
36. amangangge sarwa luwih | busana rajakaputran | tuhu bagus sira radèn | karêngga dening busana | cahya sawang purnama | mancur awênês sumunu | yayah murca kinêdhèpna ||
37. lir hyang asmara manjanmi | singa dulu lênglêng brôngta | wus pinaripurna radèn | gya kairing marang tratag | tandya pangantèn kênya | sang dyah pinêthukkên gupuh | binayangkare kalihnya ||
38. wus pagut ing ngajêng kori | pangantèn [pangantè...]
--- 228 ---
[...n] kênya lan priya | samya balangan gantale | ping tri gya pangantèn priya | sinuci kang sampeyan | mring pangantèn kênya sampun | gya pinondhong sang lir rêtna ||
39. wus binêkta lênggah mungging | ngajêng pasarean têngah | rêspati lèmèk babute | sinuji isinya sêkar | andhèr pra kulawôngsa | tarap lênggah munggèng ngayun | gya mijil kang bojakrama ||
40. jawi lêbêt wus wêradin | nutug dènnya sami boga | wus linorot ambêngane | pangantèn asarêng dhahar | akêmbul priya kênya | lir adat kang wus kalaku | pangantèning bôngsa Jawa ||
41. jajar lungguh pangantèn dwi | lir Ratih lan Kamajaya | ingkang mulat brôngta kabèh | bangun turut Dyah Kasihan | tan sawala ing karsa | mila tan taha sang ayu | wit wawuh dhingin dhasarnya ||
42. sawusnya rampung pakardi | wau ta Dyah Nawangwulan | mring kyagêng atur pamite | samana sampun umêsat | kondur marang kahyangan | ki agêng brôngta jro kalbu | angiwa marang ing sanggar ||
43. anênuwun mring Hyang Widhi | tulusa kang putra kênya | ywa kêna sambekalane | unggyannya apalakrama | winongwonga mring Suksma | inggala pêputra jalu | kang kinaot ing sasama ||
44. Rêtna
--- 229 ---
Kasihan abrangti | mriksa sêmuning kang rama | kasmaran marang ibune | mèndêl anèng jinêm sêkar | sang rêtna tan ngandika | kang raka tansah angimur | arum wijiling wacana ||
45. yèn sêkara dhuh maskwari | puspa dewadaru swarga | kang uwit kancana gligèn | patra suwasa minulya | pradapa sotya rêtna | pêntil barliyan jumêrut | nêdhêng awoh dadi dika ||
46. aja na wani ngundhuhi | ngamungna rimas rakanta | sêdyaning tyas amba ngèngèr | makathik amanakawan | ngèstuti ing saprentah | dhumatêng dika dyah ayu | pun kakang atadhah karsa ||
47. sang dyah angling èsmu manis | gandês têmên yèn ngandika | sajagad tan antuk loro | ujare angaku kadang | sun kirim nyêkêl tangan | wêruha lamun gadêbus | môngsa sun gêlêm ngirima ||
48. radyan mèsêm angarasi | sang dyah mengo nyêngkah jaja | sinanbut[13] tangkis astane | pinangku sang dyah kalêswan | polah pongah-pangihan | gêlung lukar layon mawur | riwe mijil lir tinuras ||
49. tangèh rêngganing kang rêsmi | sinamun sami karasa | pinunggêl kawi kandhane | atut dènnya palakrama | lir mimi lan mintuna | saparan aruntung-runtung | ri sêdhênge pêpasihan ||
50. sigêg kang mong sukèng
--- 230 ---
galih | gênti ingkang kawarnaa | ing Palembang winiraos | Sang Dipati Arya Damar | langkung mukti wibawa | sugih garwa donya sunu | garwane ingkang panêngah ||
51. pêparingira Sang Aji | Brawijaya Majalêngka | Putri Cina lagya bobot | nênggih sampun pitung côndra | marmanira binuwang | karsanira sang aprabu | ginalih ngêndhih nêgara ||
52. mila Plembang Sang Dipati | wêlingira sri narendra | yèn durung babar putrane | tan kalilan nunggilana | kang carêm sacumbana | ing mangke ambabar sampun | ingkang wala mahya priya ||
53. Radèn Patah sinung nami | ambêg santa budi darma | bêlaba asih dasihe | sabar susila ing krama | tan ana rêngatira | mêlasasih bangun turut | sawulange ingkang rama ||
54. kang ibu tinutur malih | ing mangke sampun patutan | lan Dipati Palembange | kakung bagus warnanira | agagah prawirèng prang | Radyan Timbal sinung juluk | sami gênge lan kang raka ||
55. Radèn Patah langkung asih | marang rayi Radèn Timbal | tan môntra sanès ramane | pan kadya tunggal sayayah | kang rayi nut ing raka | sami ngaji rêmên ngèlmu | myang sinau têmbung Jawa ||
56. kêkalih lantip ing galih | sampun [sa...]
--- 231 ---
[...mpun] putus Jawa Arab | ingkang rama suka tyase | putra kalih bêg raharja | sêmana tinimbalan | mring kang rama kalihipun | munggèng ngarsa tur sêmbahnya ||
57. sang dipati ngandika ris | Patah Timbal putraningwang | ya anggonên salawase | aja tungkul ulah sastra | ngaraha kawibawan | sadhengah kang bêgja kulup | ing Palembang magangana ||
58. mêngko suwitaa kaki | mring Sang Prabu Brawijaya | iku kang masesa angrèh | mring sagung raja dipatya | ing sabrang tanah Jawa | sira Patah jatènipun | atmaja Sang Brawijaya ||
59. marma dadi putra mami | katut marang ibunira | tinarimakake ingong | lagi bobot pitung côndra | marmane ibunira | tinarimakakên ingsun | salawase ngandhut sira ||
60. sri narendra asring ngimpi | pan ibunira katingal | amangku rêmbulan gêdhe | ing sabên dalu mangkana | watire sri narendra | yèn sira ing akiripun | ginalih ngêndhih nagara ||
61. sabab putrane sang aji | sawiji miyos pangarsa | ingkang garwa sêpuh dhewe | iku kang ginadhang nata | anèng ing Majalêngka | Bondhan Surati ranipun | kang badhe ngrèh tanah Jawa ||
62. pan [pa...]
--- 232 ---
[...n] wus bêgjaningsun kaki | kudu darbe putra sira | pan ingsun gadhang ing têmbe | gêntèni klungguhan ingwang | mêngkua ing Palembang | sira atmajèngsun sêpuh | ingsun titip arinira ||
63. lamun datan antuk kang sih | marang kangjêng sri narendra | arinira kaki radèn | wênang sira ngingonana | kang putra sinung sabda | Timbal dèn wruh ing nomipun | putra kalih sarêng nêmbah ||
64. Dyan Patah garjitèng galih | angrasa wiji binuwang | marang kang rama sang rajèng | pinupu kang rama Plembang | sangêt panlangsanira | dhumatêng Hyang Mahaluhur | datan ngrasa darbe jiwa ||
65. kaetang sihing dipati | apa kang sun walêsêna | dènnya momong sarirèngong | ingsun duk durung binabar | malah praptèng diwasa | ing mangke asung pituduh | sapangrèh datan lênggana ||
66. rajaputra sigra pamit | lawan rayi Radèn Timbal | kalilan sinangon karo | putra kalih ngaras pada | tinimbul ibu rama | êmban pêrpat sami tumut | wong kalih dasa tut wuntat ||
5. Pangkur
1. radèn kalih aluwaran | saking Plembang nitih baita kunthi | kalih dasa rowangipun | sami putra dipatya | sampun layar ing marga datan winuwus | sampun lêpas [lêpa...]
--- 233 ---
[...s] lampahira | ing Palembang wus kawingking ||
2. prapta pulo tanah Jawa | radèn kalih sigra mêntas pasisir | ing Cirêbon kang jinujug | panggih Pangeran Modang | radèn kalih tinakenan sêdyanipun | sang kalih matur prasaja | yèn arsa mring Majapait ||
3. pangeran sampun waskitha | lamun Radyan Patah badhe narpati | sigra sinêmonan guyu | kanthia puruita | marang Ngampèl agampang wong dadi ratu | langkung nuwun rajaputra | sêmuning tyas walanggalih ||
4. sêdalu anèng jro pura | radyan kalih jêng pangran sukèng galih | akathah piwulangipun | kalih ingakên kadang | sarêng enjing nuli pamit sang abagus | sêmana sarêng manêmbah | sampun mijil saking puri ||
5. rajaputra lajêng budhal | sampun prapta ing wana Roban sami | tiyang kalih dasa tumut | lêstari lampahira | wana Roban angkêre kêlangkung-langkung | apan kathah janma begal | miwah kathah sarpa mandi ||
6. wêrite kagila-gila | pan akathah jim setan tuwin dhêmit | tan antara na kadulu | kang durjana ambegal | janma catur angadhang munggèng dêlanggung | anguwuh kinèn mandhêga | marang kang samya lumaris ||
7. pangarsanira satunggal |
--- 234 ---
maksih lare Ki Wana ingkang nami | desa Salam wismanipun | lola tan darbe bapa | rare yatin nging digdaya têguh timbul | yèn angsal donya begalan | pinaringkên janma miskin ||
8. datan rêmên rawat donya | amung rêmên ginunggung wani mati | yèn begal ngalang dêlanggung | rêmên begal wong kathah | Radèn Patah kalih dasa rowangipun | binegalan wong sêkawan | rajaputra mandhêg aglis ||
9. sirèku arsa punapa | janma catur angandhêg wong lumaris | Ki Wana asru amuwus | sun jaluk sangunira | sun paringkên mring sagung pra miskin iku | ingkang ora bisa mangan | têlungane sira sugih ||
10. Rahadèn Patah ngandika | bênêr sira ingsun kang luwih sugih | radèn ngambil usus-usus | kang isi dinar dirham | kinalungkên Ki Wana kang usus-usus | sanalika ingkang begal | sami datan bisa angling ||
11. saking mandi kang kamayan | mitênggêngên wuta tan wêruh margi | Radèn Patah nuli laju | tindak sarowangira | samantara saonjotan têbihipun | kawarnaa Kyai Wana | Salam susah ing panggalih ||
12. rumôngsa kenging rubeda | wilalatnya risang satriya kadwi | kêtanggor janma linuhung | tampi [ta...]
--- 235 ---
[...mpi] dhêndhaning Suksma | samya miris manahira janma catur | ing sajroning tyas nalôngsa | pan sarwi marêbês mili ||
13. asêsambat bapa biyang | sru karuna janma sêkawan sami | sadaya pating salênggruk | tan dangu antaranya | pan wus antuk apuranira Hyang Agung | sampun mulya wutanira | langkung ngungun jroning galih ||
14. tumuli angulap-ulap | angulati parane kang lumaris | wus waspada tingalipun | Ki Wana sarowangnya | pirêmbagan sêdayane arsa nusul | dhumatêng raja pinutra | tan ana sulayèng galih ||
15. nir tyasira Kyai Wana | ngucap tobat begala malih-malih | janma catur tandya nusul | andhèrèk Radèn Patah | sarwi matur asrah tobat mring sang bagus | ngaturakên pêjah gêsang | tiyang sêkawan nututi ||
16. rajaputra angandika | sun tarima Ki Wana milu mami | sira sun paringi juluk | arana Wanasalam | dene sira Wana Salam asalipun | Ki Wana nuwun turira | sakarsa dhatêng nglampahi ||
17. nuli lajêng lampahira | Wanasalam ngawula mring sang pêkik | ing saparan atut pungkur | sampun lêpas lampahnya | tan winarna lamine anèng dêlanggung | wus rawuh jajahanira | nêgara [nêga...]
--- 236 ---
[...ra] ing Majagêtir ||
18. kari lakon tigang dina | praptanira nêgara Majapait | sêmana lèrèn nèng dlanggung | Radèn Patah ngandika | mring kang rayi mangkana pamuwusipun | yayi padha andum lampah | sira banjura angabdi ||
19. mring Sang Nata Brawijaya | amaganga mênawa olih kardi | aja walanggalih mring sun | magang ana Palembang | iya sira ingkang darbe warisipun | dene yayi sarirèngwang | nutugakên dadi santri ||
20. kang rayi nungkêmi pada | sru karuna asambat kawlasasih | kang raka ngling sarwi ngrangkul | yayi aja karuna | lah turutên amrih arja ujar ingsun | lamun ingsun barêng magang | mring sira ngewuh-ewuhi ||
21. dene wong kang kalih dasa | ya gawanên mring nagri Majapait | sampun têlas wulangipun | kang rayi kinèn mangkat | pamit nêmbah kang rayi mangkat rumuhun | lawan rowang kalih dasa | lampahnya mandhêg tumolih ||
22. wus antara saonjotan | kang lumaku nuli radèn lumaris | Wanasalam ingkang tumut | miwah êmban sajuga | rajaputra mring pêsantrèn karsanipun | dhumatêng ing Ngampèldênta | wirandhungan lampahnèki ||
23. kunêng kang lagya lumampah | kawarnaa Jêng Sunan Ngampèlgadhing |
--- 237 ---
wus lami dènnya dhêdhukuh | sêmana wus tumêngkar | langkung arja ya ta wau dhukuhipun | agêmah dadi nagara | kathah ingkang sabat murid ||
24. putra kang sêpuh martapa | angaluwat antuk catur dasa ri | katarima mring Hyang Agung | kungas istijratkira[14] | dadya ratu waliolah tur pinunjul | winênang ngrèh pra oliya | Prabu Satmata wêwangi ||
25. ngêdhaton ing Giripura | para mukmin gung prapta gurunadi | lawan malih arinipun | Sèh Bênthong kang pêparap | wus jumênêng susunan nèng nagri Kudus | nênggih putra nomêr tiga | jumênêng ing Wuryagiri ||
26. nama Maolana Iskak | putra Ngampèl kang putri tan winarni | ya ta gênti kang winuwus | Kangjêng Susunan Benang | tan pêputra nêdya wadat karsanipun | malah jabut surasmara | dadya dhuwung pusaka ji ||
27. Kyai Kalamunyêng nama | pinaringkên marang Jêng Sunan Giri | sigêg gênti kang winuwus | wau ta rajaputra | sampun rawuh ing Ngampèl panggih sang wiku | sang atapa wus waskitha | saliring kang lagya prapti ||
28. lajêng dipun ambil putra | pinanggihkên lawan putrane putri | tan winarna laminipun | atut apalakrama | Kangjêng Sunan ing Ngampèl asih kêlangkung | dhasar wus [wu...]
--- 238 ---
[...s] wruh gaibing Hyang | rahadèn badhe narpati ||
29. samana raja pinutra | tinimbalan sampun sumaos ngarsi | angandika sang awiku | Ki Patah putraningwang | sun asung wruh margane wong dadi ratu | mentara ngalas Bintara | ngupayaa glagah wangi ||
30. yèn katêmu wismanana | dhêdhukuha kang nêmên angimani | iya mênawa katêmu | jangjine ing Bintara | amiwiti kêraton Islam karuhun | dèn asih marang oliya | anuli yasaa masjid ||
31. kang putra matur sandika | atur pamit sarimbit angabêkti | sampun lèngsèr saking ngayun | praptèng jawi gya budhal | tindakira ngalor ngulon radyan bagus | sarimbit lan garwanira | Ngampèldênta wus kawingking ||
32. ing marga datan winarna | lampahira wana Bintara prapti | amiwiti babat sampun | datan lami wus têlas | sabat murid sadaya pan sami tumut | karya wisma ngirit tiyang | sami manut gama suci ||
33. langkung arja dhukuhira | rajaputra têtêp agama suci | nuli karya masjidipun | kathah ngulama prapta | nanging datan sowan marang Majalangu | kunêng dhukuh ing Bintara | kawarnaa Majapait ||
34. Sri Narendra Brawijaya | amiyarsa wartane
--- 239 ---
kang sayêkti | ing Bintara baris agung | sang nata sayêmbara | marang wadya datan ana ingkang sanggup | anyêpêng baris Bintara | sagung wadya Majapait ||
35. kawarnaa putra Plembang | Radèn Timbal sampun katur sang aji | katrima pêmagangipun | kinarya lurah magang | anyaguhi sayêmbaranya sang prabu | rahadyan nuli dinuta | kinèn nyêpêng ingkang baris ||
36. rahadèn sêmana budhal | sarowange wong magang agêng alit | wolung dasa kathahipun | sanès paringing nata | cinacahkên wolung atus gunging wadu | sumêkta gêgamanira | wus lêpas dènnya lumaris ||
37. ing marga datan kawarna | wisatanya wana Bintara prapti | Dyan Timbal anuli malbu | marang sajroning kitha | amung wadya kawan dasa ingkang tumut | katur marang narpatmaja | yèn putra Palembang prapti ||
38. ki patih sigra parentah | marang wadya tan kêna lawan jurit | kinèn mire marang pungkur | nuli mijil Dyan Patah | sampun panggih lawan rayi datan pandung | Rahadyan Timbal lumajar | mangaras pada sang pêkik ||
39. apan sarwi matur nêmbah | dhuh kakang mas amba dinutèng aji | kinèn nyêpêng baris agung | awit tan sowan nata | gunging wadya datan wontên ingkang sanggup | amung [a...]
