Laman

Rabu, 22 Januari 2014

Atur lan Serat Panglamar



Atur lan Serat Panglamar

Atur lan Serat Panglamar
Atur panglamar

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kula nuwun, Bapak/Kangmas/Dhimas......kekalih. Nyendikani dhawuhipun Bp/Kangmas (nuhoni keparengipun dhimas)......., mila kulo suwun ing ngarsa panjenengan, kedhawuhan:

Sepisan: ngaturaken salam taklimipun pangabektinipun katur ing panjenengan sakkulawarga, sinartan pepuji mugi panjenengan sagotrah tansah winantu ing kawilujengan tebih tulah sarik.

Kaping kalih: awit kataman ing pamothanipun putra naminipun.....anggenipun kayungyun dhateng ingkang putra naminipun....., ingkang saklajengipun dados enering ciptanipun, mila Bapak/Kangmas/Dhimas.....kekalih ambabaraken krenteking manah dhumateng panjenengan kekalih.
Ingkang punika, kabekta saking awrating tiyang anak-anak, menawi wonten sarjuning penggalih sarta sinembadan dening pangayubagyaning para waris, punapo dene tinakdir dening Gusti Allah SWT, dados jodhonipun, sarta putra panjenengan taksih lamban, dereng kagungan pacangan, dipun suwun dadosa jatukramanipun ing salami-laminipun.

Wasana panyuwunipun Bapak/Kangmas/Dhimas.....kekalih wau, mugi keparenga panjenengan tumunten paring waluyan sarta angimbangi anggenipun sumedya badhe bebesanan.

Cekap semanten atur kula, menawi wonten cicir ceweting atur satemah boten damel sarjuning manah, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr.wb.


Serat Panglamar

Serat sinartan pamuji raharja saha salam taklim kula pun..........kekalih, katur panjenenganipun Dhimas.........sekaliyan, ingkang pidalem ing kampung.........

Sesampunipun kados punika, nuwun wiyosipun, saderengipun kula ngaturaken punapa ingkang dados raosing manah kula, langkung rumiyin kula nyuwun agenging pangaksama.

Nuwun, awit saking ketaman ing pamothahipun anak kula jaler nama pun......., anggenipun kayungyun dhateng putra putri panjenengan nama pun rara........., ingkang salajengipun dados enering ciptanipun, pramila kula kamipurun ambabaraken karenteging manah kula kekalih dhateng panjenengan sekaliyan.

Ingkang punika, akbekta awrating tiyang anak-anak manawi wonten sarjuning panggalih saha sinembadan dening pangayubayanipun para waris, punapa dene tinakdir dening Alloh swt, dados jodhonipun, sarta manawi putra panjenengan taksih lamban lan dereng gadhah pacangan, kula suwun dadosa jatukramanipun anak kula pun............ing salami-laminipun.

Wasana panyuwun kula kekalih ing panjenengan sekaliyan, mugi wontena keparengipun ananggapi sarta animbangi angen kula sumedya bebesanan.

..........tgl..................


Salam taklim kula kekalih

................................


Atur lan Serat Wangsulan Panglamar
Atur Wangsulan Panglamar

Assalamu'alaikum wr. wb.

Nuwun, sakderengipun kula, minangka sesulihipun Bapak/Kangmas,..............kekalih, caos waluyan pamundhutipun Bapak...........lumantar panjenengan langkung rumiyin kula angaturaken sugeng rawuh panjenengan saha mugi keparenga lenggah prayogi sakadar kuwawi kula angaturaken palenggahan.

Nuwun, menggah keparengipun Kangmas/Bapak.......... sekaliyan angempalaken balung pisah, mundhut Besanan kaliyan kula kekalih, andadosaken bingahing manah kula kekalih, saha salajengipun mangayubagya sara amemuji widadaning sedya wau lestantun ing salami-laminipun.

Wondene keparengipun Bapak...........sekaliyan mundhut anak kula estri pun .............badhe kadadosaken jatukramanipun putranipun pun........... kula kekalih anayogyani sarta anyumanggakaken. Namung andadosna ing kawuningan, anak kula punika lare cubluk, sanget kirang ing seserapanipun.

Dene kawontenaning anak kula taksih lamban lan dereng gadhah pacangan.

Wasana mugi andadosna ing kawuningan.

Wassalamu'alaikum wr.wb.


Serat Wangsulan Panglamar

Serat rinobanpudyasruti saha salam taklim kula pun........kekalih, katur ing ngarsanipun Bapak/Kangmas............., ingkang pidalem ing........

Assalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun, awiyosipun, kula sampun nampi paring panjenengan serat katiti mangsan tanggal........ Isinipun sarta sadaya sampun kula mangertosi.

Menggah kepareng panjenengan sekaliyan angempalaken balung pisah, sumedya bebesanan kaliyan kula kekalih kanthi mundhut anak kula estri nama.........panjenengan jatukramakaken kaliyan putra panjenengan Bagus........, kulo mboten kawratan.

Mugi Gusti Alloh SWT, tansah paring tulus widadaning sedya panjenengan wau, lestantun ing salami-laminipun.
Dene kawontenaning anak kula pancen taksih lamban dereng gadhah pacangan.

Wasana mugi andadosna ing kawuningan saha kula angaturaken gunging panuwun.

............, tgl...............

Salam taklim kula kekalih

................................

TULADHA PANATACARA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SEMANGAT PAGI....SUKSES Untuk SEMUA
JIKA ANDA PIKIR BISA PASTI BISA..!
Maaf apabila dalam pengambilan GAMBAR dirasa VULGAR
(Gambaran ini Hanyalah FAKTA sesuai dengan ASLINYA)
dan TIDAK Mutlak untuk diperdebatkan......................!!!
AKU CINTA NUSANTARAKU