--- 240 ---
[...mung] kawula kang sagah | anyêpênga ingkang baris ||
40. botên nyana yèn paduka | ingkang baris wana Bintara mangkin | ingkang raka ngandika rum | ora nêdya ragèngwang | madêg baris mung babat wana kang suwung | arjane katur narendra | kang suwung sun amrih isi ||
41. kang rayi umatur nêmbah | dhuh kakang mas swawi sumiwèng aji | Bintara yogi tinêmbung | dhumatêng sri narendra | inggih kula ingkang matur mring sang prabu | yèn wikan lamun kakang mas | mêsthi èngêt darbe siwi ||
42. rajaputra osik ing tyas | dipun rasa lêrês aturing rayi | Radyan Patah kerit sampun | dhumatêng Majalêngka | para murid mukmin santri samya tumut | tan winarna lampahira | ing Bintara wus kawingking ||
43. arêmbên dènnya lumampah | awit radèn samarga gunêm pikir | tan ana sulayèng kayun | wus laju lampahira | gunging wadya sami suka manahipun | dene wurung gènnyarsa prang | mungsuhe têluk pribadi ||
44. ing marga datan kawarna | sampun prapta nagri ing Majasait[15] | nuli katur sang aprabu | rajaputra ngandikan | sri narendra sêdhêng miyos sitiluhur | sineba putra santana | paglaran supênuh nangkil ||
45. sagunge para punggawa |
--- 241 ---
pra dipati bupati miwah mantri | pandêlêgan miwah êmpu | Kya Patih Gajahmada | tinimbalan lawan ingkang lagya rawuh | wus munggèng ngabyantarendra | tiga sarêng atur bêkti ||
46. Dyan Timbal umatur nêmbah | dhuh pukulun amba atur udani | kang ginalih baris agung | dede liyan dêrayan | inggih kakang Radèn Patah namanipun | tunggil ibu sanès bapa | lawan kawula dewaji ||
47. mijil saking putri Cina | duk kêpanggih lawan pun bapa gusti | sampun bobot pitung tèngsu | babar pun kakang mangkya | botên lami nuntên kawula sumundhul | mila pisah lawan amba | pun kakang arêmên ngaji ||
48. wignya angimani tiyang | babat wana kaisèn tiyang santri | sagung wana ingkang suwung | sampun kaisèn tiyang | arjanipun sumôngga ing karsa prabu | pun kakang sadarma têngga | mung klilana yasa masjid ||
49. nuwun têtêping agama | anglurahi di dalêm tiyang santri | ya ta wau sang aprabu | nuli mundhut paesan | tandya ngilo kapriksa wayanganipun | sinami lan rajaputra | tuhu kêmbar ingkang warni ||
50. sri narendra angandika | lah bagea putrèngsun kaki santri | rajaputra matur nuwun | kapundhi ing mastaka | pangandika padukendra [padu...]
--- 242 ---
[...kendra] kang dhumawuh | sang nata malih ngandika | ingsun anggèr angidèni ||
51. dènira ababat wana | mêngko arja isi wong gama suci | nanging sebaa maringsun | sira ingkang momonga | lawan sira arana dipati mungguh | susunan anata praja | Bintara ingkang nêgari ||
52. lah têtêpa gama mulya | sasênêngan ingsun ora nglarangi | rajaputra matur nuwun | sarwi manguswapada | ya ta malih angandika sang aprabu | Si Timbal sun junjung lênggah | nèng Têrung nama dipati ||
53. arana Ki Pêcattôndha | lan kancamu wong magang gêdhe cilik | unggahna samurwatipun | ingsun pitayèng sira | tur sandika wau kang sinungan wuwus | wus rampung karsa narendra | sigra kondur ngênyapuri ||
54. sarawuhing dhatulaya | sri narendra pinêthuk pramèswari | sampun lênggah sang aprabu | paring wikan ing garwa | saniskara ing purwa wusananipun | kunêng gênti kawarnaa | ingkang sowan bubar mulih ||
55. Sang Adipati Bintara | sampun pamit marang rêkyana patih | tanapi Dipati Têrung | sawadya sami suka | kur-ungkuran mring Dêmak lawan mring Têrung | para santri suka-suka | aslawatan urut margi ||
56. kunêng kang antuk nugraha | tan winarna praptanira [prapta...]
--- 243 ---
[...nira] nagari | ya ta gênti kang winuwus | kawarna putra Tuban | Sèh Mêlaya kang mardika mring Hyang Agung | langkung bêkti mring Hyang Suksma | datan tolih garwa siwi ||
57. saênggèn amatiraga | midêr ing rat anjajah wana wukir | anêpi gotaka samun | gung guwa linêbonan | ing pasantrèn jinajah sadaya sampun | katrima marang Hyang Suksma | tan kilap ing agal alit ||
58. sêmana ngidêri jagat | Sèh Mêlaya ngubêngi ing pasisir | wus rawuh pasisir kidul | wruh janma mangun tapa | nèng sajroning guwa langse pêrnahipun | pêparapipun kang tapa | Sèh Maolana Mahgribi ||
59. wus lami gènira tapa | anèng guwa pitêkur datan muni | botên dhahar tanpa nginum | kuku remane panjang | tanpa nyandhang kang cawêt wus ajur mumur | Sèh Mêlaya eram mulat | kaelokaning Hyang Widhi ||
60. Sèh Mlaya mangunandika | luwih têmên kaelokaning Widhi | sang tapa sandhange mumur | kuku remanya panjang | tanpa dhahar suprandene datan lampus | bangêt têmên kinasihan | marang Hyang Kang Maha Suci ||
61. ing ngêndi pinangkanira | ingkang tapa ragane dèn pêpati | kang tapa angling jro kalbu | hèh hèh ywa tambuh mringwang |
--- 244 ---
Sèh Mêlaya aja ngregoni maringsun | tan kobêr nyapa mring sira | lagya ngandikan mring Widhi ||
62. Sèh Mêlaya datan samar | saosike kang tapa wus udani | ngrasa kasoran pandulu | kaluhuran ing cipta | Sèh Mêlaya saking guwa nuli laju | lumêstantun tindakira | nurun èrèng-èrèng wukir ||
63. sampun lêpas lampahira | Sèh Mêlaya prapta ing Gunungjati | arèrèn anèng alurung | nuju marga prapatan | apan sare ambathang nèng têngah dlanggung | dakare ngadêg lir gana | janma langkung merang uning ||
64. katur marang Pangran Modang | lamun wontên tyang tilêm anèng margi | kang dakar ngadêg kêlangkung | pangran nuli parentah | marang garwa kinèn godha kang nèng lurung | garwa sêkawan wus dandan | lir rarasing gula milir ||
6. Dhandhanggula
1. garwa catur samana wus mijil | prapta lurung pêrnahe kang nendra | ginugah pan eca sare | sêdalu anèng lurung | garwa catur anggodha sami | nanging datan kagodha | ingkang tapa turu | dakare malah anendra | amangkêrêt kêlangkung dènira alit | pra garwa mundur merang ||
2. praptèng pura umatur ring laki | ngaturakên solahe anggodha | tan pêpayon panggodhane | malah dakar [da...]
--- 245 ---
[...kar] kang wungu | amangkêrêt sak cabe aking | pangeran anggraita | yèn wali kang turu | jêng pangran nuli tumêdhak | marang lurung dèn iring gung para santri | rawuh gèn Sèh Mêlaya ||
3. uluk salam jêng pangeran prapti | Sèh Mêlaya anauri salam | nanging maksih eca sare | pangeran malah tunggu | anèng lurung angsal sapta ri | nuli wungu kang nendra | asalaman sampun | Sèh Mêlaya angandika | ingsun turu ana ing marga puniki | tan wêruh yayi prapta ||
4. alon matur Pangran Wukirjati | dhuh kakang mas suwawi katuran | kampir dhumatêng kadhaton | Sèh Mlaya ngandika rum | sun tarima sihira yayi | pan ingsun bujung lampah | nênggih arsa nglangut | anusul ing guruningwang | Sunan Benang ingkang lagya munggah khaji | yayi kèria wirya ||
5. Sèh Mêlaya pan laju lumaris | jêng pangeran lajêng kondur sigra | kêlangkung ngungun galihe | kunêng gênti winuwus | Sèh Mêlaya kang arsa khaji | sampun nyabrang samodra | pulo Ulih rawuh | lampahnya nuli kêpapag | kêlawan Sèh Maolana Mahgêribi | Sèh Mlaya tinakonan ||
6. lah ta jêbèng arsa marang ngêndi | dene sira anyabrang samodra |
--- 246 ---
Sèh Mêlaya ris ature | kawula arsa nglangut | marang Mêkah amunggah khaji | angling Sèh Maolana | bêbakal sirèku | wong wus antuk kanugrahan | tingal padhang saciptanira wus dadi | arsa khaji mring Mêkah ||
7. basa Mêkah dudu kakbah jati | Mêkah tiron tinêngêran sela | kang gumantung tanpa canthèl | ya patilasanipun | Jêng Ismangil duk kala lair | Nabi Brahim kang yasa | sarengat kang tinut | dene wong ahli makripat | nut ing keblat Mêkah kabèh asalnèki | asline jati suksma ||
8. uwis ana ing sira pribadi | kang linuwih amurba masesa | anèng sira paesane | pama ngilo sirèku | nèng jro carmin katingal kalih | jatine mung sajuga | wayangan kadulu | datan dulu kang wayangan | saking tan wruh marang kang ngilo jro carmin | lah wis jêbèng balia ||
9. Sèh Mêlaya kacaryan sabdaning | mêndhak arsa mangaras ing pada | sang tapa nampi astane | apan sarwi amuwus | aja jêbèng sira tan kêni | iya sapadha-padha | kewala sirèku | pan wali panutuping rat | pra oliya datan ana ingkang sami | lah wis ingsun tarima ||
10. Sèh Mêlaya matur têtanya ris | tuwan pundi tuwin [tuwi...]
--- 247 ---
[...n] sintên têngran | kula mêne arsa dhèrèk | ngandika sang awiku | sun Sèh Maolana Mahgribi | ngasrama Pêmancingan | Ngarab asal ingsun | ora susah milu mringwang | sira arsa gêguru marang ing mami | ki jêbèng ora kêna ||
11. lamun sira ora dèn lilani | marang gurunira kang kawitan | sun wênang mlambangi bae | bêcik wong sêtyèng guru | tinarima marang Hyang Widhi | lah sira mêrtapaa | anèng kali tunggu | wot galinggang anèng wana | adhukuha têdhanên gurumu kaki | kang cêdhak tan gêpokan ||
12. ingkang adoh tan wangênan kaki | nyatakêna kang kongsi satmata | kang kêrasa ing dhèwèke | lah uwis tutur ingsun | jawab[16]asta laju lumaris | kacaryan Sèh Mêlaya | kèri nèng dêlanggung | nunggoni woting galinggang | anèng wana datan dhahar miwah guling | asèndhèn wot galinggang ||
13. satus dina kramatira mijil | punang glinggang ngrêmbuyung ronira | ngaubi gènira sèndhèn | sing marmaning Hyang Agung | kayu mati sinèndhèn urip | warnanên Sunan Benang | ya ta ingkang langkung | anguwot anèng galinggang | sarêng mirsa kang rayi nendra nèng kali | winungu uluk salam ||
14. Sèh Mêlaya sarêng aningali | mring kang raka
--- 248 ---
gupuh ngaras pada | Jêng Sunan Benang sabdane | paran karsanirèku | dene turu nèng pinggir kali | yèn mangkanaa sira | sun wèhi jêjuluk | Susunan ing Kalijaga | para santri sadaya sami nêksèni | Sèh Mlaya nama sunan ||
15. sun idèni sira anèng ngriki | dhêdhukuha nèng pinggir narmada | garwanta sun susulake | lamine tan winuwus | Sunan Benang milu babati | nuli karya pratapan | dhepokira patut | ri samana Sunan Benang | angandika mring kang rayi Sunan Kali | payo mring Giripura ||
16. kang nglurahi sagung para wali | Sunan Giri Sang Prabu Satmata | ingkang ngrèh pra wali kabèh | padha nyuwun pangèstu | tur sandika Jêng Sunan Kali | nuli sami umangkat | murit ngiring sagung | ing marga datan winarna | sampun lêpas jêng sunan gènnya lumaris | rawuh Giri kêdhatyan ||
17. sampun panggih lan Jêng Sunan Giri | sami jawab asta sêsalaman | pêpak para wali kabèh | Jêng Sunan Benang matur | marang raka Jêng Sunan Giri | kawula tur uninga | jangkêp wali wolu | pun adhi ing Kalijaga | kang jumênêng wali panutuping Jawi | katrima mring Hyang Suksma ||
18. Sunan Giri nabda angidèni | jumênênge Sunan Kalijaga | wus mupakat [mupaka...]
--- 249 ---
[...t] wali kabèh | Jêng Sunan Kali matur | marang raka Benang sang yogi | kawula nama sunan | dèrèng angsal tuduh | amba nyuwun pangawikan | Sunan Ngampèl nambungi ngatag kang rayi | lah nuli kawêjanga ||
19. Sunan Benang sampun atur pamit | marang raka Sang Prabu Satmata | miwah marang Sunan Ngampèl | salaman sigra mundur | sarawuhe pakuwon masjid | kangjêng sunan mring rawa | wus wahana prau | miwah Sunan Kalijaga | tunggil prau ri sêmana sampun milir | nanging rêmbês kang palwa ||
20. Sunan Benang ngandika mring rayi | hèh ta jêbèng rêmbês kang baita | popokên ing lêndhut bae | kang rayi sampun mundhut | ingkang lêndhut pinopok nuli | mari rêmbês kang palwa | winêlahan gupuh | baita sampun manêngah | têngah dalu marêngi purnamasidhi | Sunan Kali winêjang ||
21. pamêjangnya sinêmon kang rayi | damar murup pancêre sakawan | yèn mati nyang di parane | kang rayi nuli matur | kalêrêsan dènnya nampèni | lêpasing panggraita | tanduk lawan wahyu | kasêksèn dening Hyang Suksma | pratandhane sinihan marang Hyang Widhi | coblong datanpa cahya ||
22. langkung nuwun Kangjêng Sunan Kali | atur sêmbah sarwi ngaras pada | Jêng Sunan [Suna...]
--- 250 ---
[...n] Benang sabdane | yayi dèn awas emut | aja kongsi kawêdhar nglathi | iku sabda larangan | yèn kawêdhar ngrungu | mring sagunging kang tumitah | yèn mangêrti dadi manungsa sêjati | kapir kupur sampurna ||
23. nuli ana cacing lur mangêrti | ing wangsiting jêng sunan sasmita | cacing katut lêmpung popok | Jêng Sunan Kali mundhut | ingkang lêndhut katutan cacing | wor popoking baita | mangêrti kang sêmu | sêmuning jati manungsa | nulya nguwuh amba mangêrti mring wangsit | nyuwun apuruita ||
24. kangjêng sunan kagèt duk miyarsi | angandika sapa ingkang ngucap | dene tan katon warnane | punang cacing umatur | kawula lur mangrêti wangsit | jêng sunan duk sasmita | tinampan kang sêmu | sêmuning janma utama | inggih kula tumut tampi sasmita di | ngraos dados kawula ||
25. kangjêng sunan angandika malih | wus pinasthi kodrating Pangeran | cacing lur ngrungu dadi wong | mandi sabda sang wiku | cacing nulya awarni janmi | lênggah angaras pada | ngandika sang wiku | iya wus ingsun tarima | sêtyanira kang satuhu lawan mami | arana Sitijênar ||
26. aparapa Lêmah Bang ya bêcik | de asale saka lêmah abang | kang sinung ling tur sêmbahe | angandika sang wiku |
--- 251 ---
mring kang rayi Jêng Sunan Kali | iku yayi pratôndha | luwihing Hyang Agung | tan kêna kinayangapa | yayi sira duk durung winêjang uwis | sinêlir mring Hyang Suksma ||
27. duk kalane sira arsa khaji | kinèn bali mring Sèh Maolana | sira nèng kali asare | têlung côndra pan antuk | krasanira sadhela guling | yèn aja sinêlira | yakti ajur mumur | yayi jiwaraganira | pratandhane saniskaraning Hyang Rawi | coblong datanpa cahya ||
28. lêhêng sira yayi wus sinêlir | mring Hyang Suksma langgêng ananira | badan ta langgêng anane | urip tan kêna lampus | urip datan ana nguripi | donya praptèng ngakerat | langgêng ananipun | sagunging para oliya | durung ana kang nyabrang sêgara pati | patitis kaya sira ||
29. ingsun iki upamane yayi | ngadhêp madu nèng sajroning kaca | mung wêruh mayane bae | durung wruh rasanipun | sun kapengin lir sira yayi | nyabrang sagara rahmat | yèn kêna riningsun | ingsun yayi pirsakêna | paribasan kêbo anusu mring siwi | guru mruwitèng sabat ||
30. Sèh Mêlaya umatur ngabêkti | gih sumôngga angatêr kewala | marganipun gampil angèl | tan kêna was ing kalbu | langkung dhêmit[17] [dhê...]
--- 252 ---
[...mit] rungsit kang margi | sigra ngadêg kalihnya | jêng sunan manêkung | asta samya ngrangkul madya | suku jajar nutupi tingal sajati | sakêdhap praptèng Mêkah ||
31. Sitijênar tumulya nututi | nut ing guru ngadêg suku tunggal | matèni pôncadriyane | sakêdhap netra rawuh | praptèng Mêkah sampun kapanggih | lan sagung waliyolah | jangkêp wali wolu | pan samya salat Jumungah | munggah kutbah wali wolu sinung wangsit | kasanga Sitijênar ||
32. wali wolu wus wênang ngidèni | masjid Mêkah ginambar mring Dêmak | pinaring surat kutbahe | bakda Jumungah mantuk | para wali sidhakêp prapti | ing Jawa jujug Dêmak | sêsalaman sampun | lawan Dipati Bintara | nata praja nulya ingaturan linggih | pra wali sampun lênggah ||
33. gung ngulama miwah para santri | ugi prapta tatrap tata lênggah | myang santana Bintarane | sumewa munggèng ngayun | nèng wurining kang para mukmin | sêmana Sèh Molana | apêparing dhawuh | dhumatêng sang adipatya | paring priksa benjang ri adêging masjid | tuwin wontêning wrêksa ||
34. calon sakagurunirèng masjid | ingkang badhe kabubuh ngupaya | para wali kawolune | dene sadayanipun | pinasrahkên mring
--- 253 ---
sang dipati | lan sagung pra ngulama | de kang punggawa gung | amung kinèn lêladia | duk samana kang pirêmbag sampun gilik | tandya sami bubaran ||
35. para wali sampun budhal sami | nuli laju nênggih angupaya | kang badhe sakagurune | sowangan tindakipun | kur-ungkuran dènnya lumaris | kawarna wisatanya | mangalor mangidul | ana ngulon wênèh ngetan | kawarnaa tindaknya Jêng Sunan Kali | prapta madyaning wana ||
36. madik kayu kang lurus witnèki | tinêngêran kang calon sêsaka | catur nênggih bubuhane | jêng sunan nuli dulu | ana kodhok minôngsa muni | kangjêng sunan ngandika | wijiling sabda hu | kang sarpa nglêpèh mangsanya | kang canthoka ucul manculat atêbih | umatur ponang sarpa ||
37. kangjêng sunan punapaa gusti | ngandika hu ucul mangsan amba | basa punapa artine | jêng sunan ngandika rum | ya ulunên mangsanira glis | ingkang sarpa wus kesah | canthoka gya ngayun | umatur dhuh punapaa | ngandika hu luwar kawula asakit | punapa tuhu luwar ||
38. kangjêng sunan awêcana aris | têgêsira uculêna sarpa | aja môngsa sêlawase | kanang canthoka nuwun | datan sagêd malês sih gusti | namung pakarya [pa...]
--- 254 ---
[...karya] tuwan | arsa ngusung kayu | kawula sagah ndhatêngna | mring Bintara yèn sampun glondhongan dadi | kawula kang bêktakna ||
39. ngling tarima Kangjêng Sunan Kali | canthoka wus mentar saking ngarsa | tan antara wontên manèh | janma wrêdha alangkung | amangangge yayah narpati | prapta ngajêngan sunan | kèndêl tata lungguh | Sèh Mêlaya kagyat mulat | ris têtanya marang ingkang lagya prapti | mangkana ngandikanya ||
40. dhuh pukulun amba nilakrami | ing paduka pundi kang pinôngka | kêlawan sintên asmane | paran sinêdyèng kalbu | kang tinakon mangsuli aris | yèn sira tambuh mring wang | tilas ratu ingsun | kang mêngku praja Ngamarta | pambarêping Brata Pandhawa wak mami | juluk Darmakusuma ||
41. ing samêngko sêdyaningsun kaki | yun ngupaya sampurnaning laya | dene dewa sasmitane | yèn sun bisa kêpangguh | lawan janma panutup wali | kang aran Sèh Mêlaya | ing kono ragèngsun | nêmahi sampurnèng laya | awit wali iku kang wignya jarwani | marang pêpundhèn ingwang ||
42. pusakèngsun pêparing dewa di | ingkang aran srat Kalimasada | pramila ragèngsun kiye | tansah mlaya bumi gung | yun nyatakkên kang sasmita di | jêng sunan dupi myarsa |
--- 255 ---
pangandika prabu | agupuh mangaras pada | sarwi matur kasinggihan sri bupati | sangêt kapasang yogya ||
43. gih kawula punika kang nami | Sèh Mêlaya panutup oliya | lir kang wus kasbut jarwane | sasmitaning dewa gung | Sri Ngamarta dupi miyarsi | mring aturing jêng sunan | cumêplong tyasipun | tan taha sukèng wardaya | marwatatma sarwi angandika aris | yèn mangkonoa sira ||
44. kang sayogya nguntapêna kaki | praptaningsun ing jaman kasidan | sampurnaning pralayèngong | ananging mêngko kulup | ingsun nêdha pruita dhingin | marang ing jênêngira | jêng sunan umatur | kawula lumiring karsa | gya winirit Sri Ngamarta gama suci | tuwin sinungan jarwa ||
45. kang Pustaka Kalimasadèki | ri wusira kacakup sadaya | rumasuk ing jro kalbune | samana sampun layu | Sri Narendra Ngamarta mangkin | sinuci sanalika | gya sinare sampun | anèng samadyaning wana | sabat muritira Jêng Sinuwun Kali | kang sami ngupakara ||
46. duk sêmana wus rampung ing kardi | Sèh Mêlaya lajêng tindakira | sigra kêpapag rayine | Rasawulan sang ayu | ingkang tapa ngidang wus lami | kalimputing wardaya | supe prajanipun | wus awor kidang mênjangan |
--- 256 ---
supe kadang cinêluk lumayu gêndring | ngungun kangjêng suhunan ||
47. kangjêng sunan anuli kêpanggih | lan muridnya kang aran Ki Supa | turuning êmpu kinaot | angsal sih gurunipun | mila Supa sêkti nglangkungi | lan malih muridira | wong mukmin satuhu | Iman Sumantri arannya | inggih sêkti jêng sunan muridnya kalih | binêkta bujung kidang ||
48. kinèn sangu kêpêlan rijêki | pan kinarya ambalang kang tapa | kangjêng sunan wangsul age | wus prapta prênahipun | kidang èstri anèng wanadri | Sang Rêtna Rasawulan | kêpanggih lumayu | binujung kacêgat-cêgat | dipun balang kêpêlan sêga kaping tri | nutut sampun kêcandhak ||
49. Jaka Supa kang mikut sang dèwi | Rasawulan supe datan nyundhang | budi cinêkêl astane | ri sêmana tinimbul | mring jêng sunan sinêdya eling | bêntinge Jaka Supa | tinapihkên sampun | pêpinjung kasmêkanira | duk sêmana sang rêtna cinêluk eling | ngrangkul padaning raka ||
50. ingkang raka angandika aris | yayi dèwi sira aluwara | muliha mring Tuban mangke | lan krama ariningsun | lan Ki Supa warnane pêkik | iku kang asung pangan | mring cira[18] riningsun | lan surute
--- [0] ---
[Grafik]
Wiwahan panggihing pangantèn Radèn Bondhan Kêjawan dhaup angsal Dèwi Nawangsih.
--- [0] ---
...
--- 257 ---
kangjêng rama | iya sira mêngkua nêgara Tubin | Supa karyanên bapa ||
51. matur nêmbah sandika sang dèwi | kangjêng sunan angatêr mring Tuban | datan kawarna lampahe | nêgara Tuban rawuh | panggih lawan kang ibu sori | Sang Dyah Rêtna Dumilah | asru dènnya muwun | rinangkul kang putra kênya | angandika marang putranira kalih | tan nyana maksih gêsang ||
52. dene tita tan ana pawarti | tata tita kang nangisi putra | kang putra atur sêmbahe | mring rama lawan ibu | sang dipati ngandika malih | dhuh putraningsun nyawa | ingsun uwis sêpuh | aja sira lunga-lunga | tunggonana nêgaranira ing Tubin | yèn ingsun praptèng lena ||
53. tur sandika Kangjêng Sunan Kali | nuli matur angaturi priksa | ing sasolah sarirane | katur sadayanipun | saking purwa wusana prapti | lan solahe arinya | katur rama ibu | langkung ngungun sang dipatya | duk miyarsa turing putra ngrês kang galih | kumêmbêng waspanira ||
54. sampun têlas ature kang siwi | sang dipati manggihkên kang putra | binojakrama panggihe | Ki Supa lan sang ayu | kang ningkahkên Jêng Sunan Kali | kang mangku Jaka Supa | gih pêpatihipun | sampun panggih kang pêngantyan |
--- 258 ---
tan winarna panggihira sang lir ratih | atut apalakrama ||
55. tan winarna lamine nênggani | kangjêng sunan mring ari sang rêtna | sêmana sunan karsane | pan arsa yasa dhuwung | ingkang rayi dipun timbali | marang ing kapandhean | Ki Supa wus rawuh | wus munggèng ngarsa jêng sunan | Sèh Mêlaya ngandika marang kang rayi | jêbèng ingsun karyakna ||
56. kêris cothèn sun anggo pribadi | iki wêsi saka ing kadiyat | mung sakêmiri gêdhene | wêsi tinampan sampun | mring Ki Supa awrat nglangkungi | nuli matur Ki Supa | pintên wêwahipun | dene kêdhik tosan tuwan | botên kenging dipun supit munggèng api | tan kenging pinukula ||
57. angandika Kangjêng Sunan Kali | ngarah apa aja kongsi wêwah | môngsa sagunung gêdhene | wêsi wêwah gêngipun | anjênggunuk saengga wukir | kagèt Supa tumingal | kang wêsi sagunung | matur atur pêjah gêsang | èwêt malih tosan tan kenging sinupit | wêwah agêng sacala ||
58. kangjêng sunan angandika aris | ya sagunung wêsi ingkang ilang | mung sakêmiri kang maksèh | sirna wêsi sagunung | ingkang maksih mung sakêmiri | saking mandining sabda | Ki Supa jrih ngungun | ingkang wêsi gya cinandhak |
--- 259 ---
dèn nyêt-ênyêt datan dangu dadi kêris | warna bang lir sangkêlat ||
59. kangjêng sunan langkung sukèng galih | amriksani marang ipenira | dene nyubaki karsane | dhuwung nuli pinundhut | sampun katur marang sang yogi | jêng sunan malih nabda | apa dhapuripun | Ki Supa umatur nêmbah | môngsa borong anggèn paduka mastani | kawula nut ing tuwan ||
60. kangjêng sunan ngandika mastani | sun arani kris dhapur sangkêlat | dene kris abang warnane | nanging iki tan patut | ingsun anggo wong laku santri | iki pantês kagêma | mring patingginipun | nêgara ing tanah Jawa | wus pinasthi benjang dadi pusaka ji | kang mêngku tanah Jawa ||
61. lah pundhinên jêbèng dèn arêmpit | bokmênawa benjang darbe darah | amêngku nungsa Jawane | dhuwung tinampan gupuh | mring Ki Supa dhuwung pinundhi | nabda malih jêng sunan | ya gawèkna ingsun | cothèn pranti pambêlehan | ingkang patut dèn anggo wong laku santri | mêngko sun grèsèk tosan ||
62. kangjêng sunan nuli nyipta wêsi | mêdal saking mêrtabating wahdat | amung saklungsu gêdhene | pinaringakên sampun | mring Ki Supa sigra kinardi | pinijêt kaping tiga | nuli dadi [da...]
--- 260 ---
[...di] dhuwung | anulya katur jêng sunan | kalêrêsan ingaran crubuk kang kêris | kasmaran kangjêng sunan ||
7. Asmaradana
1. ri sêmana Sunan Kali | pamit marang ibu rama | wangsul mring Dêmak karsane | Ki Supa apan tinilar | kinèn tut palakrama | gya lumampah sang awiku | Iman Sêmantri tut wuntat ||
2. tan winarna kang lumaris | kawarnaa Kyai Supa | kang pasihan lan garwane | Ki Supa pamit mring garwa | arsa mring Majalêngka | atêtuwi rama ibu | Ki Tumênggung Supadriya ||
3. kang garwa tan kêna kèri | arsa priksa maratuwa | gya pamit rama ibune | têtuwi mring Majalêngka | sang rêtna wus karilan | pinaring pawongan agung | jalu èstri wolung dasa ||
4. sigra budhal sang aputri | nitih joli jinajaran | upacaranira abyor | Ki Supa nitih turôngga | rêspati payung abang | kang ningali brôngta wuyung | Ki Supa bagus taruna ||
5. kunêng wau kang lumaris | ya ta gênti kawarnaa | nagri Dêmak winiraos | Sang Dipati Natapraja | wus saos wrêksanira | badhe karya masjid agung | pra wali pêpak sadaya ||
6. Kangjêng Sunan Giri prapti | anggawa saka sêkawan | tanapi Jêng Sunan Ngampèl | ambêkta saka sêkawan | miwah [mi...]
--- 261 ---
[...wah] Jêng Sunan Benang | lawan Kangjêng Sunan Kudus | tuwin Sunan Purwagônda ||
7. Pangeran Palembang prapti | angampil saka sêkawan | kayune jati trêmbalo | Sunan Wukirjati prapta | gawa saka sêkawan | Kangjêng Sunan Kali rawuh | lan Pangeran Sitijênar ||
8. jangkêp wolu para wali | sanga Pangran Sitijênar | mukmin dadi pênganjure | ngladosi saka nyêkawan | Jêng Sunan Kalijaga | ngladosi saka mung têlu | canthoka kang sami bêkta ||
9. la dene kurang sawiji | dèrèng angsal angupaya | para mukmin prapta kabèh | anggawaa kang sêsaka | bubuhane nyêkawan | sêdaya sami pinatut | pinasah lawan rêmpêlas ||
10. kumrubut wran nambut kardi | ngundhagèni kang sêsaka | pinetang gunging sakane | agêng alit wolung dasa | nanging kirang sajuga | Jêng Sèh Maolana muwus | mring Jêng Sunan Kalijaga ||
11. lah ta jêbèng Sunan Kali | aja sira ngeca-eca | besuk esuk ing adêge | sakaguru maksih kurang | kang kèthèr kaki sira | Jêng Sunan Kali umatur | gih mangke dalu ngupaya ||
12. ya ta Kangjêng Sunan Kali | kasusu karya sêsaka | angadhêpi mring wong mêthèl | ing dalu nglêmbur
--- 262 ---
sadaya | nglumpukkên sagung tatal | tinumpuk tinata mujur | sinêbda dadi sêsaka ||
13. anuli dipun tatahi | ingawag lawan dêduga | pangêrête wus pinêthèl | duk lèrèn dènnya mamêrang | jêng sunan sèlèh gaman | nuju orong-orong mêtu | katindhihan ing gêgaman ||
14. githoke pothol sasisih | orong-orong kalintingan | sêsambat pothol gulune | munggèng ngarsane jêng sunan | sambate lir gurantang | adhuh-adhuh gustiningsun | kawula nuwun usada ||
15. akêbat pêthèl dèn ambil | dhumatêng wau jêng sunan | orong-orong matur alon | kula gusti botên dosa | lamun pinêjahana | jêng sunan ngandika arum | tan nêdya matèni sira ||
16. asèlèh gêgaman mami | tan wêruh yèn sira mêdal | mêngko sira orong-orong | sêsambat atakon dosa | dosanira kainan | tan wêruh ing cilikipun | ngadhêpi janma mamêrang ||
17. orong-orong matur aris | tan nêdya pabên kawula | mung nyuwun tulung wak ingong | jêng gusti ingkang sinihan | marang Kang Murbèng Gêsang | yèn gusti tan arsa tulung | luhung nuntên untapêna ||
18. jêng sunan wêlas ningali |
--- 263 ---
kang orong-orong cinandhak | nuli sinambung gulune | tatal jati kang kinarya | nèng githok prênahira | sêmana waluya sampun | orong-orong githok tatal ||
19. wus pulih lir wingi uni | inguculkên sangking asta | wus mulya kadi waune | kawarnaa sampun enjang | sagung para oliya | sami ngatag angkat junjung | gumuruh wong nambut karya ||
20. lir sêmut solahing janmi | anggili tanpa wilangan | angusung lêmah wêdhine | miwah wong kalang mêrgôngsa | polahe lir rewônda | Pôncawati sêdhêngipun | mring Nglêngka nambak samodra ||
21. ing Bintara sang dipati | lir pendah Bathara Rama | jênêngi karya tambake | para wali sami donga | nênuwun mring Hyang Suksma | yayah dewa swarga tumrun | ngèstuti waluyèng karya ||
22. sakaguru wus rinakit | lor kulon Prabu Satmata | kidul kulon Sunan Ngampèl | kidul wetan Sèh Molana | lor wetan Sèh Mêlaya | saka tatal kang rumuhun | cinêblèk ngadêg priyôngga ||
23. kang tiga sami nimbangi | mêdalakên kaprawiran | sami ngadêg sêsakane | nging ngadêg mawi lantaran | samya tinuntun asta | nuli pamidhanganipun |
--- 264 ---
dèn oyog manjing sêsaka ||
24. saka rawa anututi | anurut saka sêkawan | sigra minggah pangêrête | gya manjing purusing saka | dhadha pêksi andiya | wus ngadêg dudur umagut | sadaya wus kinancingan ||
25. takir lumungsir prit gantil | wus pinasang kinancingan | datan antara usuke | lawan rèng wus pinakonan | mastaka gya pinasang | ngadêg sasêngkalanipun | lawang trus gunaning janma ||[19]
26. sigra sagung para wali | amawas lêrêsing keblat | nanging pradongdi karsane | ana kang ngoyog mangetan | sawênèh nora rêmbag | masjid dèn oyog mangidul | darêdah pirêmbagira ||
27. kèndêl ingkang nambut kardi | dene ingkang pra oliya | sami sulaya rêmbage | tan sagêd rujuk karsanya | kang majêng lêrês Mêkah | gèsèh-gèsèh wawasipun | keblating masjid punika ||
28. kongsi manêngah Hyang Rawi | tan ana wêkasanira | sigra Sèh Mêlaya age | jumênêng ngidul adhêpnya | kang asta kiwa nyandhak | ing mastaka masjidipun | astane têngên anyandhak ||
29. mastakaning Mêkah masjid | wus gathuk kala sêmana | sinamya nênggih keblate | Sèh Mêlaya sru manabda | lah para kônca nêdha |
--- 265 ---
mawas saking keblatipun | inggih masjid ing Bintara ||
30. ing mangke wus ingsun sami | lan keblating masjid Mêkah | wali samya gawot[20] tyase | duk dulu marang Sèh Mlaya | jrih ngungun jroning nala | sadaya sumaur sampun | lêrês kang masjid keblatnya ||
31. wus inguculakên nuli | sampun kondur masjid Mêkah | sanalika wus tan katon | kang katingal masjid Dêmak | sêksana ingunggahan | tinrapan usuk rèngipun | gya pinasang sirapira ||
32. saka pênanggap pra tuwin | kang ponang sêsaka rawa | pan sampun rinakit kabèh | pênanggap pinayu wrata | pangêrêt tumpang tiga | têngah pangimananipun | miwah kiwa têngênira ||
33. ginatra pangimannèki | nênêm pitu pangimbaran | rêspati ing jro masjide | dinadak kinarya Jumngah | kang ngimani Jêng Sunan | Benang dene kutbahipun | nênggih Jêng Sunan ing Arga ||
34. musiral Jêng Sunan Kali | ingkang adan Sunan Wurya | kêlawan Sunan Ngudunge | ing Crêbon lawan Palembang | gih sami tumut adan | pra wali lan mukmin sagung | malbèng ing masjid asalat ||
35. tanapi sabat lan murid | awor dènira asalat | lumêbu marang masjide | pira-pira janma salat | sampun [sampu...]
--- 266 ---
[...n] klêbu sadaya | saking jêmbar agêngipun | wau masjid ing Bintara ||
36. lan barkahing para wali | sabakdanira asalat | mukmin sami bubar mulèh | lan sagunging murid sabat | sampun bubar sadaya | para wali maksih kantun | prasamya apêpujian ||
37. pêpujian sarwi dhikir | kongsi wuru dhikirira | tan wangwang jiwa ragane | kang dhinikir wus waspada | jumbuh Gusti kawula | sangking wuru dhikiripun | lir pendah yuda kanaka ||
8. Pangkur
1. sêmana para oliya | para wali glis samya liru dhiri | pama sêgara lan alun | tan adoh pinangkanya | tinarima sami ing surasanipun | tan ana rasa-rumôngsa | rasaning kawula gusti ||
2. luwar saking jati purba | para wali Jêng Benang sigra angling | uluk salam wuwusipun | nuli maca kudangan | kudangane jêng gusti andika rasul | apan sarwi asung salam | sagung ingkang para wali ||
3. sawusnya sami salaman | para wali lênggah tumêngèng nginggil | anulya sami andulu | dangu-dangu katingal | pangimanan anênggih ana gumandhul | buntêlan lulanging menda | opyak sagung para wali ||
4. Jêng Sunan Benang ngandika | kang gumandhul bêcike dipun uthik |
--- 267 ---
para wali sami rêmbug | anuli Sunan Benang | ngambil tungkat anguthik ingkang gumandhul | wus kêna sigra cinandhak | lulanging menda rêspati ||
5. buntêlan nuli binuka | jroning lulang ana isine malih | sumêlip di warnanipun | kotang kêlawan surat | gya binuka kang sêrat ijêmanipun | surat saha nabiyolah | mustapa ingkang sinêlir ||
6. panutan panatagama | ngalam donya ing akir kang sinêlir | mring Gusti Allah Kang Agung | dhumawuh Sèh Mêlaya | sahing salam ingsun ganjar sira iku | rasukan lorodan ingwang | agêmên ing donya ngakir ||
7. arane ôntrakusuma | ron kastuba lorodan saking swargi | iya sira gêntèn ingsun | gadhuh ôntrakusuma | lan ulêsing lulang domba sing swarga gung | iya gawenên rasukan | agung sawabe ing wuri ||
8. dadi jimating nagara | yèn dèn anggo bawa lêksana sêkti | lah iya turun-tumurun | titi tamat kang surat | Kangjêng Sunan Benang angandika arum | lah ta jêbèng Kalijaga | sira ginanjar jêng nabi ||
9. lah nuli sira agêma | sun arsa wruh warnanira sayêkti | sadaya tinampan sampun | mring Sunan Kalijaga | kang rasukan anulya ingagêm [ing...]
--- 268 ---
[...agêm] gupuh | warnane kênyar kumilat | mangilat thathit angalih ||
10. Jêng Sunan Benang ngandika | nênggih marang sagunging para wali | lir punapa warninipun | Kya Ki Ôntrakusuma | kang tinakon pra wali samya sumaur | sanès-sanès pandulunya | tan kenging dipun arani ||
11. Sunan Benang malih nabda | mring kang rayi lah jêbèng Sunan Kali | ingsun bae yayi mujur | ulês lulanging domba | sun karyane rasukan kotang anurun | mring Kyai Ôntrakusuma | dene ingsun kang ngimani ||
12. kang rayi matur sumôngga | dèn aturkên carma nuli kinardi | Ôntrakusuma tinurun | tan dangu nuli dadya | dèn arani Kyai Gondhil namanipun | mupakat wali sadaya | kang sami tumut dondomi ||
13. sêmana nuli cinoba | marang Sunan Benang ingkang akardi | nanging sangêt sêsakipun | angamplik datan cêkap | Kangjêng Sunan Benang lêpat dènnya ngukur | tan ngukur sariranira | kang dèn ukur kangjêng kyai ||
14. Kangjêng Sunan Giri nêdha | nyoba marang rasukan Kyai Gondhil | sêmana ingagêm sampun | ananging datan cêkap | kang rasukan tinêdha mring Sunan Ngudung | ingagêm inggih tan cêkap | sêdaya gung para wali ||
15. agêng alit sami nyoba |
--- 269 ---
mring rasukan kotang Kiyai Gondhil | datan ana ingkang cukup | ana logro lan sêsak | mung Jêng Sunan Kalijaga ingkang cukup | datan lobok botên sêsak | lir ingukur Kyai Gondhil ||
16. Sunan Benang angandika | wus pinasthi sinihan mring Hyang Widhi | Ki Jêbèng Kali pinunjul | mring samining oliya | pratandhane tan owah ganjaranipun | pinasthi ing tanah Jawa | jêbèng Kali kang ngimani ||
17. sêmana sampun bubaran | para wali kunêng gênti winarni | Sri Narendra Majalangu | Sang Prabu Brawijaya | nèng jro pura langkung putêg ing tyasipun | dene nagri Majalêngka | ing mangke pinarak gêring ||
18. akèh wong mati kêdadak | enjing sakit sore tumêkèng pati | lara sore esuk lampus | marga luntak ludira | angising rah atanapi nguyuh marus | saking kathahing papêjah | ing pura kandhêg kang kêmit ||
19. jro pura kathah tyang pêjah | garwa nata Jêng Ratu Dwawarati[21] | grah sangêt saliranipun | wus lami antaranya | saking sangêt dènnya gêrah supe waktu | tan ana dhukun mulyakna | lumintu usada prapti ||
20. langkung susah sri narendra | lamun dalu sang nata èsmu ajrih | sabên wong saos [sao...]
--- 270 ---
[...s] kêdhatun | ngandikan marang pura | kinèn mêlèk nèng daganing kangjêng ratu | ingkang kêmit jro kêdhatyan | lurah êmpu lawan ngampil ||
21. majêng kalih gêgiliran | lurah êmpu kêlawan lurah ngampil | marêngi giliranipun | Tumênggung Supadriya | lan kang raka Supagati ki tumênggung | marêngi gêrah kalihnya | kadwi datan sagêd kêmit ||
22. kèwêdan ing manahira | saking sangêt karsanira sang aji | yèn sakit kang darbe laku | asaos marang pura | apan kinèn sêsulih mring putranipun | Supagati Supadriya | sêmana sulih kang siwi ||
23. Supagati putranira | sinulihkên Ki Jigja ingkang nami | Supadriya ki tumênggung | asulih putranira | Jaka Supa amarêngi lagi rawuh | lan kang garwa putri Tuban | pêngantèn enggal sang pêkik ||
24. nuju tuwi mring kang rama | ingkang rama kaparêng lagya sakit | Ki Supa kinèn malêbu | lan kang raka Ki Jigja | inggih kadang nak sadulur prênahipun | kêkalih sami prawira | pêngantyan enggal prasami ||
25. sampun prapta jro kêdhatyan | Supa Jigja ngandika marang puri | sang kadwi wus munggèng ngayun | nèng dagan pêsarean | sri narendra ngandika dhumatêng êmpu | êmpu sulih apa
--- 271 ---
sira | iya bisa tulung jampi ||
26. Ki Jigja umatur nêmbah | dhuh pukulun tan asring karya jampi | malih ngandika sang prabu | kang bêtah mêlèk padha | ingsun sayah wus lawas tan antuk turu | samêngko sun arsa nendra | mung sira ja na aguling ||
27. kadwi umatur sandika | ingkang wêngi anggagap[22] bangun enjing | sirêp sajroning kêdhatun | sang nata sampun nendra | Supa Jigja maksih lungguh ting kêranthuk | nèng daganing sri narendra | ngêlèki dyah pramèswari ||
28. lurah juru pêsarean | sampun nendra kêlawan lurah ngampil | Supa sayah dènnya lungguh | anuli sêsarean | andhêkukul anèng batur kalihipun | kalajêng turu Ki Jigja | tyang dalêm sadaya guling ||
29. warnanên dhuwung pusaka | pundhèn dalêm munggèng ulon nêrpati | nama Kyai Condhongcampur | pusaka paring dewa | sabên dalu mahya saking wadhahipun | karsanira amêmôngsa | dêlajad gêmpur kang nagri ||
30. dilalah karsaning Suksma | pundhèn nata ruhara nêluh janmi | pratôndha badhe linarut | karaton Majalêngka | Condhongcampur sampun wikan mêngsahipun | ingkang nama Ki Sangkêlat | bakal pusaka narpati ||
31. dèn angge marang
--- 272 ---
Ki Supa | Kyai Condhongcampur panas kang galih | arsa ngayoni gya mêtu | saking pêthi kancana | têluh braja cumalorot kadya antu | Kyai Sangkêlat duk mriksa | sigra mêdal anututi ||
32. wus mahya saking warôngka | Ki Sangkêlat amapak saking ngarsi | wus panggih Ki Condhongcampur | aris ing aturira | dhuh kiyai sampun makatên ing kayun | dene karsa ngrisak wadya | tan sae ingkang pinanggih ||
33. Ki Condhongcampur sru mojar | kumalungkung Sangkêlat mêmalangi | môngsa sun ajrih sirèku | gumaib kumawawa | kumawani ngundurakên karsaningsun | sira pakaryaning janma | Ki Sangkêlat matur malih ||
34. ywa mangkana karsa tuwan | tinutugkên anêluh tiyang alit | bramantya Ki Condhongcampur | sigra dènnya nêrajang | ngering nganan asru ing panautipun | sru panggah Kyai Sangkêlat | datan sumêdya ngunduri ||
35. warnanên dhuwung Ki Jigja | sarêng wikan sigra dènira mijil | saking wrôngka arsa tulung | wus prapta prênahira | nuli panggih saking kering kanan nuduk | Kyai Condhongcampur panggah | sarema datan gumingsir ||
36. wanti-wanti panuduknya | saking lambung gènira anuduki | gya winalês lambungipun |
--- 273 ---
tan pasah kêragangan | kuwalahan lambung dêngkèng sigra mundur | mung Kyai Sangkêlat panggah | arame masilih ungkih ||
37. kalimput dènira yuda | Kyai Condhongcampur kasor ing jurit | wus pinancas grananipun | remane kacang pagas | têluh braja kocar-kacir mawut mawur | ujare kang sampun pana | dadi gabag lan palênthing ||
38. Ki Condhongcampur lumajar | malbèng pêthi kancana datan ririh | kêsandhung swara gumrupyuk | mundur Kyai Sangkêlat | nata kagyat miyarsa swara gumrupyuk | ing ulonira anendra | dèn ungak tan ana rêmpit ||
39. sang nata mangulap-ulap | kanan kering ing ngandhap miwah nginggil | datan ana kang kadulu | parêkan eca nendra | sirêp jêjêp tan ana janma kang watuk | mung Ki Supa datan nendra | dhêkukul pi-api guling ||
40. kawarnaa ingkang gêrah | garwa nata Ratu ing Dwarawati | kraos ènthèng sliranipun | wungu unggyannya nendra | wahing dhèhèm sang nata ngandika gupuh | dene wungu sira nimas | paran raosing kang sakit ||
41. kang garwa ririh aturnya | ragi asrêp raosing punang sakit | angandika kangjêng ratu | wong turu dha tangia | kang nèng jrambah padha gugahana [gu...]
--- 274 ---
[...gahana] gupuh | pawongan tangi sêdaya | wrêdha mudha marêk sami ||
9. Sinom
1. ya ta sampun byar raina | Supa Jigja samya mijil | saking dalêm prabayagsa | tinarima mring sang aji | dene nuju marêngi | mulya gêrahe jêng ratu | saking lèk Supa Jigja | kêkalih ginanjar sami | arta sinjang sabuk kulambi lan dhêsthar ||
2. sêmana Ki Supa Jigja | tumênggungan sampun prapti | Ki Supa lawan Ki Jigja | alênggah tiyang kêkalih | Ki Supa bisik-bisik | atutur solahing dalu | kalane kang curiga | purun pusakèng narpati | Kyai Jigja nuli ngunus kang curiga ||
3. Ki Jigja kagyat tumingal | dene dêngkèng ingkang kêris | gowang wuri lêlandhêpnya | têmpak pucuking kang kêris | gawok Jigja ningali | kêlangkung dènnya gagêtun | dene dalu tan wikan | dhuwunge kêkalih jurit | sami dhuwung lan pusakaning narendra ||
4. Ki Supa narik curiga | Ki Sangkêlat dèn tingali | maksih wêtah datan owah | mung balur kadi kinikir | gya sinarungkên malih | Kyai Jigja dhuwungipun | sabuk intên dhapurnya | kang gowang dèn urut malih | langkung bagus nging alit tangguhe Jigja ||
5. Ki Jigja aris ngandika | dhuwungira [dhuwungi...]
--- 275 ---
[...ra] yayi bêcik | age sira umpêtêna | yèn kapriksa mring sang aji | mundhak sira bilai | aja wêwarta riningsun | marang ing liyaning wran | nadyan ingsun ora bribin | mangke ingsun pangling warnane kris ingwang ||
6. Ki Supa aris aturnya | yèn makatên kula mulih | dhumatêng nêgari Tuban | Ki Jigja langkung marêngi | rampung gunêmnya kalih | Supa pamit rama ibu | Tumênggung Supadriya | wus waluya dènnya sakit | putranira rinilan pinaring brana ||
7. Rasawulan nuli nêmbah | mring maratuwanya kalih | pinaring bêrana kathah | langkung nuwun sang lir Ratih | sêmana bubar nuli | wong Tuban tan ana kantun | wahana joli sang dyah | jajaranira mêrapit | busana bra lir pendah putri Ngurawan ||
8. Ki Supa anitih kuda | samarga-marga sêsirig | eram kang sami tumingal | warnane Ki Supa sigit | putrine ayu luwih | nèng joli wingit dinulu | tangèh rêngganing marga | wus lêpas dènnya lumaris | tan winarna ing marga wus praptèng wisma ||
9. sarawuhira ing Tuban | Ki Supa kêlangkung mukti | pan sangêt pinutra-putra | marang Sang Dipati Tubin | Ki Supa dhasar alim | amandhita ambêkipun | kathah tyang puruita |
--- 276 ---
anggêguru ngèlmu supi | myang pangiwa kadigdayan kanuran ||[23]
10. lan prabawaning curiga | Ki Sangkêlat langkung bêcik | Ki Supa kajanapriya | êmpu prawira sinêkti | manjing mukmin kas adi | Sunan Kali gurunipun | kèringan kautaman | aguna sarana sêkti | agal alus Ki Supa datan kèwêdan ||
11. kunêng gênti kawarnaa | Sri Narendra Majapait | marêngi dina utama | sagung pundhèn dèn kutugi | ambuka pêthi rukmi | ngambil Kyai Condhongcampur | tinarik saking wrôngka | sang nata kagèt ningali | Condhongcampur pugut kêmbang kacangira ||
12. tugêl saluk pucukira | pamor kadi dèn cukili | sang nata duka ing driya | tambuh kang dipun dukani | langkung lingsêm kang galih | mangkana osiking kalbu | apa kalêbon dhustha | mrih wirang ingsun nèng puri | baya ingsun pinrih mijil saking pura ||
13. lamun ingsun turutana | sêmune ki maling sêkti | sun mêtua saking pura | nèng ngêndi gon ingsun panggih | datan sêmayan mami | lawan mungsuh ingsun pandung | dadi wau sang nata | mupus karsaning dewadi | lamun tiwas pêpundhèn pusakaning rat ||
14. sêmana sang nata arsa | amangun pundhèn narpati | nimbali rêkyana
--- 277 ---
patya | kêlawan Ki Supagati | Supadriya tanapi | Japanjigja munggèng ngayun | kalima sami ngrêpa | kinèn majêng awotsari | sri narendra ngandika mring kyana patya ||
15. hèh Patih Gajah Pramada | ingsun arsa mangun kêris | sun gawe kêris pusaka | Condhongcampur ingsun bêsmi | ingsun akarya malih | patih sandika turipun | inggih sakarsa nata | kawula dhatêng lumiring | sri narendra sigra têdhak mring pungkuran ||
16. wus prapta ing prênahira | êmpu catur munggèng ngarsi | pinêpak sêsajinira | bêsalèn pungkuran inggih | Condhongcampur tumuli | tinarik marang sang prabu | ki patih kinèn mola | gêng panjange nuli dadi | Condhongcampur pinaringkên Supadriya ||
17. Ki Condhongcampur tinampan | ri sêmana dipun bêsmi | langkung gênge kang dahana | kang wêsi sigra sinupit | dèn ambil saking api | tinumpangkên paron sampun | Supadriya angangkat | pukule arsa ginitik | Condhongcampur sirna mumbul mring ngawiyat ||
18. anggêrêng suwaranira | gumludhug anèng wiyati | awor lawan têluh braja | kang sirna kala ing wêngi | anunggil dadi siji | lan lintang dadi kumukus | langkung gêng kukusira | kumutug [ku...]
--- 278 ---
[...mutug] nèng langit putih | ingkang wêngi nuju padhang lir raina ||
19. kathah kang sami tumingal | umbule kang ponang agni | pan awor kêlawan lintang | kumukus lintang ing langit | katur marang sang aji | sri narendra nulya dulu | dhumatêng pêlataran | aningali lintang gêring | tan antara kang lintang nuli nyuwara ||
20. lah Sang Nata Brawijaya | poma sira ngati-ati | sira pitênah maringwang | ingsun darma anglakoni | dadi pratôndha mangkin | bakal rusaking kêratun | lah mara tutugêna | karyaa dhuwung kang bêcik | ingkang aran kêris siji dhapur sasra ||
21. karya tumbaling nagara | lamun tan karya sang aji | kris juga kang dhapur sasra | yêkti rusak Majapait | mung iku wêkas mami | ingkang lintang mari muwus | sang nata lajêng lênggah | patih êmpu munggèng ngarsi | sri narendra aris ngandika têtanya ||
22. patih sira wus uninga | kêris sèwu dhapur siji | yèn wus uning sun karyakna | ki patih matur ngabêkti | amba dèrèng udani | mirêng sawêg sabda prabu | sang nata malih nabda | kêrigên wong pandhe wêsi | konên karya kêris siji dhapur sasra ||
23. Ki Supa matur sandika | manêmbah anuli mijil | Supagati Supadriya | Japanjigja datan kari |
--- 279 ---
sêdaya anèng wuri | pêpungkuran prênahipun | lawan lurah kêmasan | anêrasah ingkang kêris | lawan mranggi akarya wrôngka curiga ||
24. kunêng gênti kawarnaa | Blambangan Sang Adipati | apan nuju lêlênggahan | lawan guru nujum Tingkir | matur Ki Nujum Tingkir | sang dipati ulun wêruh | gingsiring kraton Jawa | jangjine kurang sawarsi | risakipun nêgari ing Majalêngka ||
25. pulungipun sampun kesah | margi saking pusaka ji | dhuwung pundhène sang nata | Condhongcampur ing sêmangkin | wus sirna dhatêng langit | awor lan lintang kumukus | pusaka ngalih Tuban | dhuwung pêpujaning wali | langkung pelag kang nama Kyai Sangkêlat ||
26. sintên wong agung kanggenan | mring dhuwung pujaning wali | ingkang aran Ki Sangkêlat | mêsthi angrèh tanah Jawi | dadi ratu linuwih | kinajrihan samèng ratu | ing mangke sampun nyata | nagri Tuban wus kêtawis | kanan kering sami ngawula mring Tuban ||
27. Sang Dipati Bêlambangan | graita mêngku rat Jawi | sêmana sigra utusan | andhustha marang ing Tubin | nênggih maling Caluring | sêktine kalangkung-langkung | Caluring wusnya dandan | pangkat lampahnya lir thathit | sampun prapta ing Tuban jujug ing wisma ||
28. tan [ta...]
--- 280 ---
[...n] ana janma uninga | jro dalêm ingosak-asik | amatêg aji panggandan | prêbawa katon kapinrih | kêlawan bisa mijil | kang pinrih saking gènipun | jinurung ing Hyang Suksma | Ki Sangkêlat nuli mijil | saking pêthi marani gyaning duratma ||
29. Kyai Sangkêlat cinandhak | dening ki maling Caluring | sigra ginawa umahya | sêmana laju lumaris | ing marga tan winarni | Bêlambangan sampun rawuh | Ki Cluring trus sumewa | ing ngarsaning sang dipati | atur sêmbah sarwi ngaturkên curiga ||
30. sêmana sampun tinampan | dhuwung marang sang dipati | kêlangkung sukèng wardaya | sang dipati ngandika ris | ingsun tarima yayi | karyanira kang satuhu | lan malih karsaningwang | sirèku sun junjung linggih | dadi patih nguyuni wong Bêlambangan ||
31. wus jumênêng patihira | pra tuwin punggawa mantri | ngèstrèni sabda dipatya | sêdaya sampun wêradin | sami atumut asih | wit dene kasêktènipun | miwah sang adipatya | kunêng gênti kang winarni | kaucapa Jêng Sinuwun Kalijaga ||
32. ingkang lagya midêr jagat | tan samar mring agal alit | wus priksa yèn arinira | pêpundhène kêna maling | kang rayi tan udani | nuli mampir sang awiku |
--- 281 ---
marang nêgara Tuban | sakêdhap anuli prapti | tanpa sangkan sigra panggih lan Ki Supa ||
33. Ki Supa gupuh manêmbah | angaras pada sang yogi | sang tapa lênggah ing langgar | Kyai Supa munggèng ngarsi | sang wiku ngandika ris | jêbèng ingsun arsa wêruh | dadine Ki Sangkêlat | Ki Supa nêmbah nulya glis | ngambil dhuwung mring pêthi akudhandhangan ||
10. Dhandhanggula
1. Kyai Supa kumêpyur kang galih | rawatane ing pêthi tan ana | dene tan owah kuncine | sêmana tanya gupuh | ya ta marang wau kang rayi | kang rayi datan wikan | gènnya rawat dhuwung | anuli marêg jêng sunan | gupuh-gupuh Rasawulan angabêkti | mring raka kangjêng sunan ||
2. tinarima sang rêtna alinggih | munggèng ngarsa jajar lan kang raka | jêng sunan aris sabdane | lah êndi ingkang dhuwung | Kyai Supa matur ngabêkti | kawula nuwun duka | dhuwung dèrèng pangguh | ing pêthi suwêng kewala | ri paduka datan rumaos angêlih | gènipun Ki Sangkêlat ||
3. kangjêng sunan angandika aris | marang rayi Dèwi Rasawulan | babêthaka ariningong | lêmbaran sêga wuduk | Rasawulan nêmbah nulya glis | mundur arsa bêbêthak | sêmune kasusu | nyêpêng kuthuke kang putra |
--- 282 ---
tan pêpoyan putranira maksih guling | cumucut wayahira ||
4. sang pandhita ngandika bêbisik | mring Ki Supa ingsun asung wikan | marang sira satêmêne | sira pan ora wêruh | dhuwungira ginawa maling | Caluring raning dhustha | sêktine kêlangkung | dinuta marang dipatya | Bêlambangan kang nêdya mêngku rat Jawi | ngupaya sarating rat ||
5. pan wus wêruh ingêring nagari | yèn wus ngalih pulunging narendra | nèng Tuban palerenane | lah jêbèng jatènipun | dhuwungira lamun tan mulih | mêsthi kabèh rat Jawa | Blambangan kang mêngku | yèn sira bisa miguna | ulatana margane sangkêlat panggih | amrih tilas ing wuntat ||
6. tur sandika Ki Supa ngabêkti | inggih darmi kawula lumaksa | ngulati pusaka rajèng | amung nyuwun pangèstu | mugi-mugi nuntêna panggih | kangjêng sunan ngandika | ya pangèstuningsun | sêlamêta lakunira | aja lawas iya nulia kêpanggih | dèn bisa laku samar ||
7. kawarnaa ingkang wungu guling | Supaputra lajêng marang blumbang | makani ulam karsane | bawane rare tanggung | dèrèng priksa dugi prayogi | anggêbyur ing balumbang | tan ana kang wêruh | adangu kèlêm ing toya | nuli pêjah layon kumambang [kuma...]
--- 283 ---
[...mbang] ing wanging warih |[24] dangu datan konangan ||
8. kangjêng sunan têtanya mring rayi | lah ta jêbèng ingsun dangu lênggah | putranira datan katon | timbalana putrèngsun | sun arsa wruh gênge samangkin | Ki Supa matur nêmbah | tilêm dèrèng wungu | jêng sunan malih ngandika | ya gugahên wus awan dene tan tangi | Ki Supa nêmbah mentar ||
9. malbèng wisma arsa gugah siwi | nging tan ana nuli ingulatan | dèn ungak marang pawone | kang putra dèrèng pangguh | lajêng marang blumbang kêpanggih | layone ingkang putra | kumambang ing ranu | Ki Supa datan wêwarta | sinarèhkên kèngêtan Jêng Sunan Kali | mapan lagyarsa dhahar ||
10. sampun kongsi kadung ing panggalih | mila datan wêwarta mring garwa | cinêgatan ing karsane | ingêntas layon sunu | sinarèkkên gènira guling | pinindha lare gêsang | siningêban sampun | nulya panggih lan kang garwa | ngenggalakên gènira bêthak kang rayi | mring pawon wus sumêkta ||
11. sigra marêk ngarsane sang yogi | datan matur sinamur kewala | jêng sunan amrih supene | nuli kang garwa rawuh | atur dhahar sampun sumaji | sêkul wuduk lêmbaran | pêpak abênipun | lan ulam balêbêt tômbra | wawutuhan tan ana kalong
--- 284 ---
sacuwil | mung tugêl kèpètira ||
12. nuli wijik jêng sunan abukti | kang lêmbaran kadhahar dagingnya | tuwin pinunggêl brutune | jêng sunan nulya dangu | mring kang putra suwe tan prapti | dene suwe putrèngwang | tan tangi aturu | Ki Supa umatur nêmbah | sampun adat adangu gènipun tangi | sakit lamun ginugah ||
13. kangjêng sunan nimbali pribadi | lah Supanom sira atangia | payo dhahar lawan ingong | kang pêjah nuli wungu | lajêng mijil sigra sumandhing | mring uwa kangjêng sunan | kang putra rinangkul | jêng sunan aris ngandika | kulup payo adhahar kêlawan mami | lêmbaran kuthukira ||
14. Supaputra lajêng tumut bukti | mring kang uwa mêpês lir wong tuwa | Ki Supa runtuh êluhe | lênggahira tumungkul | kangjêng sunan sampun udani | waspa mijil ngusapan | sang tapa amuwus | lah jêbèng apa karannya | ngêmu waspa apa kang kêrasèng galih | Supa nêmbah tur wêca ||
15. milanipun kawula anangis | putra tuwan wau sampun pêjah | kalêbèng warih margine | sarêng paduka nguwuh | putra tuwan gêsang sumandhing | ngrêsahi tuwan dhahar | kraos manah ulun | jêng sunan aris ngandika | sira iku dora asih marang mami | ngaturkên kuthuk [ku...]
--- 285 ---
[...thuk] gêsang ||
16. gya lêmbaran ingkang anèng piring | gêsang malih Supaputra nyandhak | nging wus nir wulu brutune | pan dadi jêpun tukung | Supaputra supe abukti | mung bopong kuthukira | rêmêne kêlangkung | pinangku gya pinakanan | kangjêng sunan dumugèkkên dènnya bukti | abêne ulam tômbra ||
17. langkung nikmat gènira abukti | ulam tômbra dhinahar dagingnya | tan owah sirah êrine | tanapi jroanipun | datan owah daginge ênting | jêng sunan angandika | apa bumbonipun | iwak tômbra luwih eca | ingkang rayi matur bumbu urip-urip | sang tapa angandika ||
18. iya bênêr sira angarani | urip-urip urip sadayanya | kang dhahar lawan ulame | de padha uripipun | nuli tômbra kang anèng piring | anggronjal malih gêsang | ngandika sang wiku | sun arani règès sira | dene uwis dagingira ênting urip | dadia tilas ingwang ||
19. ingkang tômbra anuwun turnèki | kangjêng sunan mugi tinulusna | asih ing mina uripe | jêr saliring tumuwuh | kang gumêlar miwah kumêlip | kasrah manungsa mulya | saking Hyang Kang Agung | jêng sunan nabda tarima | ponang tômbra wus kinèn malêbèng warih |
--- 286 ---
kang kinèn sigra mentar ||
20. wus pinêrnah kang tômbra nèng bèji | toya wêning kang tômbra katingal | gumawang sirah êrine | kèpèt jêroanipun | kang katingal daging tan pulih | pan dadi patilasan | kala dhaharipun | Jêng Sunan Kali nèng Tuban | ingkang tômbra kasawaban tumut sêkti | bisa katon nyeluman ||
21. wus linorot dènira abukti | mring kang rayi tuwin para sabat | wêrata murid santrine | ngandika sang awiku | putranira ingsun parabi | Ki Ênom aprayoga | warnanira bagus | lah uwis sira kariya | lamun arsa ngêtutake laku mami | arsa nganglang buwana ||
22. Rasawulan anulya ngabêkti | Kyai Supa dhèrèk mring jêng sunan | wus mijil saking kithane | ngandika sang awiku | lah ta jêbèng mangkata nuli | mring nagri Bêlambangan | aja tutur-tutur | marang anak rabinira | lamun sira tutur marang anak rabi | mêsthi tan sida lunga ||
23. Kyai Supa nêmbah sigra pamit | nuli laju marang Bêlambangan | kalilan lajêng lampahe | andum slamêt sang wiku | kur-ungkuran dènnya lumaris | sami datanpa rowang | mangalor angidul | lampahe Supa winarna | gêgancangan [gêgancang...]
--- 287 ---
[...an] ngupaya marga kang aglis | numpang ing êmpu dagang ||
24. ana êmpu Madura kang prapti | Kyai Singkir nênggih aranira | Ki Supa nunut karsane | angalih aranipun | Kyai Kasa ingkang wêwangi | sami pandhe nglautan | Kasa Singkir pêthuk | ingaku kadang taruna | Kyai Kasa sêmana ginawa mampir | marang nagri Madura ||
25. sêlamine lumaku jêladri | Kyai Kasa pandhe ing lautan | ngrewangi karya calone | kawan dasa pikantuk | sami angsalira Ki Singkir | padha kuwasanira | anyingkirkên mêndhung | nyingkirkên barang prakara | anyingkirkên sato galak wisa mandi | tawa dening Ki Kasa ||
26. awêtara antuk madyèng tèngsi | Kyai Kasa nèng nagri Madura | nuli layar baitane | Sumênêp kang jinujug | êmpu bisu dipun pondhoki | wêtara madya côndra | lajêng lampahipun | prapta nêgara Koripan | milu pandhe awêtara madya sasi | lajêng mring Bêlambangan ||
27. tan winarna laminirèng margi | Kyai Supa praptèng Bêlambangan | ngalih Ki Pitrang arane | jujug wismaning êmpu | Êmpu Sarap dipun pondhoki | Pitrang kanggêp karyanya | dadi panjakipun | Ki Sarap kêlangkung suka | wit Ki Pitrang cakêp ing saliring kardi |
--- 288 ---
mawèh rêsêping driya ||
28. pakaryanya Sarap nambut kardi | sabên dina marang jroning pura | mring bêsalèn pasowane | Ki Pitrang datan kantun | apan sami anambut kardi | karya dhuwunging nata | kathah karsanipun | kang jênêngi kyana patya | nèng bêsalèn anyêlani gawe lading | marang Ki Êmpu Sarap ||
29. Kyai Sarap aparentah nuli | wau marang panjak Kyai Pitrang | akarya lading tunggule | sigra kinarya sampun | tandya katur marang ki patih | sêmana wus bubaran | sêdaya ngaso wus | ki patih duk praptèng wisma | nulya lênggah astanira nyêpêng lading | anyar dèrèng kaasah ||
30. gènnya lênggah parêg lan kang siwi | maksih timur rumusuh wancinya | ingugung barang karsane | angrêbat lading tunggul | lêlandhêpe cinandhak kêni | kabêlèr astanira | niba lajêng lampus | ki patih kagyat karuna | datan nyana kang putra tumêkèng lalis | dene bêsèr sarema ||
31. ingkang layon wus ingupakardi | apan sampun kinubur sêmana | kya patih mangke karsane | anôndha ladingipun | wus ingasah nuli kinardi | amêrang wong kadosan | tan jro labêtipun | tan parah laju pralena | pinêrangkê-
--- [0] ---
[Grafik]
Kangjêng Ratu Dwarawati gêrah, Kyai Jigja lan Jakasupa sami tugur.
--- [0] ---
...
--- 289 ---
n pêthetan kayu kumuning | laju gagrag sakala ||
32. anggarjita Kya Patih Caluring | ampuh têmên lading tunggul ika | dudu Ki Sarap kang gawe | pan amung panjakipun | mendah karya tumbak lan kêris | pantês karya batuwah | mandine kêlangkung | bok iya sun kone karya | panjak Sarab bokmanawa bisa kardi | kêris kêlawan tumbak ||
33. sampun enjing kyana patih nangkil | mring bêsalèn kêpanggih Ki Sarap | sami sowan nyambut gawe | Ki Pitrang datan kantun | awor panjak dènira linggih | kya patih angandika | Ki Pitrang tinêmbung | kinèn damêl kêris tumbak | Kyai Sarap umatur marang kya patih | sumôngga ing sakarsa ||
34. Ki Caluring angandika maring | Kyai Pitrang mangkana dêlingnya | manira angalang gawe | dika gawèkna dhuwung | ingkang ampuh sami lan lading | wingi dika akarya | lading alit tunggul | ampuhe kagila-gila | kongsi bisa putrèngsun tumêkèng lalis | margi nyêpêng ladingnya ||
35. yèn klêrêsan antuk dika kardi | mêsthi katur marang sang dipatya | manira kang ngaturake | Kyai Pitrang umatur | inggih darmi kawula kardi | awon sae sumôngga | saking bodho ulun | Ki Pitrang pinaring [pi...]
--- 290 ---
[...naring] tosan | kinèn milih kang prayoga gawe kêris | wêsi gya pinilihan ||
36. ponang wêsi sêmana kinardi | nulya dadya amung sakêmbaran | tilam upih kris dhapure | tumbak biring kang dhapur | sampun katur marang kya patih | ki patih ngungun mulat | mula bagus têrus | Ki Pitrang tuhu prawira | wignya pandhe arikat dhangankên galih | tan suwe dadi braja ||
37. ajrih asih Ki Patih Caluring | mring Ki Pitrang langkung mamèt manah | Ki Pitrang pinrih krasane | sinarah karsanipun | saking datan sagêd malês sih | pinêlêng karyanira | dènnya yasa dhuwung | kalêrêsan sinêmbadan | sakêlangkung tarima rêkyana patih | Pitrang ingakên kadang ||
38. nuli katur marang Sang Dipati | Bêlambangan Sang Siyung Lautan | Pitrang katur sasolahe | ngartika Siyung Laut | mring aturing Patih Caluring | anuli tinimbalan | Ki Pitrang wus rawuh | nèng ngarsane sang dipatya | tunggil patih Ki Pitrang gènira linggih | kang èsmu mawèh brôngta ||
11. Asmaradana
1. angandika sang dipati | marang ingkang nêmbe prapta | lah bagea satêkane | slawase nèng prajaningwang | nêmbah nuwun Ki Pitrang | sang dipati malih muwus | lah Pitrang apa
--- 291 ---
kaduga ||
2. agawe kêris kang bêcik | kang kêmbar lan agêm ingwang | pusakaning jagat kene | yèn kaduga sun gawèkna | kinarya sakêmbaran | Ki Pitrang nêmbah umatur | lamun wontên kang tinêpa ||
3. narik dhuwung angling malih | lah kapriye sira Pitrang | apa wus awas warnane | yèn wus awas gawèkêna | sun karya sakêmbaran | Ki Pitrang malih umatur | kawula dèrèng waspada ||
4. yèn kawula kinèn kardi | kêmbaran pundhèn paduka | pinaringna lêpiyane | lan panggenan kang prayoga | kenginga kangge muja | kang pêtêng panggenanipun | mrih kêtawis ingkang cahya ||
5. lan sajènipun kang suci | kajênêngana kya patya | Ki Pitrang kagêm ature | sang dipati angandika | marang rêkyana patya | lah yayi patih sun tuduh | anjênêngi Êmpu Pitrang ||
6. gawèkna panggonan sêpi | sarating muja bathara | kang pêtêng suci sajène | anuli Kyai Sangkêlat | winadhahan kêndhaga | sarunganira pinundhut | dhuwung pinaringkên ligan ||
7. wus tinampan mring ki patih | Ki Sangkêlat nèng kêndhaga | gya mijil saking kêdhaton | lan wêsi buda kinarya | waja pamore tunggal | sami anèng kêndhagèku | kya patih lawan Ki Pitrang ||
--- 292 ---
8. ing bêsalèn nuli prapti | nayaka wastra lan Pitrang | ginubahan bêsalène | sininggêt mawi sênthongan | apêtêng dening gubah | kya patih prêcayèng kalbu | marang Kyai Êmpu Pitrang ||
9. dhuwung pusakèng narpati | pinasrahkên mring Ki Pitrang | pinêrnah sêndhong[25] bêsalèn | ki patih jawi gènira | lawan Ki Êmpu Sarap | anyurtèni sajènipun | kutug mênyan datan pêgat ||
10. sêmana pan sampun wêngi | Ki Supa malbèng sênthongan | amêmuja mring Hyang Manon | kang badhe dhuwung pinuja | katrima mring Hyang Suksma | dadi kêkalih kang dhuwung | katêlu Kyai Sangkêlat ||
11. katri warnanira sami | tan ana gèsèh sarema | sami sangkêlat dhapure | Ki Pitrang bakda mamuja | amatêk sirêpira | jinurung marang Hyang Agung | kang jaga turu sêdaya ||
12. Ki Sarap lawan kya patih | kêpati unggyaning nendra | sami anglindur angorok | Ki Supa mêtu singidan | angêmpit Ki Sangkêlat | mring narmada kang jinujug | pinêrnah sajroning toya ||
13. dinunung nèng sela nuli | sinasaban watu kambang | arêmpit kiwa ênggone | sigra wangsul Kyai Pitrang | bêsalèn sampun prapta | malêbèng sênthonganipun |
--- 293 ---
dhuwung kêkalih tinata ||
14. anèng ing kêndhaga adi | kawarnaa wus raina | mahya saking sênthongane | amungu marang kya patya | patih agudandampan[26] | ningali padhang gumuyu | ngandika têtanya warta ||
15. Ki Pitrang umatur aris | punika ingkang kêndhaga | katuripun sang arajèng | kawula dèrèng uninga | isine kang kêndhaga | ki patih nampani gupuh | kêndhaga sigra binuka ||
16. isine dhuwung kêkalih | pan sami dhapur sangkêlat | kêmbar tan ana bedane | ki patih gawok tumingal | aris dènnya têtanya | ingkang pundi polanipun | Pitrang umatur tan wikan ||
17. kawula datan udani | mêmuja turuning cahya | ing dalu tan winiraos | kang cahya sampun tumêdhak | nênggih dhatêng kêndhaga | dèrèng priksa warnanipun | kang dhihin lawan kang anyar ||
18. kewraning tyas kyana patih | sang kalih lumêbèng pura | sampun cundhuk lan sang rajèng | sang kadwi wus munggèng ngarsa | angaturkên kandhaga | sigra pinundhut mring prabu | ponang kêndhaga binuka ||
19. isinya katga kêkalih | pan sami dhapur sangkêlat | kêmbar tan ana bedane | dipati langkung kacaryan | mangkana ris dêlingnya | Pitrang êndi [ê...]
--- 294 ---
[...ndi] kang rumuhun | apa kering apa kanan ||
20. Ki Pitrang matur wotsari | kawula botê[27] uninga | sumôngga ing karsa rajèng | sang dipati kewran ing tyas | nuli ngasta sarungan | sinarungkên ingkang dhuwung | sarema tan mawi rênggang ||
21. sinarungkên gênti-gênti | tan ana ing siwahira | wrôngka siji dhuwung karo | apan sami manjingira | sami ing warnanira | sang dipati malih muwus | ingkang êndi pundhèn ingwang ||
22. Ki Pitrang matur tan uning | sumôngga karsa paduka | dèrèng waspada warnane | pêpundhèn dalêm curiga | ngênglêng tyas sang dipatya | sinawang-sawang kang dhuwung | gênti-gênti manjing wrôngka ||
23. sarema tan mawi slisir | dhuwung kêmbar kamanikan | wali-wali pandangune | sang dipati mring Ki Pitrang | tan owah aturira | sumôngga karsa pukulun | langkung eram sang dipatya ||
24. angling malih sang piti |[28] karo pisan pundhèn ingwang | sun larangi gawe manèh | dhuwung kang dhapur sangkêlat | ngamungna ingkang kêmbar | yèn ana ingkang kabanjur | iya nuli kalêbura ||
25. Ki Pitrang lawan kya patih | tur sandika sarwi nêmbah | ngandika malih sang rajèng | luwih bangêt tarimèngwang | tan ana sun walêsna | mring Ki Pitrang sêtyanipun | kongsi dèn rewangi muja ||
--- 295 ---
26. dadi kêris ingsun iki | dudu Pitrang ingkang karya | olèhe muja dewane | pratandhane datan wikan | kang dhingin lan kang anyar | kyana patih nêmbah matur | kasinggihan sabda tuwan ||
27. sang dipati angling malih | Ki Pitrang sun junjung lênggah | ing Sêndhang Sêdayu mangke | arana Pangeran Sêndhang | rabia putraningwang | Sugiyah warnane ayu | Ki Pitrang nuwun tur sêmbah ||
28. aparentah sang dipati | manggihkên kang putra kênya | kya patih dadi besane | mangku marang Kyai Pitrang | ki patih langkung suka | dhasar wus ngaku sadulur | dènira sih tan kêpalang ||
29. arame wong nambut kardi | ing pura lan kapatihan | wus tinabuh gamêlane | awêtara limang dina | unine kang pradôngga | nuli pangantèn malêbu | tinimbalan marang pura ||
30. ingiring punggawa mantri | miwah kang para bupatya | abra sinang busanane | pangantyan wus praptèng pura | lunggwèng bangsal kancana | putranira sang aprabu | nênggih sampun binusanan ||
31. amangagêm adi luwih | tangèh rêngganing busana | tuhu yèn putri kinaot | karêngga dening busana | lir murca kinêdhèpna | musthikani[29] sang dyah ayu | wus munggèng ngarsaning rama ||
32. Pangran Sêndhang [Sê...]
--- 296 ---
[...ndhang] dèn timbali | praptèng ngarsa atur sêmbah | sang dipati ngandika lon | kaki Sêndhang tampanana | pratandhane sih ingwang | putrèngsun wanodya ayu | ya dadia jatukrama ||
33. Pangran Sêndhang atur bêkti | kêlangkung nuwun kawula | pinaring jimat pamine | sigra pinondhong sang rêtna | inginggahkên jêmpana | parêkan ngiring sêdarum | sami ngampil upacara ||
34. sampun mijil saking puri | pangeran jajari ngarsa | pan sarwi mandhi tumbake | sarêng praptèng pamurakan | pangran nitih turôngga | pinayungan kartas biru | tinêlacap ing pêrada ||
35. ing wuri sang rajaputri | rêspati nitih jêmpana | amêrapit jajarane | tan kocap rêngganing marga | wus praptèng kêpatihan | sigra têdhak sang rêtnayu | pinanggihkên lan Ki Pitrang ||
36. pinondhong mring dalêm aglis | ya ta sampun tata lênggah | kang ngiring pêngantèn andhèr | mijil kang ponang sunggata | sadaya sami dhahar | wrata jawi lêbêt sampun | linorot sigra bubaran ||
37. wus samya ngaso pra ngiring | tan kawarna rêsminira | bangun turut kang pangantèn | sampun atut palakrama | kèh janma kang tumingal | pêndhak dina laminipun | pêngantèn nèng kapatihan ||
--- 297 ---
38. malbèng pura mit sudarmi | arsa budhal marang Sêndhang | wus kari lan mring sang rajèng | tanapi mring kyana patya | rinilan sigra budhal | dhumatêng Sêndhang Sêdayu | wong Sêndhang mêthuk sadaya ||
39. lampahira wus lêstari | gumuruh samarga-marga | kang kamargan samya nonton | wus datan kawarnèng marga | samana praptèng Sêndhang | tumamèng ing suyasa gung | de wisma ingkang adarbya ||
40. gih Pangran Sêndhang kang swargi | kadange Nata Blambangan | seda tan darbe warise | pramila suwung kewala | mangke karsa dipatya | pinaringkên putra mantu | gih Pangran Sêndhang samangkya ||
41. kinèn têtêp apalinggih | tan owah parentahira | wong Sêndhang wus suyut kabèh | sigêg Pangeran ing Sêndhang | ya ta gênti kawarna | wau ta Ki Agêng Tarub | pan sampun pêputra priya ||
42. sajuga pêkik kang warni | sêmbada sêkti digdaya | Gêtas Pêndhawa parabe | amung sajuga punika | Lêmbupêtêng wus lena | kang putra gumanti sampun | ananging ngalih dhukuhnya ||
43. ing Sela kithanya mangkin | jêjuluk Ki Agêng Sela | dene ing Tarub samine | mung kinarya patilasan | warnanên Kyagêng Sela | mangke palakrama sampun |
--- 298 ---
antuk putri ing Sumêdhang ||
44. sudarmanira sang dèwi | asal saking nagri Cêmpa | saking Arab nalurine | rajaputri ing Sumêdhang | kaprênah wayahira | lan Dwarawati Jêng Ratu | garwane Sang Brawijaya ||
45. Ki Agêng Sela samangkin | kasêngsêm mring ngèlmu rasa | olah agama sucine | pan sampun apuruita | mring Sunan Kalijaga | pinanjingakên sadulur | lawan Dipati Bintara ||
46. sih-sinihan risang kadwi | supêkêt dènnya kêkadang | sang dipati dadi anom | Gêtas Pêndhawa kang tuwa | kinarya tuwanggana | saliring rêmbag tinantun | dhinahar saaturira ||
47. Ki Agêng Sela ngrêmbagi | anêlukkên Majalêngka | sang nata pinrih Eslame | Mahaprabu Brawijaya | dèrèng manut agama | sang dipati karsanipun | kang rama kêdah pinêksa ||
48. sêmana sang adipati | sowan marang Majalêngka | Ki Agêng Sela rowange | dèn iring murid sabatnya | ing marga tan winarna | wus prapta ing Majalangu | anjujug ing kapatihan ||
49. laju sowan marang puri | wus tundhuk ngarsa narendra | ya ta wau sang arajèng | lênggah mungging bangsal rukma | kya patih lan dipatya | wus mungging byantara prabu | ngandika sri naranata ||
--- 299 ---
12. Sinom
1. lah bagea putraningwang | anglêngkara seba mami | apa ana karsanira | nêmbah matur sang dipati | mila sowan rama ji | yèn marêngi karsa prabu | di dalêm Majalêngka | kawula suwun sang aji | gih sadaya samia lampah agama ||
2. paduka mugi Eslama | prayogi akarya masjid | kadya masjid ing Bintara | kaidenan para wali | nata ngandika aris | sasênêngan bab puniku | ora nglarangi ingwang | kang padha gêlêm nglakoni | nanging ingsun tan arsa agama Islam ||
3. kang putra merang jroning tyas | tan kadhahar aturnèki | kèndêl tan mulat ing liyan | sarirane dèn tingali | sang nata wus udani | sinamun ngandika arum | hèh patih kayaparan | sakèhing wong pandhe wêsi | apa ana kang sanggup karya curiga ||
4. katga siji dhapur sasra | kya patih matur wotsari | di dalêm êmpu sêdaya | sêpuh anèm agêng alit | tan wontên kang kadugi | dèrèng wikan warninipun | sang nata èsmu duka | dhumatêng rêkyana patih | sri ngandika lah sira dhewe mênyanga ||
5. ngupaya êmpu utama | aja age-age mulih | yèn durung ana sanggupa | anutugi karsa mami | lah wis bubara mulih |
--- 300 ---
kêkalih sarêng wotsantun | wus mijil saking pura | sang kadwi sarêng lumaris | kur-ungkuran kya patih lan sang dipatya ||
6. kunêng ta ingkang lumampah | warnanên malih sang aji | têdhak marang pêpungkuran | mriksani wong nambut kardi | kêmasan lawan mranggi | myang sagunging para êmpu | pulombang Supadriya | Ki Japan lan Supagati | Kyai Êmpu Suprana miwah Ki Jigja ||
7. Panêti lan Salaita | Bêkêljati lawan Modin | Ki Mèhi lan Wanabaya | Ki Kuwung tuwin Ki Singkir | sagung êmpu rat Jawi | sami kinèn karya dhuwung | kang dhapur warna-warna | nanging tan ana nyubaki | dhuwung siji ingkang dhapur nagasasra ||
8. sri narendra pagunêman | lan dasih kang nambut kardi | hèh mranggi ingsun têtanya | gonira anambut kardi | paran kadayannèki | antuk bêrkahirèng ratu | Ki Mranggi aturira | tan angsal bêrkahing gusti | datan bukti yèn botên tampi ganjaran ||
9. sri narendra ris ngandika | ya ingsun darma nglakoni | wus pinasthi karsèng dewa | nrima ganjaran sathithik | tan olah[30] barkah mami | lah ta sira bocah êmpu | sira matura wêca | unggwanta anambut kardi | apa sira pakantuk barkah narendra ||
10. ki êmpu matur
--- 301 ---
wotsêkar | pukulun têrkadhang gusti | inggih wontên lêlangkungan | punika barkahing gusti | yèn datan wontên ugi | mung cêkap karsa sang prabu | nata malih têtanya | tukang mas matura yêkti | apa sira olèh barkahing narendra ||
11. lurah kêmasan tur sêmbah | inggih angsal barkah gusti | sabên kawula nglêbur mas | punika barkah narpati | pinasthi sabên kardi | antuk wragad kalih tangsul | sing silipa mèt amba | sêpalih tangsul sêtail | tan kêtawis warni lan wawrat tan owah ||
12. sênadyan katêngganana | kêlawan dipun wudani | malah dados rêna amba | tan pakèwêt mêndhêt silip | saking prapèn lan kowi | punika ing silip ulun | inggih arêngkang bêkta | saking bêrkahing narpati | yèn klêrêsan agêng ganjaran narendra ||
13. sang nata gumujêng suka | angandika èsmu manis | iya bênêr aturira | salir pakaryaning dasih | iya katrima ngambil | wit saking barkahing ratu | nadyan sira culika | saking suka dènnya ngambil | alantaran saka bêrkahing narendra ||
14. sayêkti ratu winênang | ngingoni ing dasih kardi | ngupaya dasih utama | marang saliring pakarti | ratu ingkang ngajèni | karyaning [kar...]
--- 302 ---
[...yaning] dasih kang èstu | tan ketang culikanya | kalingan mring karya luwih | ganjarane ngluwihi ajining karya ||
15. yèn dasih mundhak karyanya | sang nata angganjar maning | sira Êmpu Supadriya | kabèh pandhe tan ngarani | yèn sira bisa kardi | kêris siji dhapur sèwu | gêdhe ganjaran ingwang | pêsthi sun karya bupati | para êmpu ngaturakên pêjah gêsang ||
16. sri narendra ris têtanya | Supadriya putranèki | kang aran Ki Jaka Supa | dene tan ana kaèksi | tan milu nambut kardi | Supadriya nêmbah matur | di dalêm imah-imah | tinriman putri ing Tubin | ngêtutakên pun Supa marang rabinya ||
17. malih ngandika sang narpa | dene bêkja dèn trimani | marang ibu ratu Tuban | yêkti mukti tan wèh mulih | Supadriya sun tuding | mentara mring Tuban gupuh | timbalana Ki Supa | têmbungên uwa dipati | Supadriya amit manêmbah gya mentar ||
18. sampun mijil saking pura | praptèng jawi wus kapanggih | kêlawan wong tumênggungan | saupacara miranti | sêksana mangkat nuli | kawan dasa rowangipun | kunêng kang marang Tuban | ya ta gênti kang winarni | nênggih wau Sang Adipati Bintara ||
19. lawan Ki Gêtas Pêndhawa | miwah sagung
--- 303 ---
para murid | saking nagri Majalêngka | saos atur sang dipati | marang sri narapati | tan kadhahar aturipun | langkung merang ing driya | tan nêdya kondur mring nagri | apan laju mring Ngampèl sowan kang rama ||
20. jêng sunan pinuju lênggah | ingayap pra sabat murid | kasaru wau praptanya | kang putra sang adipati | ngaraspadèng sang yogi | sampun ingancaran lungguh | Kyagêng Sela ngraspada | tinarima kinèn linggih | sang pandhita ngandika panamudana ||
21. matur nuwun sang kadwinya | wusnya ngaso sawatawis | sang dipati matur nêmbah | dhumatêng sang maha yêkti | amba atur udani | mêntas marêk sang aprabu | Sinuwun Majalêngka | ing mangke amba aturi | agamia Islam sawadyabalanya ||
22. miwah masjid ayasaa | kaidènana pra wali | kadi masjid ing Bintara | sabdanipun sri bupati | sasênêngan wadya lit | kang padha nut gama rasul | nanging nata tan arsa | anglampahi gama suci | samangkyamba sajroning tyas sangêt merang ||
23. asudarma kapir buda | lêhêng ywa ingaku siwi | nuwun pangèstu paduka | mangke nagri Majapait | arsamba rêbat jurit | agami bêbukanipun | yèn manuta sang nata | linoro-
--- [304] ---
[Grafik]
Gambar masjid ing Dêmak, kapirsani saking ngajêngan katingal sadaya rêrakitanipun.
--- [305] ---
[Grafik]
Gambar masjid Dêmak, perangan ing nglêbêt, sakaguru kacariyos ingkang kadamêl saking tatal.
--- 306 ---
t karatonnèki | sinalinan narendra kang gama Islam ||
24. jêng sunan aris dêlingnya | gege laku sira kaki | durung môngsa ratu buda | jangjine kurang sawarsi | yèn wus praptaning jangji | sakarsanira anggêmpur | mring nagri Majalêngka | yèn ratu Islam wus tampi | nugrahane kang ginaib iya sira ||
25. lamun pulung wus tumiba | marang ratu gama suci | sirna dhewe ramanira | sri narendra wus udani | paningalira sidik | têrus ing wacananipun | ora nyêgah mring Islam | mung sang nata datan arsi | jêr wus wikan sang nata mungkasi buda ||
26. ing samêngko kaki sira | ngupayaa pusaka ji | sarat amurba masesa | saking sih-sinihan kaki | kang dhihin mring Hyang Widhi | suwunên ingkang satuhu | tagihên mring kang karya | nugraha lan pati urip | dèn nyatakna ing tingal lan pôncadriya ||
27. rina wêngi aja pêgat | panuwunmu mring Hyang Widhi | ywa uwis yèn durung tômpa | dene ingkang kaping kalih | sagung kang para wali | suwunên pandonganipun | dèn asih gurunira | turutên wulange kaki | guru iku gêntine sudarmanira ||
28. lawan malih amintaa | batuwah pusaka aji | mring ramanta Kalijaga | kang wus [wu...]
--- 307 ---
[...s] olèh sihing Widhi | lawan mintaa maning | pangèstu ramanta iku | Sang Dipati Palembang | langkung sih mring sira kaki | lah anggêpên lanjaraning uripira ||
29. kang putra matur sandika | kêlangkung padhanging galih | gènira tampi piwulang | kathah karaos ing galih | kêlangkung nuwun kang sih | dhumatêng sang maha wiku | sêdalu pagunêman | kawarnaa sampun enjing | sang dipati tur pamit ing sang pandhita ||
30. catur mangaras ing pada | wus lèngsèr prapta ing jawi | datan kondur mring Bintara | laju lumampah nênêpi | amêrês ing panggalih | Kyai Gêng Sela tan kantun | lan Patih Wanasalam | kapat Sang Iman Sumantri | catur pisan kadang tunggil gurunira ||
31. awirandhungan lampahnya | Natapraja Sang Dipati | ingiring katri sudara | wisata jajah nagari | sagung kang para wali | pininta pandonganipun | sadaya sampun rêmbag | ngèstuti ngrêbat nêgari | para wali samya manjurung pandonga ||
32. kunêng Dipati Bintara | wontên kang kawarna malih | wau ta ingkang tênaya | Jaka Supa Ki Nom nami | ri sêdhêng agêng mangkin | pan sapangon wayahipun | sêlamine tinilar | mring rama langkung prihatin | siyang dalu cêgah dhahar lawan nendra ||
--- 308 ---
33. anendra ing papah gêdhang | yèn boga pindho sêsasi | manjing dadi tapanira | tinarima mring Hyang Widhi | dipun paringi gaib | Ki Ênom sêkti pinunjul | bisa awor lêlêmbat | pandhe ngawang-awang bangkit | tan kawêkèn pandhe ing sajroning toya ||
34. mangkana Supatênaya | marêk ngarsa eyangnèki | têtanya sudarmanira | matur mring eyang dipati | dhuh eyang dhatêng pundi | pun bapa lami tan mantuk | amba arsa nusula | kang eyang ngandi aris |[31] anggèr aja nusul môngsa katêmua ||
35. ramanira lagi lunga | andhèrèk mring Sunan Kali | iya angidêri jagat | kang jinujug datan masthi | rina wêngi lumaris | datansah andon manglangut | yèn lunga tan pêpoyan | têkane datan baribin | ingkang wayah kèndêl dènira têtanya ||
36. kêsaru kang eyang prapta | carakanirèng narpati | Ki Tumênggung Supadriya | dinuta nimbali siwi | wus katur sang dipati | ing Tuban sampun cumundhuk | ngancaran kinèn lênggah | sêmana wus tata linggih | sang dipati ing Tuban anamudana ||
37. Ki Tumênggung Supadriya | sangêt nuwun amangsuli | anuli sinungan mucang | tan dangu dhaharan mijil | langkung sukaning galih | dipati myang ki tumênggung | dene
--- 309 ---
bisa kêpanggya | sukaning tyas tanpa pami | wusnya aso umatur Ki Supadriya ||
38. sang dipati lampah kula | ingutus sri narapati | kinèn nimbali Ki Supa | kinêrig anambut kardi | sagung êmpu rad Jawi | kinêrig mring Majalangu | sami kinèn akarya | dhuwung pusaka narpati | dhapur nagasasra nging tan na kaduga ||
39. mangsuli sang adipatya | sumôngga ing asta kalih | nanging ta putra andika | nuju kesah ngiring-iring | dhumatêng Sunan Kali | sampun lami datan mantuk | punika wayah dika | Supaputra mêntas nangis | tanya bapa arsa nusul kula ampah ||
40. sigra têdhak Supadriya | marêpêki wayahnèki | Supaputra gya cinandhak | binopong ginawa linggih | têtanya Supasiwi | sapa bopong marang ingsun | nauri Supadriya | kakèkira ingsun iki | iya ingsun bapakane ramanira ||
41. Ki Supatênaya bungah | tinuduhkên eyangnèki | lir kêpanggih ingkang rama | bungahe Ki Supasiwi | ya ta kèndêl sawêngi | Supadriya Ki Tumênggung | enjing nuli pamitan | marang Sang Dipati Tubin | Supaputra kêlayu mring eyangira ||
42. tumut marang Majalêngka | dipun ampah ibunèki | nging ki ênom datan kêna | malah
--- 310 ---
mangkat andhingini | ngandika sang dipati | marang putra sang rêtnayu | lah nini turutana | putranira malah dhingin | ki tumênggung lumampah ana ing wuntat ||
13. Pangkur
1. Supadriya nitih kuda | ingkang wayah binoncèngakên ngarsi | langkung suka ki tumênggung | adarbe wayah priya | Supaputra dhasar pêkik warnanipun | samarga-marga cangkrama | sakarsane dèn turuti ||
2. ing marga datan winarna | sampun lêpas wau dènnya lumaris | wus prapta ing Majalangu | laju malêbèng pura | ki tumênggung sigra cundhuk lan sang prabu | Supadriya atur sêmbah | dewaji atur udani ||
3. lêpating lampah kawula | animbali pun Supa tan kapanggih | kesah milwa gurunipun | Jêng Sunan Kalijaga | tan kantênan purugipun kang jinujug | punika Supatênaya | pun Ênom ingkang wêwangi ||
4. mila lare kula bêkta | kang kula mrih Supa nuntêna prapti | angandika sang aprabu | ya bênêr aturira | sri narendra ngandika mring Supasunu | lah ta bayi apa sira | bisa pandhe gawe kêris ||
5. yèn wus bisa pandhe sira | ingsun uga gawèkna kêris siji | ingkang aran dhapur sèwu | yèn bênêr karyanira | mêsthi sira sun ganjar bumi kang agung |
--- 311 ---
sun angkat lungguh bupatya | lawan sun paringi putri ||
6. Ki Ênom umatur nêmbah | dèrèng sagêd kawula pandhe kêris | bilih wontên karsa prabu | sagah dèrèng kantênan | datan selak mring karsanira sang mulku | nging wontên panuwun amba | sagunging gêrangan wêsi ||
7. tuwin kang rujadan tosan | pinagutna munggèng têpining jladri | pasisir lèr prênahipun | inggih panuwun kula | wit punika dununging bêsalèn ulun | anèng madyaning samodra | pilih janma kang udani ||
8. sang nata gawok tumingal | mring aturing nênggih Ki Supasiwi | tan môntra lare turipun | dene kadi wong tuwa | sri narendra anuruti karsanipun | mangkana aris dêlingnya | iya sira sun turuti ||
9. panuwunmu Supaputra | gung gêrangan lawan rujadan wêsi | myang sagunging para êmpu | padha angatêrêna | mring Ki Ênom angambila wêsi agung | kèhing wêsi Majalêngka | gawanên yya ana kari ||
10. atêrêna marang Tuban | pagutêna munggèng têpi jaladri | bocah ingsun Majalangu | kang padha anggawaa | sagung kuli aja ana ingkang kantun | ingkang kinèn nêmbah mentar | sampun mijil saking puri ||
11. wus prapta ing pagêlaran | para [pa...]
--- 312 ---
[...ra] êmpu panggih lan rowangnèki | miwah sikêp Majalangu | kang kinèn gawa tosan | wus sumêkta sigra mangkat ki tumênggung | ingkang ngiring Supaputra | angalèr marang pasisir ||
12. kunêng ta ingkang lumampah | kawarnaa ingkang kesah wus lami | Pangeran Sêndhang winuwus | kêlawan ingkang garwa | anèng dalêm pangeran èngêt dèn utus | marang Sunan Kalijaga | ngulati pusaka aji ||
13. lawan èngêt garwa putra | ingkang kèri anèng nagari Tubin | pangeran aris amuwus | pamit mring garwanira | adhuh mirah lilanana raganingsun | aku tuwi marang Tuban | ingsun tilar lare alit ||
14. yun uning apa uripa | putranira kang kèri anèng Tubin | sang dyah tan mangsuli wuwus | nging kumêmbêng kang waspa | awit nêdhêng pêpasihan sang rêtnayu | marêngi garbini tuwa | dungkap sapta côndra nênggih ||
15. langkung wrat tinilar priya | yèn ngampaha sang rêtna langkung ajrih | pangeran wus pirsèng sêmu | kang garwa pêpasihan | nanging pangran tan liya kaciptèng kalbu | mung dhuwung Kyai Sangkêlat | kang siningitkên nèng kali ||
16. pangeran ngimur ing garwa | nèng paprêman tansah ingarih-arih | supadya lêjaring kalbu | èsmu rum ngandikannya | dhuh dhuh
--- 313 ---
anggèr kang sawang ratih swarga gung | satuhu sêtya mring priya | lah garwèngsun donya ngakir ||
17. pun kakang tan nêdya pisah | lawan sira pujanku wong jukining | akathah mêmanisipun | lir kombang ngisêp sêkar | ginunturan srênggara lêjar tyasipun | datan lênggana ing karsa | tangèh rêngganing kang rêsmi ||
18. tan kawarna asmaranya | sampun lênggah sarimbit kakung putri | Pangran Sêndhang manabda rum | dhuh mirah ingsun wêkas | akèria lamun lair putraningsun | yèn priya wèhana aran | Jaka Sura aprayogi ||
19. kêlamun mahya wanodya | sakarsanta yayi dènnya ngarani | lan iki têtilar ingsun | calon kris kalih wêlas | kèh sawabe rawatana dèn barukut | sun buntêl upih sêdaya | wus padha ingsun talèni ||
20. wus têlas pawêlingira | ingkang garwa ingaras wanti-wanti | wus tinimbul ingkang êmbun | sang dyah mangaras pada | pangran mijil rangu-rangu tindakipun | ketang trêsnaning kang garwa | datansah mandhêg tumolih ||
21. wus laju pangran tindaknya | saking Sêndhang tan mawi rowang siji | sêsingidan lampahipun | ngidul mring Bêlambangan | angampiri rawatanira kang dhuwung | pusaka Kyai Sangkêlat | kang siningitkên ing kali ||
--- 314 ---
22. ing marga tan winarna |[32] Pangran Sêndhang Bêlambangan wus prapti | narmada ingkang jinujug | ngambil rawatanira | Ki Sangkêlat anèng sangisoring watu | pitung sasi nèng jro toya | tan têlês kinum ing warih ||
23. duk sêmana wus ingêntas | saking toya nuli binuntêl upih | kinalungkên munggèng gulu | pangran lajêng tindaknya | murang marga tumrun jurang munggah gunung | kalunta-lunta lampahnya | pringgabaya tan kaèksi ||
24. siyang dalu wisatanya | ngalor ngulon Tuban sinêdyèng galih | sigêg gênti kang winuwus | nênggih Ki Supaputra | nèng samodra apandhe sajroning ranu | lawan êmpu Majalêngka | apandhe pinggir jaladri ||
25. wau ta Ki Supaputra | sakèh wêsi Majalêngka binasmi | wêsi gêrangan sagunung | anèng pinggir sagara | kang binasmi anèng sajronirèng ranu | lêbur awor lawan toya | datan ana dadi kêris ||
26. kêrig wêsi sanêgara | dèn dhatêngkên munggèng pinggir pasisir | binasmi sajroning ranu | lêbur tan môntra gatra | datan ana ingkang warna dadi dhuwung | miwah ingkang nèng dharatan | karya dhuwung tanpa dadi ||
27. kawarnaa kangjêng sunan | kang asrama anèng ing pulo upih | wus priksa pulunanipun | kabutuh sanggupira |
--- 315 ---
karya kêris dhapur sasra mring sang prabu | gung wêsi binasmi têlas | ora ana dadi kêris ||
28. kangjêng sunan wlas tumingal | ingkang putra pinardi mring sang aji | kêrigan kabutuh laku | anuli pinarpêkan | kadya thathit kangjêng sunan tindakipun | sakêdhap netra wus prapta | ing Tuban jujug jêladri ||
29. ing prênahe Supaputra | kangjêng sunan kèndêl nyampar ring wari[33] | langkung panas ingkang ranu | prabawa Supaputra | dènnya pandhe ububan gêrananipun | aparon dhadhêngkulira | supit darijinya kering ||
30. sikut kanan pukulira | gunging wêsi pinukul tanpa dadi | kangjêng sunan nuli rawuh | kang putra tinimbalan | lah Ki Ênom amêntasa saking ranu | sun arsa panggih lan sira | kagèt Supaputra mijil ||
31. sampun minggah ing dharatan | prapta ing ngarsaning uwa ngabêkti | rinangkul lungayanipun | jêng sunan angandika | ya mulane sira pandhe anèng ranu | Ki Ênom umatur nêmbah | môngsa boronga sang yogi ||
32. sadèrènge matur amba | jêng sinuwun nênggih sampun udani | angandika sang awiku | ya bênêr aturira | sira iku kaki kabutuh ing laku | nyanggupi karyaning bapa | dudu traping [tra...]
--- 316 ---
[...ping] wong kinêrig ||
33. nambungi karyaning bapa | sawêtara aja kapara ngarsi | ingsun kaki asung tuduh | wong sanggup sira tuwas | bokmanawa ana pitulung Hyang Agung | angganjar mring titahira | nrimaa panduming Widhi ||
34. ingsun kaki datan nyana | sira bisa pandhe sajroning warih | marga wikan iya ingsun | kêris nèng jro samodra | iki wêsi kodrat gêdhene saklungsu | Ki Supaputra manêmbah | anyadhong nampani wêsi ||
35. mangkana Ki Nom aturnya | dene alit punapa dados kêris | dene punika sagunung | tosan ing Majalêngka | botên wontên kang dadya kinarya dhuwung | Sunan Kali angandika | iku padha karo wukir ||
36. kang wêsi anut ing sabda | sanalika agêng saengga wukir | Supaputra kagyat dulu | asta kawratan tosan | sinèlèhkên saya wêwah agêngipun | pan anglir prabata suta | mitênggêngên Supasiwi ||
37. kawarnaa kang lumampah | Pangran Sêndhang kondur dhumatêng Tubin | nèng marga miyarsa tutur | pra êmpu Majalêngka | nambut karya pasisir lèr prênahipun | anuli Pangeran Sêndhang | nurut marga mring pasisir ||
38. wus prapta ing prênahira | dènnya pandhe êmpu ing Majapait |
--- 317 ---
pangeran sarêng andulu | marang raka jêng sunan | ri saksana majêng ngarsa awotsantun | umangsah mangaras pada | rinangkul wus kinèn linggih ||
39. jêng suhunan angandika | dene lawas jêbèng paran ing kardi | pangeran wotsêkar matur | solahing lampahira | saking purwa madya praptèng wusana wus | sang tapa aris ngandika | lah jêbèng sirantuk bathi ||
40. Pangran Sêndhang matur nêmbah | inggih darmi kawula anglampahi | saking barkah jêng sinuwun | jêng sunan malih nabda | mring Ki Ênom apan sarwi ngasta dhuwung | lah iki karyanên pola | gêdhe cilike kang kêris ||
41. Ki Ênom dangu tan ngucap | langkung èwêt dening agênging wêsi | sangêt kewranirèng kalbu | jêng sunan asung wikan | marang Supa jêbèng apa sira pandung | lah puniku putranira | Ki Ênom diwasa mangkin ||
42. Ênom iku ramanira | lah ing nguni sira angarsi-arsi | sarêng dulu kalihipun | gapyuk arêrangkulan | ingkang putra ngabêkti tansah rinangkul | ingaras êmbunanira | karweka suka tan sipi ||
43. sawusnya arêrangkulan | pangran tansah onêng marang kang siwi | sang tapa ngandika arum | lah kaki Supaputra | nuli wêsi [wê...]
--- 318 ---
[...si] saklungsu karyanên dhuwung | Ki Ênom matur sandika | wêsi sampun alit malih ||
44. manut sabdane jêng sunan | ingkang wêsi gênge saklungsu malih | sêmana ingambil gupuh | marang Ki Supaputra | nuli nêmbah nuwun amit malbèng ranu | pandhe nèng jroning samodra | datan dangu dadi kêris ||
45. sigra Supaputra mêntas | dhuwung katur dhatêng Jêng Sunan Kali | tinampan nuli dèn ukur | tinandhing Ki Sangkêlat | gêng panjange tanapi ing êlukipun | muhung kaot mawi naga | dumunung munggèng gêgandhik ||
46. kangjêng sunan angandika | kêris iki dhapure sun arani | nagasasra dhapuripun | de sira sanggup uga | karya kêris ingkang aran dhapur sèwu | kang dadi karsaning nata | iki kêris sèwu siji ||
47. amung sawiji naganya | dene dhapurira wisnu puniki | sêgarawedang ranipun | awit anggone karya | nèng sêgara apanas rasaning banyu | pantês agêming narendra | aturna marang sang aji ||
48. kang dhuwung sigra tinampan | mring Ki Ênom jêng sunan nabda malih | lah nya jêbèng ingkang dhuwung | pundhènira sangkêlat | Pangran Sêndhang manêmbah nuwun turipun | kawula ajrih nganggea | mênawi katlisut malih ||
49. kawus [ka...]
--- 319 ---
[...wus] kang sampun kêlampah | lawan malih sabda tuwan ing nguni | sangkêlat agêming ratu | mangke kula sumôngga | jêng panduka kang sampun jumênêng ratu | mêngkoni ing tanah Jawa | kangjêng sunan nabda malih ||
50. ya uwis ingsun tarima | bênêr sira tan milu darbe waris | kang wajib warising ratu | iya kang pancêr lanang | lah ta uwis sebaa mring Majalangu | sigra kondur kangjêng sunan | sakêdhap wus tan kaèksi ||
51. Pangeran Sêndhang sêksana | pêpanggihan lan êmpu nambut kardi | nèng pasisir pêpak sagung | Tumênggung Supadriya | langkung suka panggih lawan putranipun | datanapi ingkang wayah | Ki Ênom kang nambut kardi ||
52. anèng sajroning sagara | sampun dadya kang dhuwung sèwu siji | wus winartan para êmpu | sadaya sukèng driya | nuli bubar mundur marang Majalangu | ing marga datan winarna | lir sarkara lampahnèki ||
Taksih wontên sambêtipun.
--- 320 ---
Manawi dipun pirsani sagêbyaran, suraosing sêrat punika kathah ingkang sajak: anèh, mokal utawi nyalênèh. Mila kathah-kathahipun para mudha wontên ingkang lajêng anggumuni têrkadhang ngantos dumugi maibên (yak punapa inggih). Makatên wau sabab saking anggèning botên pinanggih ing nalar, kados ta: kawontênanipun widadari Dèwi Nawangwulan, ingkang lajêng botên sagêd mabur namung jalaran saking panganggenipun kapêndhêt dening Jaka Tarub, dados sok makatên punapa widadari punika namung kados pêksi kemawon, manawi dipun barundhuli êlaripun lajêng botên sagêd mabur, utawi sok makatên ingkang anggadhahi katiyasan sagêd mabur punapa panganggenipun, dados sanès katiyasaning kawidadarènipun. Mustakaning masjid ing Dêmak, kenging kagathukakên kalayan mustakaning masjid ing Ngarab. Pusaka Kyai Condhongcampur Bôndawala kalayan Kyai Sangkêlat, sarta salajêngipun ngantos oncat, lan sanès-sanèsipun.
Gumun sarta pamaibên wau pancèn inggih wontên lêrêsipun, jêr panggrayangipun namung sarana nalar utawi pikiran, rèhning babagan wau nama rungsid, mila langkung prayogi manawi karsa analusur sarana wêninging raos, kalaras ingkang ngantos cundhuk, bokmanawi mangke sagêd manggih raos ingkang marêmakên, lan lajêng ngandika: O kok iya bênêr. Lah têka samantên muluking panggalihipun para sarjana, yêyasaning saloka ngantos botên gampil ginagapan.
Ki De Bra
--- [0] ---
[Grafik]
Sang Prabu Brawijaya siniwaka, lajêng sowanipun Kyai Agêng Sela lan Adipati Bintara.
  1. swedanya. (kembali)
  2. jêtung. (kembali)
  3. pêpanggungan. (kembali)
  4. anggèr. (kembali)
  5. Majapait. (kembali)
  6. sang. (kembali)
  7. mundhut. (kembali)
  8. karsaningwang. (kembali)
  9. wastra. (kembali)
  10. angling. (kembali)
  11. èsmu. (kembali)
  12. Lebih satu suku kata: kaliru mring astanira. (kembali)
  13. sinambut. (kembali)
  14. istijratira. (kembali)
  15. Majapait. (kembali)
  16. jawat (dan di tempat lain). (kembali)
  17. rêmit. (kembali)
  18. sira. (kembali)
  19. Sêngkalan: lawang trus gunaning janma (1399 A.J.). (kembali)
  20. gawok. (kembali)
  21. Dwarawati. (kembali)
  22. anggagat. (kembali)
  23. Kurang satu suku kata: myang pangiwa kadigdayan kanuragan. (kembali)
  24. Lebih dua suku kata: nuli pêjah layon kumambang ing warih. (kembali)
  25. sênthong. (kembali)
  26. agundandapan. (kembali)
  27. botên. (kembali)
  28. Kurang satu suku kata: angling malih sang dipati. (kembali)
  29. musthikaning. (kembali)
  30. olèh. (kembali)
  31. Kurang satu suku kata: kang eyang ngandika aris. (kembali)
  32. Kurang satu suku kata: ing marga datan winarna. (kembali)
  33. warih. (kembali)
    http://www.sastra.org/kisah-cerita-dan-kronikal/32-babad/220-babad-demak-de-bra-dewabrata-1914-1295

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SEMANGAT PAGI....SUKSES Untuk SEMUA
JIKA ANDA PIKIR BISA PASTI BISA..!
Maaf apabila dalam pengambilan GAMBAR dirasa VULGAR
(Gambaran ini Hanyalah FAKTA sesuai dengan ASLINYA)
dan TIDAK Mutlak untuk diperdebatkan......................!!!
AKU CINTA NUSANTARAKU

KEBERLANGSUNGAN

Sedekah(Bisa Menunda Kematian)
KLCK aja ICON dibawah untuk Baca berita
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...